Menyang kontèn

Wikisastra:Tembung krama désa

Saka Wikisastra, bausastra mardika

§ 16. Kejawi ingkang kasebut ing nginggil punika wonten gegolonganing tembung ingkang kalimrah kawastanan: madya, basa kedhaton, krama-désa tuwin krama-wenang. Tembung madya ing serat punika kula lebetaken golongan: katitik pc. (krama pacelathon), basa kedhaton tuwin krama-désa kula golongaken engg. k. (enggon-enggonan krama), déné krama-wenang ingih punika tembung ingkang kénging kakramakaken kénging boten, kula susulaken ing sawingkinging tembung ingkang katerangaken sarana ciri kurung. Tembung ki ingkang namung kalimrah wonten Ngayogyakarta kula golongaken ing golongan engg. ki.

Pratélan témbung-témbung sing dianggép krama-désa kaliyan Purwadarminta 1939:

  • anglah, angleh: engg. kn: 1 krasa lara (lungkrah); 2 engg. k. lara.
  • angsul: I engg. k. pc ulih, bali. II di-[x]-[x]-i engg.kn: diwangsuli.
  • asta: 1 ki. tangan; 2 engg. k. lengen; 3 kn. tangan kang ngisor (dianggo ukuran); 4 engg. k. bau (ukuran jembar); di-[x] ki: 1 dicekel; 2 ditandangi, dicakaké.
  • bambet: engg.k. pring.
  • bambu: engg.k. pring; pukrul [x] pc: pukrul dudu weton sekolahan luhur; kc. bambon.
  • bangbet, bangbu: engg.k. pring.
  • banggi: I engg.k. baya II,IV. II engg.k.ak: béya.III engg.k: bangga.IV pinten [x] k: pirang bara.
  • bangsul: 1. engg. k. bali; 2. engg. k. balé (ambèn).
  • baten, mbaten: engg.k. ora.
  • bawinipun: engg.k. bawané;kc.bawa.
  • béja: ut. mbéjani engg.k. ngandhani (awèh weruh).
  • bénjang: engg.k. bésuk; [x] énjang engg.k: sésuk ésuk.
  • bènten: engg. k. béda.
  • bécah: engg.k. bocah.
  • bedhag: (ut. m-[x]) kn. 1 engg. ngoyak; 2 (ut.mbebedhag) mbeburu golèk kéwan (lmr. kéwan asikil papat); 3 (ut. mbebedhag) engg. buruh nggarap sawah (maro pametu); 4 (ut. mbedhag-buruh) engg.k.beburuh nyambut gawé (dadi anthèk); 5 engg.k. menang (tmr. ngabotohan); [x]-an: 1 kéwan kang dibedhag, beburon; 2 burukan (olèh-olèhané mbeburu); 3 engg. opahan, buruhan.
  • benampéyan: engg. k. kowé; kc. sampéyan.
  • bénangpéyan: engg. k. kowé; kc. sampéyan.
  • beséyos: engg.k.ak mung.
  • bintu: engg.k. biru; mbintoni engg.k: mbironi.
  • bincih: dipun-[x] engg.k. dibiri (dikebiri).
  • bingkem: dipun- [x] engg. k. dibungkem.
  • bisaos: engg. k. baé.
  • blaki: engg. k. blaka.
  • blilet: engg.k. blilu.
  • bujung: I engg. k. godhong tebu. II engg. k: buru
  • bupatos: engg. k. bupati.
  • boga: 1 (S) kw. pangan; 2 engg.k. jagung.
  • brambet: engg. k. brambang.
  • bratos: engg. k. bratu.
  • brebah: engg. k. brubuh.
  • janten: kn 1 payon éyub-éyubé prau cilik; 2 engg. k. jaro.
  • japa: kn. (engg. k. japi): donga dianggo nenambani lsp; dijapani: didongani supaya mari lsp.
  • jejer: kb 1 adeg; 2 baku, sing dadi pokok; 3 bakuning crita; 4 péranganing ukara sing dadi baku lairing gagasan; 5 lagi madeg padha rerembugan tmr. wayang; n-[x]: ngadeg jejeg; n-[x]-i: 1 engg. ngepé pari diedegaké; 2 masang ukiran; [x]-an: 1 engg. cagak, pathokan; 2 engg. pari lsp. sing isih ana ing sawah (tegal); 3 k. ukiran; 4 engg. k. landhéyan; 5 péranganing crita ing wayang miturut sing jejer; 6 engg. pawitan.
  • dhaken: dipun-[x] engg. k. didhaku.
  • dhaon: 1 engg. k. godhong; 2 engg. kn. nipah.
  • dhekeman: 1 (ut. dhekem) engg. kn. bronjong (kranjangan) diisèni watu dianggo mbendung kali, tanggul lsp; 2 engg. k. kedhelé.
  • galih: 1 kn. atèn-atèné kayu lumrahé warnané ireng; 2 ati; 3 ki. ati, pangrasaning ati; di-[x]: 1 ki. dipikir, dirembug, dikira; 2 engg. k. dituku; pang-[x] ki: ati, pamikir; di-[x] ki: dipikir, dirembug; jamu [x]-an: ar. jamuné wong wadon.
  • gandum: (Prs) kn:1 trigu, bngs. pari; 2 engg. k. jagung.
  • gangsa: I 1 kn. prunggu sing digawé gamelan; 2 k gamelan; 3 engg. k. gong; lidhah [x] kn: ilat sapi lsp. sing cringih-cringih; ng-[x]: mialani ing liyan sarana kikiran gangsa supaya aja bisa guneman. II engg. kn: banyak. III ng-[x] nggegorèng apa-apa nganggo diulet ing gula.
  • gangsal: 1 k. lima; 2 engg. k. dlima.
  • girah: engg. k. 1 gurah; 2 kumbah (wasuh).
  • gisang: engg. k. gedhang; kc. pisang, kisang.
  • githang: engg. k. gothang.
  • glega: engg. k. glugu.
  • glepang: engg. k. glepung.
  • guni: I engg. k. guna. II engg. kn. goni.
  • gunten: I engg. k. guna. II engg. k. kuli. III dipun-[x] engg. k. digolèki.
  • grama: I engg. k. geni. II ora (durung) [x]-[x] engg. durung paja-paja. III (S) kw. désa.
  • gramèn: engg. k. dagangan; gegramèn engg. k. dedagangan; kc. grami.
  • grami: engg. k. dagang.
  • grantos: engg. k. graji.
  • graos: engg. k. graji.
  • imah-imah: engg. k. pc omah-omah; kc. émah.
  • imbal: kn rangkep genténan panabuhé (saron lsp); [x] wacana ([x] pangandika) br: omong-omongan rerembugan; di-[x]-aké br: ditundhakaké (tmr. dhawuh lsp); [x]-an: 1 br. giliran, genti-gentèn; 2 engg. k. opahan; kc. émbal, timbal.
  • kambangan: engg. k.bèbèk.
  • kampil: (-an) 1 kn. kanthong cilik kang digawé méndhong dianggo wadhah dhuwit; 2 engg. k. bantal.
  • kanten: I engg. k. ak kali. II [x]-an k: karuhan.
  • kaula: engg. k. ak aku, -ku; kc. kawula.
  • kasukan: kn 1 br. seneng-seneng; 2 main kartu; 3 engg. k. ronggèng; kc. suka.
  • kawedèn: di-[x]-i n. dipunkawedosi engg. k. dipunkajrihi k. ak: diwedèni; kc. wedi.
  • kawula: kn 1 br. batur, abdi; 2 engg. k. aku, -u; 3 karèrèhan, rakyat; ngawula: ngabdi, ngèngèr; dikawulani ak: dingèngèri.
  • kelem: I kn 1 ambles ing banyu, keleban banyu; 2 ora anggrung (ora mbuwang swara), ora katon sumringah (tmr. warna). II [x]-an: 1 kn. kluwa; 2 engg. k. ketéla pendhem; 3 engg. k. baya. III kn: saèm. kendhal kang kraket ing badaning jabang bayi.
  • kempel: 1 kn. kumpul kraket (ora ajur); 2 engg. k. kumpul.
  • kidhik: engg. k. sathithik.
  • kiyambak, kiyambek: engg. k. dhéwé.
  • kilem: engg. k. turu; [x]-an engg. k: turon.
  • kimat: engg. k. kumat.
  • kimawon: engg. k. baé; kc. kémawon.
  • kirangan: engg. k. embuh.
  • kisang: engg. k. gedhang.
  • kyambak: engg. k. dhéwé.
  • klabet: I engg. k. klawu. II kn: ar. empon-empon ambuné sedhep.
  • klanangan: engg. k. palanangan.
  • klandhungan: engg. k. konthol.
  • klèmengan: engg. k. lali, kelalèn.
  • klépyan: engg. k. lali, kelalèn.
  • klépun: engg. k. klèhèn.
  • klécan: engg. k. lali, kelalèn.
  • klimengan, klimunan: engg. k. lali, kelalèn.
  • klipyan, klipcan: engg. k. lali, kelalèn.
  • kulinten: engg. k. kulina.
  • kunten: engg. k. kuli.
  • kustim: engg. k. panganggo dhines.
  • kori:. 1 engg. k. lawang; 2 (lawang [x]) kn. lawang ing régol, lawang kayu; 3 kn. ak.: punggawa pradata kang pinasrahan nekani wong kang kena prakara.
  • koten: dipun-[x]-aken engg. k. dimengkonokaké.
  • kranten: engg. k. krana.
  • labeh: engg. k. labuh.
  • labet: 1 kn. tipak, tilas; 2 engg. k. tatu; 3 labuh (jasa, panggawé becik); 4 kn. marga saka, kagawa saka; 5 engg. k. labuh (mangsa ngarepaké rendheng); 6 (jawah [x]) engg. k. udan awu; 7 engg. k. labu.
  • lajar: engg. k. luku.
  • lajeng: I k. 1 banjur, terus; 2 layu; lelajeng engg. k. lelayu. II engg. k: payu.
  • lajim: (A) engg. kn. 1 slamet, tetep lestari; 2 lebda, pinter ing; 3 lumrah ing akèh; 4 (ut. lajin) engg. k. banjur lajita (S) kw. ak: wirang, isin.
  • lalos: engg. k. lali.
  • lama: 1 kw: lawas, suwé; 2 engg. k. lawas.
  • lambat: I engg. k. lawas; [x]-laun (M) engg. pc: suwé-suwé, selot-seloté. II ma-[x] kw: miyur, manutan.
  • lantun: engg. k. 1 lari; 2 larik.
  • langkep: engg. k. genep, ganep; kc. jangkep.
  • laru: I. 1. kn. tatal nangka karo banyu enjet kacampuraké ing legèn supaya ora bisa kecut; 2. engg. k. tèh; 3. engg. k. areng. II. [x]-[x] kw: laron.
  • léngkang: engg. k. longkang.
  • lépak-lépak: engg. k. lopak-lopak.
  • lèpèn: 1 k. kali; 2 engg. k. ali-ali.
  • lèpi: kalépyan kw. 1 bingung, kuwur, lali; 2 engg. k. lali.
  • lépya, lépyan: engg. k. lali; kelépyan: kelalèn.
  • legen: engg. k. lugu (pokoking pawitan).
  • lerah: I engg. k. luru. II kw: wrata, gelar; ang-[x]: nggelar mratakaké.
  • lerak: I kn. ar. tetuwuhan wohé bunder-bunder kena dianggo ngresiki apa-apa (kaya sabun). II engg. kn: rak, planggrangan piring lsp, lereb 1 engg. k. lèrèn; 2 ki. nginep; 3 lerem, sirep, mendha; di-[x]-aké; dilèrènaké, diasokaké; 2 dileremaké, disirep.
  • leser: engg. k. bener; kc. leres.
  • limrah: engg. k. lumrah.
  • lintang: I kn. maujud ing langit ing wayah bengi katon pating kerlip; ng-[x]-i: 1 katon gebyar-gebyar kaya lintang; 2 wiwit padha awor tmr. jagung; pa-[x]-an: kawruh bab lintang. II 1 engg. k. liya; 2 engg. liwat; 3 engg. luwih; 4 engg. banjur; ka-[x](-[x]): kaluwih-luwih, banget; kc. lumintang.
  • lingsem: engg. k. isin, wirang.
  • lipya, lipca: engg. k. lali.
  • lipca: engg. k. lali.
  • lumajar: engg. k. lumayu; mlayu.
  • mahen: I k. madu; [x]-i, [x]-aken k: madoni, madokaké; kc. padu. II k. ak: madung; kc. wadung. III engg. k. madu(ning tawon).
  • madé: I engg. k. adol; kc. wadé. II kw. (engg. k): balé. III kw: tengah; kc. madya.
  • madèni: I n. madosi k. ak. nyimpen wadi; kc. wadi. II engg. k. ngedoli; kc. wadé.
  • Madunten: engg. k. Madura.
  • Majalengka: engg. k. Majapait.
  • madharan: 1 engg. k. weteng; 2 juru olah-olah (ing dalemé para luhur).
  • madhemi: engg. k. matèni; kc. padhem.
  • maènda, maèndha: engg. k. wedhus; kc. ménda.
  • maingsa, maisa: engg. k. kebo.
  • maksih: engg. k. isih.
  • Mambeng: engg. k. Malang.
  • mandosé, mandosipun: engg. k. mandèkné.
  • mantuni: engg. k. manèni; kc. wani, wantun.
  • mantos: engg. k. mangsa! (pamaido).
  • mangking: I engg. k. mengko. II ki. nyengkelit; kc. wangking.
  • mangsi: I engg. k. mangsa (mokal yèn ...). II kn: barang cuwèr mawa warna ireng lsp. dianggo nulis; di-[x] pc. ditulis lsp. nganggo mangsi.
  • marisan: engg. k. lading.
  • masi: I engg. k. masa (mokal yèn ...); kc. mangsa, mangsi. II engg: senadyan.
  • masik: engg. k. isih.
  • matosi: engg. k. matiri.
  • matros: engg. k. matri.
  • macal: (-i) engg. k. matar; kc. pacal.
  • mélai: engg. k. mulai (wiwit).
  • méndha: I engg. k. wedhus. II engg. kn. niru, ngèmperi; [x]-a engg: saupama; kc. pindha, mindha.
  • mènten: engg. k. méné.
  • mésa: engg. k. kebo; kc. maésa.
  • medosi: engg. k. medèni; kc. wedi; memedos engg. k. memedi.
  • medhak: engg. k. medhun.
  • medhek: I engg. k. medhun. II engg. kn. mara, nyedhak; kc. pedhak, pedhek.
  • mekèten: engg. k. mengkéné.
  • mekoten: engg. k. mengkono.
  • meksih: engg. k. isih.
  • Meled: engg. k. Mulud.
  • melih: engg. k. pc. manèh.
  • menanten, menantun: engg. k. menawa.
  • menilem: engg. k. nginep; kc. tilem.
  • mengkaten: engg. k. mengkana.
  • mengkèten: engg. k. mengkéné.
  • mengkin: engg. k. mengko.
  • mengkoten: engg. k. mengkono, mengkéné.
  • mesah: engg. k. mungsuh.
  • mibah: engg. k. mubah.
  • miyangga: 1 kw. ula; 2 kw. engg. kodhok; 3 engg. ar. dhemit; 4 engg. k. baya.
  • milai: engg. k. mulai.
  • milaké, milakné, milakna: engg. k. mulané.
  • milang: I n. mical k. ngétung, métung; kc. wilang. II engg. k. mulang; kc. wulang.
  • milet: I engg. k. 1 mili; 2 mèlu; 3 milih. II [x]-i kn. ak. 1 nggubedi; 2 mubad-mubed (tmr. pepadon); kc. wilet.
  • milis: engg. k. milang, kc. wilang, wilis.
  • mimpang: engg. k. menang.
  • minanten: engg. k. menawa.
  • minda: engg. k. wedhus.
  • mindha: I engg. k. wedhus. II kw. ngémba, niru, ngèmperi; kc. pindha.
  • mindhah: I engg. k. 1 misah; 2 megat; kc. pindhah. II [x]-i engg. k. milihi; kc. pindhah. III k. ngelih; kc. pindhah. IV ut. [x]-an engg. k. misan(-an). V engg. k: milih.
  • mingsa: engg. k. kebo.
  • mipakat: engg. k. mupakat.
  • misa: engg. k. kebo.
  • mlajar: engg. k. 1 mluku; 2 mlayu.
  • mlepah: I engg. k. mlupuh; kc. plupuh. II [x]-[x] kn. njejaluk ngasih-asih; kc. mlupuh.
  • mugut: 1 kn. ngethok pucuké; 2 engg. k. derep; kc. pugut.
  • mucal: engg. k. mulang; kc. wulang.
  • mucang: I engg. k. nginang. II kn. ak. kaya wit pucang.
  • monten: engg. k. 1 mori; 2 mono.
  • mrak-atos: engg. k. mrak-ati.
  • nambèni: engg. k. nambani.
  • nami: engg. k. jeneng.
  • naming, namong: engg. k. 1 mung; 2 nanging.
  • namong: engg. k. 1 mung; 2 nanging.
  • nandhes: 1 kn. nganti jero tumamané, tekan ing dhasar; 2 engg. k. entèk; kc. tandhes.
  • nangled: engg. k. 1 nagih; 2 naker; [x]-i engg. k. 1 (ut. [x]-aken) nakoni, nakokaké; 2 narungi; kc. tangled.
  • naun:. 1 kn. (lunga lsp) nganti tetaunan (suwé banget); 2 engg. k. taun; kc. taun.
  • napi: I engg. kn. napèni; kc. tapi. II engg. k. apa. III engg. nanging. IV kw. suwung (tanpa apa-apa).
  • naros: engg. k. nari.
  • nasihaken: engg. k. ngisihaké.
  • natos: engg. k. tau.
  • néyosaken: engg. k. nèjèkaké; kc. séjé.
  • némahaken: engg. k. nomahaké.
  • nénja: engg. k. nai.
  • nedhi: engg. k. 1 njaluk; 2 mangan; kc. tedha, tedhi.
  • nempak: engg. k. numpuk; kc. tumpuk.
  • nesah: engg. k. nusuh.
  • nisahi: engg. k. nusahi.
  • nletah: engg. k. nlutuh; kc. tletah, tlutuh.
  • nrami: engg. k. nrima.
  • nyalap: engg. k. nyèlèh; kc. salap.
  • nyaleki: engg. k. nyedhaki; kc. calek.
  • nyama, nyamani: engg. k. madha, madhani; kc. sama, padha.
  • nyambengi: engg. k. nyalangi; kc. cambeng.
  • nyaros: engg. k. nyari.
  • nyèben: engg. k. nyéwa.
  • nyéyosaken: engg. k. nèjèkaké; kc. séjé.
  • nyènèsaken: engg. k. nèjèkaké; kc. sènès.
  • nyebat: (-aken) engg. k. nyebut(-aké); kc. sebat, sebut.
  • nyenggatani: engg. k. nyuguh(-i); kc. senggata.
  • nyengkangaken: engg. k. nyuwengaké; kc. sengkang, suweng.
  • nyengkelang: engg. k. nyengkelit; kc. cengkelang.
  • nyewengaken: engg. k. nyuwungaké; kc. seweng, suwung
  • nyinten: engg. k. nyina
  • nyulanteni: engg. k. nyulayani.
  • nyumerapi: engg. k. nyumurupi.
  • nyogata, nyogatani: engg. k. nyuguh(i); kc. sogat.
  • ngados-ados: engg. k. ngadi-adi.
  • ngantenaken: engg. k. nyrantèkaké; kc. anten.
  • ngangken: engg. k. ngaku; kc. aku.
  • ngémbali: engg. k. ngopahi; kc. émbal.
  • ngènten: I engg. k. ngèri; kc. kèri. II [x]-i k. pc: nganakaké, nganani; kc. ènten, ana.
  • ngedhakaken: engg. k. ngudhunaké; kc. udhun.
  • ngedhangsul: engg. k. ngedhelé; kc. kedhelé.
  • ngembal: engg. k. ngembul.
  • ngilemaken: engg. k. nurokaké; kc. kilem, turu.
  • ngiletaken: engg. k. ngilèkaké; kc. ilet, ili.
  • ngimbahi: engg. k. ngumbahi; kc. kumbah.
  • ngimbar: I engg. k. ngumbar; kc. umbar. II kn. ak: nyumpah; kc. imbar.
  • ngincati: engg. k. ngoncati; kc. oncat.
  • ngipahi: I engg. k. ngopahi; kc. opah. II kn: ndokoki ipah.
  • nglajar: engg. k. ngluku.
  • nglajengi: engg. k. nglayoni; kc. klayu.
  • nglambangi: engg. k. ngijoli; kc. lambang.
  • nglantun: engg. k. nglari; kc. lari.
  • nglangkepi: engg. k. nggenepi; kc. langkep.
  • nglerah: engg. k. kuru.
  • ngleseraken: engg. k. mbeneraké; kc. leser.
  • nglintangi: engg. k. 1 ngliwati; 2 ngluwihi; kc. lintang.
  • ngucal: engg. k. 1 ngolah; 2 mulang; [x]-i engg. k: ngulati (nggolèki); kc. ucal.
  • ngocal: engg. k. ngolah; kc. olah, ocal.
  • ngranggèni: engg. k. ngranggoni.
  • ngresak: engg. k. ngrusak; kc. rusak.
  • ngriyini: engg. k. ndhisiki; kc. riyin, dhisik.
  • ngripak: engg. k. ngrupak; kc. rupak.
  • ngruhunaken: engg. k. ak. ndhisikaké; kc. ruhun.
  • ukir: I engg. k. ak gunung; kc. wukir. II di-[x](-i) kn: ditatah lsp. diwangun lung-lungan, kekembangan lsp. (tmr. kayu, gadhing lsp); [x]-an: 1 (ut. [x]-[x]-an) rerenggan kang diukir; 2 (n. jejeran k.) garan keris. III di-[x]-i pc: ora diakoni, disélaki; kc. mukir, mungkis.
  • ungsum: kn 1 lagi mangsa akèh-akèhé (wowohan, lelara lsp); 2 engg. k. taun; [x]-[x]-an: mangsan; kc. usum.
  • pajar: I (A) kn. 1 wayah bangun ésuk; 2 engg. padhang, resik; di-[x]-i engg: dipadhangi. II engg. k. kandha; dipun-[x]-i engg. k: dikandhani; dipun-[x]-aken engg. k: dikandhakaké.
  • pajar-santun: engg. k. padhang bulan.
  • pajar-surya: engg. k. padhang bulan.
  • padhem: engg. k. pati, mati; dipun-[x]-i engg. k: dipatèni.
  • pahim: engg. k. paham.
  • pakarangan: (pakawisan engg. k. ) kn. pomahan, palemahan kang dienggoni.
  • paken: engg. k. paku.
  • pakiwèn: engg. k. pakuwon.
  • paksi: I engg. k. ak. manuk. II (upaksa) kw. ak; weruh.
  • palujengan: engg. k. basuki.
  • pamindhah: engg. k. pamegat; kc. pindhah.
  • panambéyan, panampéyan: engg. k. kowé; kc. sampéyan.
  • pantos:, boten [x] engg. k. ora pati.
  • pangangsalan: engg. k. Pekalongan.
  • pangerta: engg. k. dhuwit.
  • panglangkung: engg. k. panglawé.
  • pangucalan: engg. k. pamulangan.
  • paripaos: engg. k. paribasan.
  • Pasantenan: engg. k. Pathi.
  • Pasedhahan: engg. k. Pasuruhan.
  • pasiran: 1 (endhog-) kn. (endhog-) bulus segara; 2 engg. k. gambir.
  • patikelinten: engg. k. partikelir.
  • patungkas: engg. k. piweling; kc. pitungkas.
  • patros: engg. k. patri.
  • mpéan: engg. k. 1 kowé; 2 embuh.
  • pejah-kelir: engg. k. patukelir.
  • pendhatos: engg. k. 1 cikar; 2 dhokar.
  • pendhetan: engg. k. Parakan.
  • pengker: engg. k. buri; dipun-[x]-i(-aken) k: diungkuri(-aké); ké-[x] k: kepungkur; [x]-an k: 1 pungkuran; 2 ki. geger.
  • perdunten: engg. k. perduli.
  • percados: engg. k. pracaya.
  • percadosan: engg. k. prajangjian.
  • pecal: engg. k. sawah.
  • pecil: engg. k. anak.
  • pethakan: engg. k. 1 slaka; 2 mori.
  • piyambek: engg. k. dhéwé.
  • piyanten: engg. k. piyara.
  • pikangsal: engg. k. ak. pakolèh.
  • piksa:. 1 atur [x]: awèh weruh, kandha marang; 2 engg. k. embuh.
  • pilet: engg. k. pilih.
  • piwucal: engg. k. piwulang.
  • plepah: engg. k. plupuh; kc. mlepah.
  • plesta: engg. k. rampung; kc. palastha.
  • punikaen: engg. k. ika (kaé), iku (kuwé).
  • punikien: engg. k. iki, kiyé.
  • punten: engg. k. 1 aja dadi atimu; 2 embuh; kc. apura.
  • pracados: engg. k. pracaya.
  • prèhpun: engg. k. ak. kapriyé.
  • prèpun: engg. k. ak. kapriyé.
  • prihpun: engg. k. ak. kapriyé.
  • priyat: engg. k. rampung.
  • priyos: I engg. k. mrica. II dipun-[x] engg: dipriksa.
  • primbetan: engg. k. primbon.
  • pripun: engg. k. kapriyé.
  • pros: engg. k. prasa.
  • sabeg: engg. k. wareg.
  • sakwingi: engg. k. wingi.
  • sama: engg. k. padha.
  • samak: I engg. k. klasa. II kn: 1 wlulang sing wis dimangsak; 2 wlulang tapihing layang; 3 dluwang bunteling (tapihing) layang; di-[x]: 1 dimangsak tmr. wlulang; 2 (ut. di-[x]-i) didokoki samak tmr. layang; [x]-an: 1 wis disamak (disamaki); 2 tukang gawé lapak.
  • samberan: engg. k. pitik.
  • sanagi: engg. k. sanadyan.
  • sandé: 1 k. wurung; 2 engg. k. wadé; 3 engg. k. sarung.
  • santun: k. 1 salin; 2 engg. k. sasi; 3 engg. k. gambir; 4 engg. k. sari.
  • sangga-siti: engg. k. sangga-wedhi.
  • sata: I k. tembako. II 1 kw. jago; 2 engg. k. pitik. III (S) kw: 100.
  • sawung: I 1 k. jago; 2 engg. k. pitik. II di-[x] kn: 1 dikumpulaké, dibarengaké; 2 ditata, dianggit, dikarang; 3 diwangsuli, dijawab. III di-[x] kn: dibopong tanpa emban-emban tmr. bocah cilik.
  • sawon: engg. k. salah.
  • séyos: engg. k. séjé.
  • sèmpèt: engg. kn. 1 bngs. gombal dianggo mbebuntel; 2 engg. k. jarit.
  • sènès: engg. k. 1 liya, séjé; 2 dudu; kc. sanès.
  • sedhar: engg. k. asu.
  • seg: I engg. k. lagi; kc. saweg. II engg. pc: kateranganing mati dadakan, lega banget lsp.
  • seka: I engg. pc. saka, sangka. II engg. k. suku (satengah rupiyah).
  • sekar: k. 1 kembang; 2 tembang; dipun [x] ki: dikijing; dipun-[x]-aken k: ditembangaké; [x]-an: 1 k. kembangan; 2 engg. k. kuburan; 3 ki. kijing.
  • semawon: engg. k. bok manawa.
  • sembados: engg. k. sembada.
  • sembranten: engg. k. sembrana.
  • semèngké: engg. k. seméné.
  • senaos: (a) engg. k. senadyan.
  • senasa: engg. k. senadyan.
  • sendawa: I kn. bngs. manuk sriti. II kn: 1 jasad sing digawé obat; 2 engg. k. obat.
  • sendawi: engg. k. sendawa.
  • sené: engg. k. uyuh, nguyuh.
  • senès: engg. k. 1 séjé, liya; 2 dudu; kc. sanès.
  • seni: engg. k. uyuh, nguyuh.
  • seniyèn, seniyin: engg. k. biyèn.
  • sengèn: I engg. k. biyèn. II di-[x]- engg: disrengeni.
  • senggang: 1 engg. k. sela; 2 engg. k. mayar; 3 ki. waras.
  • senggata: engg. k. suguh; kc. sugata.
  • sengiyèn: engg. k. biyèn.
  • sengkang: I 1 engg. k. suwung; 2 ki. suweng. II engg. pc: sangka.
  • sengkelang: engg. k. sengkelit.
  • sepah: I engg. k. tuwa; kc. sepuh. II kn: ampasing apa-apa sing dimamah (kinang lsp).
  • sesah: engg. k. 1 suruh; 2 susah.
  • setri: engg. k. wadon; kc. setrèn.
  • seweng: engg. k. suwung.
  • siyèn: engg. k. biyèn.
  • sikanten: engg. k. sikara.
  • silir: I engg. kn. rada njomplang nisih tmr. traju lsp. II kn: abdi-dalem sing rumeksa diyan ing kraton; di-[x](i) engg. kn: diiling(i). III kn: 1 isis marga kanginan midid; 2 rada adhem; 3 (ut. [x]-an) engg. k. angin; di-[x]-i: dikebuti amrih isis; ké-[x], ké-[x]-an: kanginan; kc. sumilir. IV engg. kn: glabat, kulit tipis.
  • sinaos: engg. k. senadyan.
  • sindhutan: engg. k. peté.
  • singèn: I engg. k. biyèn. II kn: cithakan (tmr. logam); kc. singi. III di-[x]-i engg: 1 diajak; 2 diajak guneman tmr. kéwan; kc. sèng.
  • sipeng: 1 engg. k. bengi; 2 k. nginep.
  • sisah: engg. k. susah.
  • siweg: engg. k. lagi; kc. saweg.
  • sulanten: engg. k. sulaya.
  • sumapanten, sumapawon: engg. k. sumapala.
  • sumber: i kn. belik, tuk; 2 engg. k. sumur; 3 engg. kn. lekikan ing ceniling kuping; [x]-an engg: akèh banyuné (ngetuk) tmr. sawah.
  • sumerap: engg. k. sumurup.
  • Sunten: engg. k. Sura.
  • suwaos: engg. k. suwasa.
  • sogat: engg. k. suguh.
  • srados: engg. k. sraya.
  • srentos: engg. k. srenti.
  • tambet: engg. k. tambuh.
  • tambi: I kn. oyod sing ana ing poking uwit (ora ana ing sajroning lemah wanguné njebèbèh). II engg. k. tamba; dipuntambèni engg. k. ditambani. III engg. kn. jambé.
  • tami: I engg. k. tamu (dhayoh); [x]-an engg. k. kedhayohan. II br. tama (utama). III engg. k. tama; dipuntamèkaken engg. k. ditamakaké.
  • tanos: engg. k. tani.
  • tantun: engg. k. tari.
  • tanggah: I dipun-[x]-i engg. k. ditanggih. II kw. palang, tanggulang; tumanggah. malangi, nanggulangi, nedya nglawan; di-[x]-i. dialang-alangi, dipalangi.
  • tanggi: engg. k. tangga.
  • tangled: engg. k. 1 tarung; 2 takon; 3 taun; 4 tangguh; dipun-[x] engg. k. 1 ditagih; 2 ditaker; 3 ditangguh; dipun-[x]-i engg. ditakoni; tetangledan. engg. k. tetabuhan.
  • taros: engg. k. tari.
  • tasih: engg. k. isih; kc. taksih.
  • témah: engg. k. tomah.
  • ténja: engg. k. tai; kc. tinja.
  • tebah: I (sa-[x]) kn. saambané èpèk-èpèk; tetebah, [x]-[x]. ngresiki ambèn lsp. nganggo kelud; di-[x] engg. didhodhog ing tangan sing kaegaraké; di-[x]-i. diresiki nganggo kelud lsp. II di-[x] engg. ditrajang, ditempuh. III engg. k. adoh; kc. tebih.
  • tedhan: ut. tetedhan k. 1 panganan; 2 engg. k. pakan; dipun-[x]-i k. 1 dipangani; 2 dipakani; 3 dijaluki; kc. patedhan.
  • tedhi: engg. k. pangan; dipun-[x] k. 1 dipangan; 2 dijaluk; kc. tedha.
  • tembajeng: engg. k. tembalo.
  • tempah: I kn. tuku (kulak) mbayar dhisik barangé kari, mènèhi séwan kanggo ing wektu candhaké; di-[x]-i. wis dibayari luwih dhisik. II engg. k. tempuh; di-[x]-i engg. diwènèhi pepancèn bibit pari; [x]-an engg. bibit pari sing diedum.
  • tempak: I kn. papak, ora lancip; pojok [x]. pojok sing luwih saka 90°. II engg. k. tumpuk.
  • temtu: kn. 1 mesthi; 2 wis tetep ora owah; 3 engg. k. sida; ditemtokaké. 1 ditetepaké, diajegaké; 2 dipesthèkaké.
  • teng: I engg. k. marang, menyang; kc. dhateng. II di-[x]-i pc. digawé mateng.
  • tenggak: I kn. 1 gulu; 2 angkaning taun sing puluhan; nenggak. tumenga nglangak, ndangak; panenggak. panggulu. II nenggak waspa kw. ngampet eluh, kembeng-kembeng. III engg. k. tungguk.
  • tenggi: I engg. k. tunggu. II tumenggi kn. pucuké padha nyongat munggah tmr. idep.
  • terkaos: engg. k. 1 terkadhang; 2 rekasa.
  • teruh: engg. k. 1 udan, grimis; 2 kw. oreg, gègèr; kc. tedhuh.
  • terosipun: engg. k. jaréné; kc. criyos(-ipun).
  • terwaos: engg. k. terwaca.
  • tetag: engg. k. tutug.
  • tigan: I engg. k. kinang. II k. endhog.
  • tingal: 1 ki. mata; 2 kn. enering pandeleng; malik [x] pr. 1 nyélaki kaantepané (kayakinané); 2 mari setya enggoné nyuwita; mangro [x] pr. mangro kaantepané (sesembahané, pasuwitané); tumingal kw. 1 ndeleng, nonton; 2 katon; ningali k. 1 ndeleng; 2 nonton; ke-[x] k. katon; [x]-an. 1 ki. riyaya weton; 2 (ut. tetingalan) k. tontonan; 3 engg. k. pangilon.
  • tingkas: engg. kn. 1 terang (lèrèn tmr. udan). 2 terang, mangerti; kirang [x] engg. k. kurang terang (embuh).
  • tiris: kw. krambil; [x]-an engg. k. wit krambil.
  • tletah: 1 engg. k. tlutuh; 2 reged, jenes.
  • tuni: engg. k. tuna.
  • tungkas: engg. k. weling.
  • tuwah: engg. k. tuwuh.
  • tuwé: engg. k. tilik.
  • tosan: 1 k. wesi; 2 engg. k. balung.
  • towuk: engg. k. wareg; kc. tuwuk.
  • trami: engg. k. trima (tampa).
  • traos: 1 k. trasi; 2 engg. k. traju.
  • calek: engg. k. 1 cedhak; 2 cendhak.
  • camben: engg. k. candu.
  • cambeng: engg. k. calang.
  • canès: engg. k. séjé; kc. sanès.
  • cekep: engg. k. cukup.
  • celeb: I engg. k. adhem. II dipun-[x] k: diwedel; kc. celep.
  • celek: engg. k. cedhak; kc. celak.
  • celeng: engg. k. ireng [x]-an engg. k: 1 wedelan; 2 nila; 3 cèlèng.
  • cemeng: k. (engg. n). ireng; [x]-an: 1 k. irengan (palemahan sing ora ditanduri ing sawetara mangsa); 2 engg. k. nila; 3 engg. k. wedelan; 4 pc. k. candu, tiké; 5 k. wagé.
  • cenès: engg. k. séjé; kc. sanès.
  • cerak: engg. k. cedhak.
  • cinten: engg. k. 1 cihna; 2 Cina.
  • walih: engg. k. manèh.
  • wantingan: engg. k. kendhi.
  • wantun: engg. k. wani.
  • waris: (ut. [x]-an) kn. (yèn nindakaké pagawéan lsp) tansah sempulur lan slamet; ndhugal ke-[x]-an: senadyan nindakaké sing ora becik, éwadéné tansah sarwa kebeneran. II (A) kn: 1 wong sing wenang nampani tinggalané wong sing ajal; 2 anak sing wenang nggentèni pangkaté bapakné; 3 (ut. [x]-an) barang-barang tinggalané wong ajal; di-[x]: dibagé (ditampani) tmr. barang tinggalan; di-[x]-i: diwènèhi warisan. III [x]-an engg. k. lading; kc. marisan.
  • watesan: engg. k. semangka.
  • wawi: engg. k. ayo.
  • wènten: engg. k. ana.
  • wedos: engg. k. wedi.
  • wedha: engg. k. wudhu.
  • werat: engg. k. abot.
  • wiben: engg. k. wido.
  • wilang: I di-[x] n. dipunwical k. engg: 1 diétung; 2 digolongaké, diéwokaké; [x]-an: 1 pétungan; 2 cacah. II engg. k. wulang.
  • wical: 1 k. wilang; 2 engg.k. wulang.
  • wlajar: engg. k. wluku.
  • wludung: engg. k. wluku.
  • wulan: 1 engg. rembulan; 2 engg. k. rembulan; 3 k. sasi; 4 engg. k. tanggal.
  • wusanten: engg. k. wusana.
  • wohan: engg. k. jambé; pawohan: wadhah kinang; kc. woh.
  • wondènten: engg. k. ana déné.