Wiktionary:Bausastra Poerwadarminta

Saka Wiktionary, bausastra mardika
Menyang navigasi Menyang panggolèkan

BAOESASTRA DJAWA

INGKANG NGIMPUN W. J. S. POERWADARMINTA KABANTU C. S. HARDJASOEDARMA J. CHR. POEJASOEDIRO

INGKANG KANGGE ANCER-ANCER SERAT BAOESASTRA DJAWI = WLANDI KARANGANIPUN DR. TH. PIGEAUD ING NGAYOGYAKARTA

f 7,50

KAECAP ING PANGECAPAN J. B. WOLTERS' UITGEVERS = MAATSCHAPPAIJ N.V. GRONINGEN, BATAVIA, 1939 scottweg 5

PURWAKA[besut]

Sêrat Bausastra Jawi sampun sawatawis dangu sami kabêtahakên ingakathah, langkung-langkung para guru ing pamulangan ingkang sami nindakakên ayahan nyêrêp-nyêrêpakên lênggah-sèlèhing têtêmbungan tuwin basa Jawi dhatêng momonganipun. Ngèngêti kabêtahaning ngakathah wau, punapa dene margi saking kêdêrêng ing sêkunging manah badhe tumut urun-urun mêpakakên prabot pamarsudining basa Jawi, botên ketang rêkaos dening sarwa cupêt ing samudayanipun, kula kamipurun kumlancang ngrumiyini para paramèng basa ndhapuk sêrat bausastra Jawi alit-alitan, kalampahan sagêd kalêksanan, nuwun inggih kados makatên punika wujudipun. Sêrat punika mligi namung kangge tambêl bêtah utawi namung trimah lowung, têbih saking ingkang nama utami utawi ingkang nama sampurna; wontênipun kawêdalakên awit saking pangraos kula ing jaman samangke para guru ing pamulangan tuwin para rêmên maos sêrat-sêrat Jawi pancèn bêtah gadhah cêpêngan sêrat ingkang kados makatên punika. Sêrat bausastra punika kenging kula wastani utawi prayogi kaanggêpa kados dene cêngkorongan utawi ancêr-ancêr kemawon, bok manawi ing têmbe wingking manawi sêsêrapan basa tuwin kasusastran Jawi sagêd ngrêmbaka papak kalihan sêsêrêpan basa tuwin kasusastran ngamanca ingkang sampun sinêbut muluk, mêsthi badhe wontên sêrat bausastra ingkang langkung rowa tuwin langkung sampurna tinimbang sêrat punika.

Inggih kados punika kemawon wujudipun, sêrat bausastra makatên sabotên-botênipun mêksa inggih kalêbêt ing gêgêbênganing sêrat ingkang marsitakakên kawruh. Ingkang punika salêbêtipun nggarap dhêdhapukaning sêrat punika, ahli basa Jawi, botên kêndhat kula nyuwun wêwêngan sêsuluh dhatêng para sagêd tuwin para ahli basa Jawi, jêr ing saèstunipun taksih nama kêtêmbèn tumrap sakula ngayati pakaryan ingkang sakalangkung wigatos makatên.

Botên kêsupèn kula ngaturakên gênging panuwun kula dhatêng panjênênganipun tuwan Dr. L. C. Cock (samangke ngasta H.I.K.ing Munthilan), ingkang sampun kêsdu paring iguh rêmbag tuwin pratikêl warni-warni. Nama kalêrêsan sangêt, dene anggèn kula ndhapuk sêrat punika lajêng kawuningan ing panjênênganipun tuwan Dr. Th. Pigeaud, inggih punika priyantun nagari ingkang tinanggênah marsudi kawruh basa pribumi. Panjênênganipun kula suwuni pitulungan inggih mulung dhangan paring pitêdah tuwin pamrayogi warni-warni ingkang tanpa upami gênging paedahipun sarta sakalangkung mikantuki tumraping garapan kula punika.

Kalampahan ing taun 1930 garapan kula ingkang sapalih (A-L) sagêd kababar kawêdalakên ing pakêmpalan mardi-basa "Triwikrama" ing Ngayogyakarta. Wêdalipun sêrat bausastra wau nyata dipun gatosakên ingakathah, namung wontên kuciwanipun sakêdhik, dene sêrat wau botên kajangkêpakên babar pisan, njalari cuwanipun ingkang sami ngagêm. Kala sêmantên kula ugi ngaturakên conto dhatêng Handleidings-Commissie ing Bêtawi ingkang dipun sêsêpuhi panjênênganipun tuwan H. Boswinkel. Sasampunipun kapriksa ing sapêrlunipun, têmahan inggih lajêng karsa paring wêwêngan warni-warni ingkang amurih sae lan prayoginipun, punapa dene murih saya murakabi ingakathah. Sêrat bausastra ingkang sampun dados tuwin ingkang taksih awujud rèngrèngan lajêng kaêdum-êdum wradin kasuwunakên rêmbag tuwin kasêmantakakên dhatêng para guru Jawi ing pamulangan lajênganipun pamulangan andhap (Kweek school, Mulo, Normaalschool) tuwin dhatêng para êmpuning basa Jawi sanèsipun. Paringipun rêmbag centhangan, wêwahan, ewah-ewahan, bêsutan, saèstu sakalangkung marêmakên.

Sampun sami kawuningan, bilih ngêdalakên sêrat bausastra makatên botên sakêdhik wragadipun. Pramila nama bêgja sangêt, dene pirmah J.B. Wolters purun ngêcap lan ngêdalakên sêrat punika, inggih punika ingkang dados marginipun sêrat punika sagêd kaêcap tuwin kababar kalayan sae panggarapipun, punapa dene sagêd gumêlar dhatêng pundi-pundi dados cêcêpênganipun para guru tuwin para rêmên maos sêrat-sêrat Jawi. Sampun nama samêsthinipun yèn ta kula sami ngaturakên gênging panuwun kula dhatêng para pangurusing pirmah kasêbut.

Ing sarèhning sêrat punika mligi namung kangge gêgaran utawi cêpêngan ingkang adhakan, pramila ing sasagêd-sagêd katata kadamêl sarwa ringkês lan gampil panganggènipun. Makatên ugi caraning anggènipun nêrangakên têmbung-têmbung inggih kadamêl sarwa prasaja, botên sacara kasarjanan mawi nglari aslining têgês utawi nlusur asaling têmbung, kalimbang-limbang kalihan basa sanèsipun ingkang tunggil pancêr sasaminipun, jêr katêrangan ingkang klorèhan makatên saèstu botên mapan yèn kaêwrata wontên ing sêrat bausastra alit-alitan utawi bausastra cêcêpêngan padintênan kados sêrat punika. Mênggah ing bab dhapukan tuwin katêrangan sanès-sanèsipun kaparênga mriksani ing bêbukaning sêrat punika.

Ing wusana botên langkung kula ambali malih, sangêt gênging panuwun kula dhatêng para sagêd tuwin sadaya kemawon ingkang sampun paring pitulungan tuwin rêrigên ingkang tanpa upami gênging pigunanipun. Dene manawi taksih wontên ingkang kêkirangan tuwin galap gangsulipun, wontêna sihipun para kawogan paring susuluh, saèstu badhe kula tampi kalayan sangêt gênging panuwun.

Kasêrat ing Tokyo, 24 Februari 1937.

Nuwun, W.J.S. POERWADARMINTA.

SOROGAN CETAKAN[besut]

  • (A).: Arab
  • ak.: arang kanggone (mriksanana § 15).
  • ar.: araning.
  • bngs.: bangsaning.
  • br.: basa rinêngga (mriksanana § 15)
  • cs.: candra-sangkala.
  • êngg.: ênggon-ênggonan (mriksanana § 15).
  • ent.: entar.
  • jk.: Jawa-Kuna (mriksanana § 15).
  • k.: krama.
  • kb.: kosok-baline.
  • ki.: krama-inggil.
  • kyt.: kaya ta.
  • kn.: krama-ngoko.
  • ks.: kasar.
  • kc.: kacocogna karo.
  • kw.: kawi.
  • lmr.: lumrahe.
  • lsp.: lan sapanunggalane.
  • (M).: Mlayu.
  • n.: ngoko.
  • pr.: paribasan (bêbasan, saloka).
  • (Prs).: Pèrsi.
  • (Prt).: Portêgis).
  • pc.: pacêlathon.
  • (S).: Sangsêkarta.
  • saèm.: saèmpêr karo.
  • (T).: Tyonghwa
  • tmr.: (luwih-luwih) tumrap ing.
  • up.: upama.
  • ut.: utawa.
  • (W).: Wlanda.
  • ws.: wangsalan.
  • wc.: wancahan.

TÊTÊNGÊR[besut]

[x] minangka gêgêntosipun têmbung baku, inggih punika têmbung lingga utawi andhahan ingkang dados lajêr katêrangakên têgêsipun, upami: andhahan ingkang dados lajêr katerangakên têgêsipun, upami: (gayuh), têmbung baku, andhahanipun: ng-[x], di-[x], ng-[x]- [x], [x]-an punika wêtahipun: nggayuh, digayuh, nggayuh-gayuh, gayuhan.

( ) kurung punika tumrap ing têmbung baku mratelakakên bilih têmbung ingkang kakurung wau botên nate utawi awis sangêt kangge madêg piyambak, ingkang kangge namung andhahanipun. Dene manawi kaêtrap ing sawingkinging têmbung utawi ing katêrangan kangge njangkêpi katêrangan mratelakakên sami lsp.

BEBUKA[besut]

KATÊRANGAN SAWATAWIS[besut]

Sêratan

§ 1. Urut-urutaning aksara utawi alpabèt ing sêrat punika botên kalugokakên kados alpabèt aksara Latin, ing sawatawis radi kalarasakên kalihan kawontênanipun pakêcapan Jawi, inggih punika kadamêl urut makatên:

a - b - ch - d - j - dh - e(è) - e - (f) - g - h - i - y - k - l - m - n - ny - ng - u - o - p - r - s - t - c - th - w - z

Katrangan:

Ejaan Lama: a - b - ch - d - dj - dh - e(è) - e - (f) - g - h - i - j - k - l - m - n - nj - ng - oe - o - p - r - s - t - tj - th - w - z

Sing ora ana: q - v - x

§ 2. Aksara ch, f, z kalêbêt awis sangêt kangge wontên ing sêsêratan, ingkang limrah kasêrat miturut kêdaling pakêcapan Jawi. Ingkang punika manawi mrêgoki têmbung ingkang asêsirah aksara wau, mangka dipun padosi ing bawah aksara riku botên pinanggih, punika dipun padosi ing golongan aksara sanèsipun, inggih punika ingkang asêsirah ch dipun padosi ing golongan k utawi h, aksara f ing golongan p, dene aksara z ing golongan j utawi s.

§ 3. Manawi ngupadosi têmbung Jawi ingkang kasêrat jng aksara Jawi asêsirah aksara (Huruf Jawa: ha.), manawi swaranipun antêb (wêtah) dipun padosi ing bawah aksara h. dene ingkang pakêcapanipun ampang inggih punika ingkang sami kalihan aksara swara, punika sami kalêbêtakên ing bawah aksara swara: a, e (è), ê, i, u, o.

§ 4. Sampun sami kawuningan, bilih wêwaton panyêratipun têmbung Jawi mawi aksara Latin punika ing sawatawis radi beda kalihan ingkang mawi aksara Jawi, ingkang punika manawi badhe ngupadosi têmbung ingkang pinanggih ing sêrat-sêrat ingkang kasêrat ing aksara Jawi, bab gèsèhing wêwaton wau ugi pêrlu dipun èngêti. Makatên ugi ing sêrat-sêrat (aksara Jawi utawi Latin) asring wontên têmbung ingkang panyêratipun beda kalihan paginêman utawi nyimpang saking wêwatoning panyêrat, kabêkta saking kumêdah ngoyak guru wilangan utawi namung kangge èdèn-èdèn pêpacakaning basa. Kangge nggampilakên anggènipun ngupadosi têmbung ingkang kados makatên wau, pêrlu kula ngaturakên ancêr-ancêr sawatawis, kados ing ngandhap punika:

§ 5. Têmbung ingkang asêsirah wanda panjing (Huruf Jawa: pasangan la.) (-l-) utawi karakêtan sandhangan cakra (-r-) kêrêp dipun ulur dados tigang wanda, asêsirah wanda swara -a (ing paginêman -ê utawi wontên ingkang dados -u), kadosta: talaga, balumbang, baliwur, balêbêr, daluwang, barubah, saranta, garegah lsp. Têmbung-têmbung ingkang kados ingkang kasêbut makatên punika prayogi lajêng kapadosan ing bawah panjing (Huruf Jawa: pasangan la.) utawi cakran kemawon, inggih punika ing têmbung: tlaga, blumbang, bliwur, blêbêr, dluwang, brubah, sranta, gregah lsp.

§ 6. Têmbung ingkang angsal sêsêlan: -(a)l utawi -êl-, -(a)r- utawi -êr-, wontên ing sêrat-sêrat kêrêp kalugokakên miturut pangrimbagipun dados têmbung tigang wanda kados ingkang kasêbut ing § 5. Têmbung ingkang kados makatên punika inggih lajêng dipun padosi ing bawah panjing (Huruf Jawa: pasangan la.) utawi cakran kemawon, upaminipun: galêbyar, kalêpyur, garobyag, garopyak lsp. dipun padosi ing: glêbyar, klêpyur, grobyag, gropyak lsp. Dene ingkang lingganipun apurwa wanda pêpêt (-ê) lajêng angsal sêsêlan -r-, punika dipun padosi ing bawah: -rê-(kêrêt) utawi ing -êr (pêpêt layar).

§ 7. Têmbung-têmbung ingkang kina-kinanipun karimbag sarana atêr-atêr: ba-, bar-, dar-, jar-, ga-, ma-, mar-, pa-, par-, tar-, car-, prayogi dipun padosi ing têmbung baku ingkang asêsirah: bê-, bêr- (ut. brê-), dêr- (ut. rê-), jêr-, (ut. jrê), gê-. mê- mêr-, (ut. mrê-), pê-, pêr- (ut. prê-), jêr-, cêr-.

§ 8. Têmbung-têmbung tigang wanda ingkang asêsirah wanda aswara -a punika limrahipun ing paginêman sami kaucapakên -ê, kadosta: sagara (sêgara), nagara (nêgara), warata (wêrata) lsp. têmbung-têmbung ingkang makatên sami kalêbêtakên kalih-kalihipun pisan, namung ingkang lajêr kasêbutakên ing bawah -a.

Bab pasang-rakitipun bausastra punika.

§ 9. Tatanan urut-urutanipun têmbung baku, inggih punika têmbung ingkang badhe katêrangakên têgêsipun kapêndhêt saking lingganipun. Têmbung lingga wau ing sawatawis wontên ingkang botên nate kangge, liripun ingkang kangge namung andhahanipun; têmbung lingga ingkang makatên punika sami dipun cirèni ing kurung, kadosta: (jupuk), (gawa) lsp.

§ 10. Sanadyan pokokipun ingkang kangge têmbung baku wau lingganing têmbung, ewa makatên murih nggampilakên anggènipun ngupadosi, têmbung andhahan ingkang sampun madêg piyambak utawi ingkang radi pakèwêd anggènipun madosi lingganipun, sami kapacak kadadosakên têmbung baku mawi katêrangan asaling lingganipun. Ing ngandhap punika pêprincènipun têmbung andhahan ingkang sami kadadosakên têmbung baku.

  1. a-, ma- kadosta: adu, adus, akon, mabyur, mawur lsp.
  2. ang-, mang-, kados ta: andon, anglèr, manglung, manglèng lsp.
  3. têmbung tanduk ingkang purwaning lingganipun luluh kalihan atêr-atêripun anuswara (m-, n-, ny-, ng-) kadosta: mapag, malang, nêmbung, nêmbah, nyatur, nyadran, nganggur, ngarang lsp. Têmbung ingkang makatên punika katêranganipun kadamêl ringkês, rowanipun pariksanana ing têmbung baku, inggih punika lingganipun têmbung wau.
  4. sa- (sê-), pa- (pê-), pi-, pra-, pri-, kami-, kapi-, kuma-, kados upaminipun: saiki, somah, palaku, potang, piwulang, pralambang, pribumi, kamituwa, kapilare, kumawani lsp.
  5. ka- (-an) ingkang dede tanggap, kê- (-an), pa (anuswara), inggih sami kadadosakên têmbung baku, kadosta: kawruh, kêtêmu, konangan, pangon, panon lsp.
  6. sêsêlan -um- (-êm-) ingkang saking lingga apurwa: aksara swara, w, p. b, tuwin ingkang sampun madêg piyambak kadosta: mujur, mundur, mati, mingsêd, gumagus, kumaki lsp.
  7. sêsêlan -in- ingkang madêg dados kados têmbung aran utawi ingkang ngêmu têgês dede tanggap salugu, kadosta: sinatriya, sinuhun lsp.
  8. Têmbung camboran ingkang sampun bawa piyambak, inggih sami kapiyambakakên madêg dados têmbung baku, kadosta: gula-wênthah, bala-pêcah lsp.

§ 11. Têmbung andhahan ingkang kalêbêtakên ing kasusastran punika ngêmungakên ingkang sampun kalimrah ingakathah utawi ingkang pancèn pantês dipun têrangakên têgêsipun, amargi manawi andhahaning têmbung sêdaya dipun wrat badhe kalorèhên tur sakêdhik gina-paedahipun. Sok ugi sampun mangêrtos têgêsing lingganipun, andhahan sanèsipun gampil dipun suraos sarana ngèngêti wêwaton têgêsing rimbag ing paramasastra.

§ 12. Amurih ringkêsipun, sadaya têmbung baku (awujud têmbung lingga utawi andhahan) manawi karimbag malih utawi kangge ing bêbasan lsp. namung dipun ringkês sarana ginantosan ing têtêngêr: [x]: dene manawi margi rêrimbagan wau lajêng ewah wujudipun (swaranipun), murih botên ndadosakên sêling surub sami kasêrat wêtah.

§ 13. Miturut panganggenipun wontên ing ukara, têmbung satêmbung punika kêrêp mêngku têgês kalih utawi langkung. Pilah-pilahing têgês wau wontên ing sêrat punika ing sasagêd-sagêd dipun silah-silahakên sarana nitik asli, golongan tuwin suraosipun. Manawi suraosipun botên gêgandhèngan, sami kasilah sarana angka Rum, dene manawi suraosipun gêgandhèngan kasilahakên sarana angka Arab. Mênggah pêpilahaning têgês ingkang gêgandhèngan wau, ingkang karumiyinakên têgês ingkang baku utawi têgês ingkang pokok, dene sanèsipun têgês ingkang entar utawi sambutan.

Bab asli tuwin gêgolonganing têmbung.

§ 14. Bab katêrangan aslining têmbung inggih punika: (A) Arab. (M) Mlayu, (Prs).Pèrsi, (Prt) Portêgis, (S) Sangsêkêrta, (T) Tyonghwa, (W) Wlanda, punika mligi namung kangge ancêr-ancêr kemawon. Pramila botên katêrangakên kados pundi ungêlipun utawi têgêsipun ingkang sakawit, jêr katêrangan ingkang rowa makatên pantêsipun dipun êwrat wontên ing sêrat bausastra ingkang langkung agêng. Têmbung ngamanca wau dadosipun têmbung Jawi kathah ingkang ewah têgêsipun, malah wontên ugi ingkang têbih sangêt kalihan têgês ingkang sakawit, punapa dene wontên ing basa Jawi, wontên ingkang dados têmbung kawi, krama, krama inggil, ênggèn-ênggènan lsp. Mênggah katêranganing têgêsipun têmbung ngamanca wau ngêmungakên miturut sasampunipun dados têmbung Jawi. Dados botên kumêdah ngrêsikakên utawi nggondhèli têgêsipun ingkang sakawit. Têmbung ingkang aslinipun pancèn saking ngamanca, nanging sampun luluh sangêt kalihan basa Jawi ngantos dados têmbung jawi dêlês. Sami botên kadèkèkan ciri katêrangan, kados upaminipun têmbung: sêkolah, griya, rêdi, bumi, putra, swarga lsp.

§ 15. Wondene katêrangan ingkang mratelakakên gêgolonganing têmbung-têmbung kangge gampil-gampilan kenging kapilah dados kalih warni, inggih punika: miturut jinisipun (kawontênanipun) kalihan miturut unggah-ungguhipun.

Katêrangan golonganing têmbung ingkang miturut jinisipun:

  1. ah (arang kanggone) punika mratelakakên bilih têmbung wau sampun pêjah (botên njaman) utawi sampun awis sangêt kêsrambah wontên ing pasrawungan jaman samangke, kêjawi wontên kalangan kasêpuhan.
  2. br. (basa rinêngga) punika salugunipun namung têmbung limrah, nanging margi kaewahan swaranipun utawi rêrimbaganipun utawi traping panganggenipun lajêng namung dados têmbung pacakan wontên ing karangan-karangan, botên limrah kangge wontên ing paginêman utawi sêrat-sêrat limrah.
  3. jk. (Jawa-Kuna) inggih punika têmbung-têmbung Jawi ingkang pinanggih wontên ing sêrat-sêrat kina. Rèhne têmbung jk. punika ingkang limrah lajêng dados têmbung kawi utawi kw. ak (kawi arang kanggone), mila katêrangan jk.-wau namung katumrapakên ing têmbung-têmbung sawatawis ingkang limrahipun botên kalêbêt ing jinis têmbung kawi.
  4. êngg. (ênggon-ênggonan) inggih punika têmbung-têmbung ingkang botên mratah utawi ingkang botên kalêbêt ing gêgêbênganing basa Jawi ingkang kangge wêwaton (basa Surakarta), dados kanggenipun namung wontên ing salah satunggaling panggènan kemawon.
  5. kw. (kawi) inggih punika têmbung-têmbung ingkang kangge wontên ing babaraning kapujanggan Jawi (sêrat-sêrat, sêkar, padhalangan lsp), botên nate kangge wontên ing basa padintênan. Dene ingkang dipun cirèni kw. ak. punika têmbung kawi ingkang sampun awis kangge wontên ing karangan kapujanggan jaman samangke pinanggihipun namung wontên ing sêrat-sêrat ingkang sêpuh-sêpuh.
  6. pc. (pacêlathon) inggih punika têmbung-têmbung ingkang limrahipun namung kangge wontên ing paginêman, yèn kangge wontên ing sêrartan inggih ing karangan ingkang basanipun kados basa paginêman. Têmbung pc. punika kathah ugi ingkang wujud têmbung wancahan (wc), sêmbranan lsp. Sarta kathah ingkang gêsangipun namung mangsan. Liripun namung sawatawis taun lajêng ical tanpa lari. Têmbung-têmbung ingkang kacirènan ks. (kasar) punika limrahipun ugi namung ing paginêman.
  7. wc (wancahan) inggih punika têmbung cêkakan utawi cêngkiwingan punika ingkang kathah kalêbêt ing jinis pc.

Katêrangan golonganing têmbung ingkang miturut unggah-ungguhipun, inggih punika: k. (krama), ki. (krama-inggil), kn. (krama-ngoko), n.(ngoko), prakawis punika kados botên pêrlu kula aturakên silah-silahipun.

§ 16. Kêjawi ingkang kasêbut ing nginggil punika wontên gêgolonganing têmbung ingkang kalimrah kawastanan: madya, basa kêdhaton, krama-desa tuwin krama-wênang. Têmbung madya ing sêrat punika kula lêbêtakên golongan: katitik pc. (krama pacêlathon), basa kêdhaton tuwin krama-desa kula golongakên êngg. k. (ênggon-ênggonan krama), dene krama-wênang ingih punika têmbung ingkang kenging kakramakakên kenging botên, kula susulakên ing sawingkinging têmbung ingkang katêrangakên sarana ciri kurung. Têmbung ki ingkang namung kalimrah wontên Ngayogyakarta kula golongakên ing golongan êngg. ki.

§ 17. Kangge ngirid papan têmbung ingkang wontên kramanipun utawi wontên krama-inggilipun namung kula sêbutakên sapisan wontên ing ngajêngan, lajêng andhahanipun botên kula wangsuli malih, punika nêrangakên bilih andhahanipun wau inggih kakramakakên utawu kakramakakên inggil kados têmbung baku, dene ingkang nyêbal sami kula wêwahi krama utawi krama-inggilipun.

§ 18. Katêrangan kn. punika mligi namung tumrap ing têmbungipun baku, dados yèn wontên atêr-atêripun utawi panambangipun ingkang kenging kakramakakên punika botên atêgês inggih katut ing katêrangan kn wau, upami: (tapuk) di-[x] -ake kn: ... punika kajêngipun ingkang kn punika namung têmbungipun tapuk, dados di-, kalihan -ake manawi kangge ing basa krama inggih kêdah kakramakakên dados: dipun kalihan -akên. Makatên ugi manawi ingkang kangge têmbung baku wau têmbung andhahan, upaminipun: nyalahake kn: ... punika manawi kangge ing basa krama -ake wau inggih dipun kramakakên.