Wikisastra:Dasanama
Dasanama utama Cacah Nama, kapratélakaken namanipun satunggal-tunggal kang gumelar wonten ing jagad, utawi namanipun ingkang wonten salebeting badan sajawining badan, kapratélakaken kados ing ngandhap punika warninipun sadaya.
Dasanama manungsa
[besut]- Namaning tiyang: janmi | janma | jalma | jana | nara | manusa | wang | wyang | uwong.
- Dasanamaning tiyang: janma | janmi | jalma | nara | manungsa | wong.
- wong: tegesipun jejeneng, mong-mongan.
- janma: tegesipun kasandhangan urip.
- janmi: tegesipun kadunungan urip.
- sujanma: tegesipun langkung manggèn.
- sujanmi: tegesipun langkung manggèn.
- nara: tegesipun setata.
- jalma: tegesipun asaling cahya.
- jana: tegesipun sedheng, tengah.
- manusa: tegesipun pepijèning rahsa.
- tiyang: tegesipun pangadeg.
- manuja: tegesipun kaananing rahsa.
- manungsa: tegesipun langkung piniji.
- jalmi: tegesipun asaling rahsa.
- manuswa: tegesipun linuwih ing bumi.
- manuwya: tegesipun tinuwa-tuwa.
- jama: tegesipun enggon-enggonan.
- jami: tegesipun tunggal wujud.
- manusiya: tegesipun raket kinasih.
- wang: tegesipun lepas.
- wanggana: tegesipun jumeneng kawasa.
- wong. Tegesipun awak, kajengipun kalowong.
- nara. Tegesipun landhep, purba saking tembung: sara.
- jana. Tegesipun sugih pananya, utawi dumunung.
- janma. Tegesipun tedhaking jan, utawi dumunung lewih.
- manusa. Tegesipun pepijèning rahsa, wijangipun manu: mani, sa: sawiji.
- tiyang. Tegesipun warananing déwa, utawi jejer.
- janmi. Tegesipun dumunung ing bumi.
- manusiha. Tegesipun musthikaning banyu, aggènipun winardèn makaten punika, déné manusa asal saking kanyatahaning banyu.
- Dasanamaning tiyang miskin: mudra | sudra | kekérwa | mamwinlaka | prmana | mariminta | nisthaka | memasiha | papwéka | mismisa | druhaka | papa.
- Dasanamaning tiyang mlarat: sangrara | citraka | nisdana | nirarta | tampunya | masreda | mlasika | mawilasa | repwata.
- Dasanamaning tiyang sugih: supunya | sudana | suharta | sukarta | drebala | grebarta | martaka | mardika | danèswara | martana | mardana.
- Dasanamaning tiyang singgih: iswara | kuncara | kapama | prawara | janardana | dinama-dama | prayayi | wibawa | wirya | tiyasa | wandhawa.
- Dasanamaning talèdhèk: tandhek | tandhak | lénggot bawa | anggatura | masisringa | mikanyaka.
- Dasanamaning badhut: gecula | lunyat | macara-cara | menthurang | guyeng | gecul | lucwan | lalawora | menculan | madrengès | maturacara | glègès | gulang-gulang.
- Dasanamaning bangsat: getho | bradhat | kemplèk | mtayap | manbrat | wangsat | mandurat | culika.
- Dasanamaning bangsat èstri: thuyul | jmigul | manylera | durtastri | lanji | mlatah | gladrah.
- Dasanamaning èstri awon solah: sembèr | lèwèr | semprèl | kopmèl | mènthèl | conal | uwèg-uwèg | magondrok | duskarta.
- Dasanamaning oblo: sundel | jaliri | glodrèh | lènjèh | lanjika | sontrang | lonthé.
- Dasanamaning maling: duratmaka | durjana | durlaksana | pandung | ratrika | mandingkika | minté-inté | durangga.
- Dasanamaning patrap saé: susila | sulaksana | subawa | sucara | sucala | sunada | sujihwa.
- Dasanamaning warni saé: suwanda | suwarna | surupa | sutanggaya.
- Dasanamaning trah linuwih: sujita | subraya | sudhangsa | suwrega | sutdhaka.
- Dasanamaning temen: yekti | tuhu | byakta | satya.
- Dasanamaning goroh: linyok | dora | dyustaka | durta | cétuhwa | nisatya | tambyakta.
- Dasanamaning cacad: céda | cédaka | wéda | wédaka | méda | médaka | cèd | cadcad.
- Dasanamaning angawoni tiyang: maéka | misaya | inupaya | piniala | pinarantèn | igupadi.
- Dasanamaning mirantosi saé: nyaranani | miguna | mikena | miknani | masarati | manikara.
- Dasanamaning tiyang angèngèr: suwita | suhita | ngawula | ngamba | madasih | ngengéra | ngabdi | makathik | makparek | mangutika | mawanga.
- Dasanamaning kacelakaken ing Gusti: parek | piniji | pinitaya | kapiji | sinelir | kasarira | kawarga | kaparek | kapilih | kapedhak.
- Dasanamaning boten angsal sih: katiwar | kasingsal | kaèsi | binéda | kadinoh | kasimpar | tinimpar.
- Dasanamaning tiyang angsal duka: binendon | dinuhkan | sinerengan | rinuntikan | rinengon | inujaran.
- Dasanamaning nepsu: bramatya | bendu | rengu | krodha | mangkrak | duka.
- Dasanamaning nepsu: bramatya | duhka | gadgada | madegsura.
- Dasanamaning kagèt ing duka: kabangan | menpeng karna | kagyat | mawinga-winga | madegsura.
- Dasanamaning sarèh ing duka: lilih | lelah | sarônta | rèrèh.
- Dasanamaning amisuwur: kasusra | kaloka | kuncara | kabawa | kalok | kacarita | kawursita.
- Dasanamaning manah alim: paramarta | sadu | sadubudya | sumarta | martaka | susanta.
- Dasanamaning angapura: mangaksama | inamura | inaksama | minarma.
- Dasanamaning sumelang: wancak driya | walang-ati | sadéya | tahandriya | taha-taha | walang-driya.
- Dasanamaning pakéwuh: wèsthi | bebaya | pringga | pakèwed.
- Dasanamaning remen: karenan | cita | dhmen | sneng | kaasih.
- Dasanamaning kangen: oneng | karsita | kaarsita | kadriya.
- Dasanamaning susah: sungkawa | sokaya | renteng | ribeng | hredaya | duhkita | sangsaya.
- Dasanamaning susah: sungkawa | duhkita | hredaya | rudita | rudatin | sekel | prihatin | kinkin | renteng.
- Dasanamaning bingah: suka | trustha | arsa | kaarsan | bunghah | sukika | anggambira tyas.
- Punika dasanama swaraning angguyu: sumyak | giyak | mangikika | ckakak | maguguk | makruwuk | magruyuk | masenggak | malatah | marnyah | mangèkèk | magwèk.
- Dasanamaning anangis: karuna | mular | tanghis | drawaya | drawat waspaya | muhun | manenggreg.
- Punika dasanama sambating tangis: maringik-ringik | ngaruara | ngucap-ucap | sesambwat | mladati | mlantik | mlasasita.
- Dasanamaning nulung tangis: ngrerapu | nglelipur | ngimur-imur | manghneng-hneng | mangrapu | ngarih-arih.
- Dasanamaning mamrih sihing pawèstri: ngrumrum | ngungrum | manuhara | rinemih | memalad | malad-sih | malad-driya | mamèt prana | manadokara.
- Dasanamaning ameksa: wirudha | rudapaksa | srenggara | goragadha | nrenggara | bandawasa | gigirwa.
- Dasanamaning kaleson: kaleswan | kaluluhan | karepwatan | kalaratan | katresan | marlupa | nirbudyaka | kalarutan | kantu.
- Dasanamaning kaemban: sinambut | pinondhong | sinumbita | inojong | inemban.
- Dasanamaning pinilara: ginitik | pinukul | winisésa | siniasat | siniksa | pinidana | pinisakit.
- Dasanamaning pepejak: sindura | wdhak | bobok | paremyang | konyoh | wewjak.
- Dasanamaning rupa: warna | citra | wjujud | warni | wanda.
- Dasanamaning ulat: gwaya | wulat | nitya | ujwala | jwalita.
- Dasanamaning ulat kang saé (polatan saé): wenes | mrekati | sumunu | sumunar | sumèh | dlongèh | marenaken.
- Dasanamaning polatan awon: prengut | basngut | marengut | jekutrut | suntrut | jabrut | sirung | mingut | nyepaplu | nyepaplem | jèlblem | nylekathem | urem | kumel.
- Dasanamaning solah saé: tangginas | srigak | bregas | cakrak | mrekékas | parigel | tarampil | dhèmes | anggas | ruruh | laras.
- Punika namanipun kang solah awon: sigun | kidhung | inggur | bringkung | bringkuk.
- Punika namanipun dedeging tiyang: pidaksa | sambada | panji-panji | rarangkung | lencir | srentek | sdhépah | respati | prasada.
- Dasanamaning lanang: jalu | jaler | priya | kakung.
- lanang. Tegesipun lana, inggih punika jejeg, ngadeg.
- jaler. Tegesipun bener.
- jalu. Tegesipun aneja telu, 1. ngaras, 2. prembayun, 3. pawèstrèn.
- priya. Leresing tembung pariaya, tegesipun kuwawi pakantuk, wijangipun pari: pakantuk, aya: kuwat.
- walija. Tegesipun wetuning kuwat, wijangipun wali: kuwat, ja: wetu.
- kakung. Tegesipun kaku, ingkang kaku wau yèn nuju kajengipun.
- purusa. Tegesipun palurusa, utawi parosa, inggih punika kuwat.
- Dasanamaning èstri: wadon | wanudya | pawèstri | dyah | stri | darini.
- taruni. Tegesipun yèn dèrèng masa dados kaupamèkaken godhong enèm, inggih sinom.
- kintaka. Tegesipun manawi sampun masa, dados kaupamèkaken sekar pudhak.
- wahila. Tegesipun yèn taksih kapingit.
- wararana. Tegesipun yèn wonten paprangan]], wijangipun wara: wadon, rana: paprangan.
- lantasi. Tegesipun yèn lumajeng.
- wanodya. Tegesipun yèn sampun panggih.
- marnadu. Tegesipun yèn sampun sapaturon, kajengipun marana adu, inggih aben prang tangkis, akalihan waos.
- sarika. Tegesipun yèn sampun anak-anak, dados kaupamèkaken sekar.
- kenya. Tegesipun yèn taksih parawan, kaupamèkaken yèn taksih wantah.
- rara. Tegesipun yèn taksih parawan tanggung dados kaupamèkaken pindha sesotya.
- parawan. Tegesipun wadon ingkang taksih dèrèng laki, tegesing prawa, sorot, dados kaupamèkaken taksih sumorot, kapirit saking dèrèng kalong cahyanipun, punapadéné taksih suci, inggih punika taksih legan loncang-lancing.
- èstri. Tegesipun rembes tigang prakawis, 1 ngedalaken toya, 2 mijilaken rah, 3 mahyakaken mani nutpah.
Dasanama badan
[besut]- Namaning badan: awak | yrangka | sarira | angga | ôngga | wak | lingga | langgana | wônda | tubuh | sulaksana | raga | pasikepan.
- Dasanamaning awak: wanda | angga | ôngga | sarira | bahadan.
- badan: tegesipun dhéwé, tetanggul.
- sarira: tegesipun warananing gesang.
- angga: tegesipun déné nganakaken banyu.
- badhi: tegesipun wujud.
- waraga: tegesipun pakumpulan, ragangan.
- mu: tegesipun jejeneng, tunggal.
- awak: tegesipun sesulih.
- wanda:tegesipun jenggereng, sawujud.
- ragi: tegesipun sarwa sangkep, reragangan, werana.
- Namaning nyawa: atma | hatma | jiwa | jiwita | suksma.
- Namaning rambut: réma | roma | wèni | jatha.
- Dasanamaning rambut: késwa | réma | wèni.
- Namaning sinom: sinwam | tarna | srinata.
- Namaning endhas: endhas | sirah | mastaka | murda | ulu | kumba | utamôngga | pasuhunan | sidhira.
- Dasanamaning endhas: murda | utamangga | tendhas | mastaka | sirah | kapala | puka.
- Namaning polo: utaka | pukara.
- Namaning nyeng-unyengan: munyung | munyeng | pundri | pundran | ungsran.
- Dasanamaning unyeng-unyengan: munyengan | mundrèn | pusran.
- Namaning bun-embunan: pasundhulan | panuhun | wuwunan | nabyuka.
- Dasanamaning embun-embun: sundhulan | dedelan | dul-dulan | ktegan | tembwatan | cumlengan.
- Namaning rai: wadana | nayaka | swa | pasuryan | paraupan | muka | nana | waktra | aswa | golaka.
- Dasanamaning rai: muka | pasuryan | paraupan.
- Namaning bathuk: larapan | paradinan | ratha | canta | bahli | thila | dahya | watriya | wathawa.
- Dasanamaning bathuk: rap-rapan | larapan | mujwalan | mujwalitan.
- Namaning mata: tingal | soca | nétra | aksa | aksi | èksi | écana.
- Dasanamaning mata: nétra | aksi | tingal | mripat.
- Namaning alis: imba | eni | drasthi | nahya | siratmaya.
- Dasanamaning alis: imba | macaya | kekuwung | imbwaya.
- Namaning idep: irpya | wiruya.
- Namaning tlapukan: pakejepan | dyaraksa | nitrama | padhélan.
- Namaning tadhah luh: tarinjilan | taritisan.
- Namaning Padoning maripat: padaksi | sanira.
- Namaning ulat: nitya | naya | liring | wulat | nayana | jaswa.
- Namaning pasu: paswa | salimba | nayantara.
- Namaning irung: grana | trisma | nasika | parsana.
- Dasanamaning irung: hraga | nusika | pangsepan.
- Namaning pipi: pangarasan | paya-paya | julingha.
- Dasanamaning pipi: juring | paarasan | pangingspan | pahingspan | mambungan | pambetan | pakuswan | juringa.
- Namaning kuping: talingan | karna | panalinga | pangrenga | kepeh | kenoh | padlingan.
- Namaning godhohing kuping: pani | panoka.
- Namaning pepilingan: pilisan | pamindhi | pindaka | salimuka.
- Namaning lambé: lathi | talawya | wiwrita | wiruca.
- Namaning cangkem: tutuk | panglinga | jurama | dukara.
- Dasanamaning cangkem: lathi | lésan | tutuk.
- Namaning untu: waja | denta | ungsa | udata.
- Namaning siyung: dhrastha | dodaka | anudata | jatha | jethis.
- Namaning ebam: bahem | watma.
- Namaning gusi: gos | brima | podata.
- Namaning ilat: lidhah | jihwa.
- Namaning telak: lak-lakan | patlak | jaludha.
- Namaning cethak: ludhaka | pakima.
- Namaning gorokan: gurung | tengkran | padinan | goludha | luwidha | janggarma.
- Namaning kalamenjing: panghula | kalmasu | kalanjura.
- Namaning janggut: dhagu | garguta.
- Namaning uwang: wehang | wegang | wanggita.
- Namaning gulu: tenggak | tenggek | jôngga | lungaya | lungkéya.
- Dasanamaning gulu: jangga | jôngga | tgeg | lungaya | wijangan | lunggatan.
- Dasanamaning gulu: jôngga | tenggek | ondhanga.
- Namaning tenggok: janggata | tanggota.
- Namaning githok: griwa | jitha | prastha.
- Namaning pundhak: pamidhangan | luwisa | bujangsa.
- Namaning sesalang: salé-salé | salsalika.
- Namaning bau: buja | wahwa | sikara | bahya | bahyi | buja.
- Namaning tangan: kasta | aswa | asta | lngan | rutya | wdun | lungiyan.
- Dasanamaning tangan: asta | sikara | swéda | buja | bahwa | bau.
- Namaning cangklakan: kèlèk | goswa.
- Namaning sikut: siku | lunggiya | lunggana.
- Namaning ugel-ugel: jurung | panggri | sudipa.
- Namaning èpèk-èpèk: tepak | tepaswa | gumpita.
- Namaning dariji: jari | nyari | suwéda.
- Namaning Selaning dariji: asman | amlita.
- Namaning jempol: empol-empolan | kuhita.
- Namaning panuduh: tuding | panedah | tamuduhan.
- Namaning panunggul: manika | panalika | ulu jari.
- Namaning Dariji manis: jari madu | namika.
- Namaning etoh: sepahan.
- Namaning jenthik: enthik-enthikan | kalingkingan.
- Namaning kuku: kanaka | tulangsa | makri | tumit.
- Namaning brengos: rawis | kumbala | kumis.
- Namaning godhèg: jambang.
- Namaning jénggot: bris | jèbrès.
- Namaning simbar jaja: jagamaja.
- Namaning jaja: dhadha | pranaja | jangsa = krudha.
- Dasanamaning dhadha: jaja | krudha | wijangan.
- Namaning susu: pambayun | payudara | saridha | tétya | lemak | santen.
- Dasanamaning susu: prembayun | payudara | mamlekan | sesepan | sep-sep | prapuhan | empènga | sandha | wkanguman.
- Namaning pulung ati: kekulung | lembana.
- Namaning weteng: padharan | garba | dhara | udara | dhandhun | bandhut.
- Dasanamaning weteng: padharan | garbaya | dhara | udara | udaya | pamhwat.
- Namaning wudel: puser | tungtunan | nabi | umadya.
- Namaning lambung: gépya | udaya | iring.
- Namaning iga: rusuk | juringan.
- Namaning tepak: sanggat | sanggata | watwaha | lembi.
- Namaning gigir: pengkeran | pugyatan | kriha | adhadha.
- Namaning ula-ula: tanggola | adodaya.
- Namaning walakang: wadidang | turwaka.
- Namaning bokong: bocong | wangkong | wangku | ataski | prasila | pasmika.
- Namaning silit: mèdi | jubur | pantat.
- Namaning pajaleran: pasta | lada | purus | purusa | linggana | peli | gathèl | guthul.
- Dasanamaning pajaleran: kucika | kumlika | purusa | gurunga | jalwika | mlakika | jaluka | manika | gotula | culwaga.
- Namaning konthol: palandhungan | gintungan | siraswa | landhuka.
- Namaning pawèstrèn: has | baga | turuk | hès | bleki | pasti.
- Dasanamaning kawadonan: baga | waga | turwaka | èstrika | sutawan | manikem.
- Namaning itil: krentika | wagaprana | karentya.
- Namaning pupu: paha | supit | tur.
- Namaning dhengkul: jengku | drakuka | jungkala | jungkalika.
- Namaning sikil: suku | sampéyan | kila | pada | paduka | jeng | jung.
- Dasanamaning sikil: suku | sampéyan | pada | paduka | daga | jeng | jung.
- Namaning polok: padaksa | padaraka | padaraksa.
- Namaning tungkak: jungkaré | sangkila.
- Namaning dalamakan: talapakan | pacakan | talapada | pangkaja | padaka | talajung.
- Namaning ati: manah | galih | praya | wardaya | driya | tyas | praha | twas | ambeg | sota | cita | sita | hredaya | drana.
- Dasanamaning ati: nala | wardaya | sita | tyasya | manah | driya.
- Namaning jantung: tungtut | anyana.
- Namaning lemperu: paru-paru | ampadhu | parwadha.
- Namaning usus: iswa | pusdhara.
- Namaning otot: urata | paradha | anggota.
- Namaning bayu: waywa | nadi.
- Namaning balung: tosan | tulang | walengka | sadhiha.
- Namaning sungsum: saswama | sadisya | gegala.
- Namaning daging: palmaka | srabda.
- Namaning gajih: walam | lemak | pidyaka.
- Namaning getih: rah | marus | rudhira | ludira.
- Namaning kulit: walulang | wacucal | carmma | turila.
- Namaning wulu: bulu | arlla | krima.
- Namaning mani: rahsa | sinduretna | retta | manimaya.
- Namaning eluh: aringet | arimut | riwé | swanita | karwaya | érangga.
- Dasanamaning karinget: swanita | wyangga | tirtangga | ésyangha | éswak.
- Dasanamaning eluh: saspa | wayaksika | mrapaya.
- Namaning idu: kecok | kecoh | ludha | criwaya.
- Dasanamaning idu: ludha | wédhara.
- Namaning ambekan: uswasa | wayuwita.
- Namaning wewayangan: graya | paryana | mayangga | luyana.
- Namaning andheng-andheng: karandheng | wintangga.
- Dasanamaning parawan: kanya | kekran | rara | kèn | sriya | praban | mrawan | pingitan | sengkran | brapan.
- Dasanamaning salakirabi: palakrama | pinangantyan | pangantèn | jodhwan | wiwahan | somahan | paglèn | pangantiyan.
- Dasanamaning meteng: garbini | grabinya | wabwat | bobot | wawrat | mnandhek | mangidhwam | manggarba | garbaya.
- Dasanamaning amanak: mambabar | mangja | mangraré | manganak | majabang | mawka | sesuta | peputra | mutraja | wkaja | sutaja | sesiwi | siwija.
- Dasanamaning bocah: raré | rarya | wala | kacung | jabang | bayika.
- Dasanamaning amulasara: mdadah | glawthah | mamwapwak | manggrinda | ninggul | mangucla-ucla | mapdhek | mawjek | nyekwaki | mwek-mwek.
- Dasanamaning nusoni: ngomija | nesepi | ngempèngi | nuswani | mangecuta | nyep-nyepi.
- Dasanamaning nembagani raré: swuk | mangulup | manbur.
- Dasanamaning busananing bayi: manggrita | mapwaki | mangwangkini | manlukupi.
- Dasanamaning raré énggal ageng: wlagang | subur | walagwang | lwanggwar | longgor | mledhwang | mledhung | mlénggoh | mléngoh | dumalundung.
- Dasanamaning anak lajeng kathah: dumulur | dumlundung | walatantra | matantra | gumraya.
- Dasanamaning raré wanci umur sataun: cumucut | cumencep | seserpan | ingebun-ebun.
- Dasanamaning raré wanci umur 3 taun: kumuler | kumruwet | kumungker | sumega.
- Dasanamaning raré umur 5 taun: pangrusak taman | manggodhan | mambesur | mtambuh.
- Dasanamaning raré wanci umur 7 taun: kumratu-ratu | kumingsun | dinama-dama | gumusti.
- Dasanamaning raré wanci umur 15: madiwasa | rumajakala | winanci | jumaka | jumakakala | jaka kumala-kala.
- Dasanamaning raré umur 18: sumungku | jumunun | mabekti | dreda | ambekti | mamituhu | micara.
Dasanama sandhang manganggé
[besut]- Dasanamaning sandhang manganggé: busana | subangga | kuswaraga | dandan | dangdos | sawéga | mangrasuk.
- Dasanamaning kulambi: bajo | baju | rasukan | wingkisan.
- Dasanamaning kulambi: rasukan | bajo | wingkisan | kéwastra.
- Dasanamaning sabuk: paningset | taliwanda | mekek madya.
- Dasanamaning sabuk: paningset | taliwanda | mekek madya | pusarangga | ket pinggang | wewenting | pansetan | mahwet | wet-wet.
- Dasanamaning bebed: beber | wastra | sinjang | angkinangga | nyamping.
- Dasanamaning bebet: angkina | wastra | nywamping | sinjang | nyamir | swamir.
- Dasanamaning kathok: sarwal | cingcingan | langcingan | wingkisan | cangcutan | tangdang | panrihakan | tathwak | katwak.
- Dasanamaning iket: talimurda | dyastar | dhesthar | cnengan | mrèt | jikeng | mlipet | lipet | lipis | lèpès | mirwan | mapirwan.
- Dasanamaning kekemben: samkan | pamkan | sanggwan | kameken | pamkak | sèntekan | pamèntek | sarentekan | mandulan | cumenthek | cunthing | cecenthing | ceconthok | samwek | sobet.
- Dasanamaning saléndhang: sambita | samwiran | mnampir | songèr | nléntang | gmayut | mangban.
Dasanama téthuwuhan
[besut]- Dasanamaning wit-witan: taru-taru | karang | kitri | kirna | ywaman | pasryan | tresan | kekaywan.
- Dasanamaning kekayon rebah: prabatang | patengklan | wreksa | pandlegan | balwaka | glandhwang.
- Dasanamaning godhong: rondhon | ron | patra | dhaon | rwan | dhahwan.
- Dasanamaning kembang: puspa | puspita | sari | bungaha | skar | gandaka | paslagan.
- Dasanamaning uwoh: pala | wagdra | wwah | wwaha.
- Dasanamaning oyot: lata | suktala | mingmanga | ywat | purusa | akratadha.
- Dasanamaning talutuh: talteh | taltah | puwatetan | slaket.
- Dasanamaning wit asem: amla | kcutaka | sinwam | aswam.
- Dasanamaning karambil: nyu | tirisa | kalapa | kapéka | kaméta | puntiran | puyehan.
- Dasanamaning pring: dlinga | carangga | dhurika.
- Dasanamaning lempuyang: tilarsa | tampuyang | jalirih.
- Dasanamaning kajeng jati: jati sungu | jati lengis | jati kapur | jati saba | jati sari | jati krasak | jati krosok | jati gopok | jati lenga.
- Dasanamaning kajeng cendhana: candhana jenggi | candhanasari | candhana dhèdhès | candhana borèh | candhana tawa | candhana kapur | candhana ambar.
- Dasanamaning ama pantun: jnada | menthèk | ladhwah | amblek | bang-bangan | walang | bungker | bragadag.
- Dasanamaning wanci pantun awit katanem ngantos dumugi sepuhipun: wanci nglilir | wanci ngrampo | wanci gmadhung | wanci mapak | wanci meteng | wanci mlencuti | wanci mkatak | wanci gromboli | wanci ambyah | wanci nyanguki | wanci tmungkul | wanci kumemping | wanci bangcuk | wanci kuning | manajèni | kumangag.
- Dasanamaning amendheti pantun: miwiti | wiwit | mangni | ngenèni | mandrepi | membawu.
Dasanamaning pantun satunggal-tunggal utawi namaning kang sarwa tumuwuh sapanunggilanipun. Minôngka dados kalangkunganing seserepan. Kapratélakaken ngandhap punika.
- Dasanamaning pantun wulu: menthik | kontulan | menuran | gareman | sampang | jrabangan | menthik wangèn | uwèn | papaharèn | brengos | netep | pendhok wesi | sengkawa | lembayungan | rôndha mèntèr | dhudha ngasag | sokanandi | génjah ragi | géwal | jambéan | gôndapura | drèngès | umbuk | jaka bolot | prawan antih | urab-urab | manjangan manglar | montéyan | bulet | balé ranté | salamet | baléan.
- Dasanamaning pantun cempa: cempa kirana | cempa monthèl | cempa utri | cempa lombok | cempa mriyi | cempa gelo | cempa kunir | cempa lembayungan | cempa ganggasan | cempa menur | cempa wangèn | cempa arès | cempa klèwèr | cempa slamet | cempa kapasan | cempa kéyong | cempa wader | cempa deleg | cempa mèlèr | cempa dringo | cempa kopèk.
- Dasanamaning pantun ketan: ketan senggaringan, ketan gajih | ketan sérang | ketan lumbu | ketan puwan | ketan kuwuk | keceleng | ketan gondhil | ketan pondhoh | ketan génjah | ketan ponggok | ketan urang | ketan kepok | ketan singkal | ketan sobrah.
Punika namanipun sawarnining kekrowodan ingkang dados éwoning rijeki, kapratélakaken namanipun piyambak-piyambak kados ing ngandhap punika.
- Dasanamaning uwi: uwi parèn | uwi beras | rôndha sluku | uwi lajer | uwi ula | uwi randhu | uwi bayeman | bangkulit | wi ketan | wi deleg | wi sélog | wi butun | wi macan | wi doro | wi lumut | wi dhèblèng | wi jaran.
- Dasanamaning kembili: kembili emprit | tropong | wader | wulungan | pasé | ketan.
- Dasanamaning gembolo: gembolo warak | gembolo asu | gembolo buta | gembolo brajalata | gembolo banthèng | gembolo wong.
- Dasanamaning tales ingkang bôngsa empu satunggal: bentul | linjik | gelo | gelo pari | togogan | bapangan | brenak | lontho.
- Dasanamaning tales ingkang bôngsa kimpul: cénthang | laosan | dhempel | blicik | rebaban | gagakan | betèg | lembayungan | tlacar | parèn | wangèn | berèk.
- Dasanamaning sénthé: sénthé urang | sénthéwéré | sénthé wulung | sénthé kajar.
- Dasanamaning pisang: pisang saba | pisang wohan | pisang gabu | pisang bawèn | pisang umbuk | pisang ulir | pisang maraséba | pisang mas | pisang byok | pisang garaita | pisang becici | pisang kepok | pisang raja betawi | pisang raja talun | pisang raja kusta | pisang raja dhèngkèl | pisang raja brentel | pisang raja lingi | pisang pulut | pisang kluthuk | pisang kidang | pisang ambon | pisang kepok urang.
- Dasanamaning ketebu: tebu mangli | tebu manggli | tebu arjuna | tebu jaé | tebu kéyong | tebu banthèng | tebu lumut | tebu ireng | tebu jepara | tebu ganggeng | tebu awu | tebu lulang.
- Dasanamaning jambu: jambu sangklat | jambu wèr | jambu klampok | jambu pathokal | jambu dresana | jambu ijem | jambu galar | jambu mété | jambu krikil | jambu kluthuk | jambu apokat | jambu karang | jambu lélé.
- Dasanamaning pelem: pelem santog | pelem gônda | pelem daging | pelem podhang | pelem beku | pelem bala | pelem sengir | pelem malam | pelem dodol | pelem talijiwa | pelem gadhung | pelem wulung | pelem podhang | pelem balenyik | pelem endhog | sengir bathok | sengir kopyor | dodolsari | dodol madu | dodol urang | dodol lélé | dodol canthuk | dodol kopèk | dodol carang | srowot | dodol maja | dodol kotès.
- Dasanamaning jeram: jeram gulung | jeram keprok | jeram butun | jeram mlinglang | jeram kuwik | jeram purut | jeram kingkit | jeram paseptan | jeram katès | jeram adas | jeram macan | jeram bali | jeram pecel | jeram sambel | jeram krangéyan | jeram pacitan | jeram lètèr.
- Dasanamaning kalapa: klapa gadhing | klapa wulan | klapa ijem | klapa abrit | klapa balak | klapa puyuh | klapa wangèn | klapa gadan | klapa ranti.
- Dasanamaning durèn: dhurian | sentolo | madumôngsa | brajyan | durèn tembaga | durèn susu | durèn madu.
- Dasanamaning nôngka: nôngka kapur | nôngka tikus | nôngka kombang | nôngka tala | nôngka blonyo | nôngka blodro | nôngka lulang | nôngka madu | nôngka kapuk.
- Dasanamaning deling: deling apus | deling jawi | deling legi | deling wulung | deling petung | petung wulung | deling peting | deling lulup | deling rampel | deling gadhing | deling cendhani | deling gendani | deling èbi | deling jabal | deling tutul.
- Dasanamaning suket: rumput | dhukut | kekatang | rengget | rerengket | rungkut | dukut.
- Dasanamaning rumput: kalamenjana | garinting | tembagan | rembyang | waderan | karawang | brambangan | merakan | jrabangan | walingèn | singgang | gagakan | wudulan | jaruman | wringinan | mindhong, rumput teki | pekingan | jagoan | susupan | lulangan Clumpringan | pratimah | tuwon | rumput jaé | rumput wesèn | rumput sawuran | rumput giwer | rumput silèn | rumput uyahan.
- Dasanamaning bayem: bayem raja | bayem gelap | bayem sarap | bayem talepok | bayem lemah | bayem kremah | bayem sapèn | bayem manyawun | bayem legetan | bayem turèn | bayem lateng | bayem macan | bayem kèkèt | bayem tur | bayem krun | bayem bang | bayem sekul | bayem taun | bayem banthèng | bayem kéyong | bayem centhung | bayem gadhing | bayem plangèn | bayem pintèn | bayem wedhusan | bayem rang-aring | bayem bébékan | bayem krokot | bayem céplukan | bayem gundha | bayem ranti | bayem jaran | bayem menjanganan | bayem ayam | bayem sembungan | bayem bobohan | bayem kacangan | bayem sangkèt | bayem wijèn.
- Dasanamaning jamur: jamur brama | jamur upas | jamur banyu | jamur kayu | jamur bangan | jamur lumud | jamur gelap | jamur bledhèg | jamur payung | jamur gelang | jamur rajut | jamur serut | jamur sujèn | jamur genthong | jamur lot | jamur grigèh | jamur mégan | jamur dhômpa | jamur gôngsa | jamur séta | jamur kuping | jamur tangan | jamur polo | jamur gajèh | jamur tayum | jamur grigit | jamur cepagi | jamur watu | jamur endhog | jamur so | jamur ayam | jamur impes | jamur léthong | jamur yiyit.
Punika pratélaning pala kasimpar utawi pala kapendhem ingkang dèrèng kasebut ing ngajeng, pratélanipun satunggal-tunggal kados ing ngandhap punika.
- Dasanamaning katéla: katéla lembu | katéla konyit | katéla cendhani | katéla senggani | katéla jaran | katéla gajah | katéla kenthang | katéla mutihan | katéla rôndha sisig | katéla bang kulit.
- Dasanamaning katéla gumantung: katéla kamplong | téla katès | téla gandhèl | téla gamblok | téla gandhul.
- Dasanamaning dhangkèl: téla jéndral | téla pohun | téla kontrak | téla kaspé | téla prenthel | téla tlacar | téla gambar | téla cina | téla sékong | téla saoké.
- Dasanamaning semôngka: watesan | kwacian | blorong | gringsing | lombok | lumur | gringsing | canthèl | jemblungan.
- Dasanamaning timun: timun watang | timun wulan | timun lumud | timun wungkuk | timun gadhung | timun krai | timun wuku | timun bagor | timun endhog.
- Dasanamaning paré: paré ayam | paré welut | paré ula | paré lingèn | paré wader | paré mana | paré tikta | paré soklat.
- Dasanamaning waloh: waloh kenthi | waloh telik | waloh dandang | waloh bokor | waluh deleg | waluh butun | waluh ketan | waluh soklatan | waluh jepan | waluh gérong | waluh labu | waluh bloncèng | waluh kendhil | waluh bligo | waluh sukun | waluh macan.
- Dasanamaning kacang: kacang gléyor | kacang sondhèr | kacang cindhé | kacang klèwèr | kacang gadhung | kacang wungu | kacang sèrèt | kacang limpa | kacang bang | kacang uthel | kacang cina | kacang tholo | kacang agel | kacang tunggak | kacang ruji | kacang druju | kacang ijo | kacang kayu | kacang dawa | kacang lemparan.
- Dasanamaning kara: karayaga | kara gajih | kara ngolèng | kara andong | kara uceng | kara lumut | kara èbèk | kara wedhus | kara lutung | kara cecak | kara mantri | kara rawé | kara benguk | kara mas | kara legi | kara krupuk | kara tampar | kara boncis | kara beton | kara pedhang | kara loké | kara dhèblèng | kara lènggèr | kara kapri | kara kepyar | kara endhog.
- Dasanamaning lombok: lombok krupuk | lombok baladéwa | lombok dringo | lombok driji | lombok tampar | lombok soglèng | lombok ucit | lombok jemprit | lombok cimpling | lombok umet | lombok rawit | lombok uthès | lombok belis | lombok sabrang | lombok cèngèh | lombok cangak | lombok wudel | lombok benik | lombok dandang | lombok upret.
- Dasanamaning térong: térong kopèk | térong butun | térong wungu | térong cina | térong buta | térong beku | térong glathik | térong ngor | térong dhampit | térong dhompyong | térong kuping | térong conthom | térong ujel | térong lélé | térong kapuk.
- Dasanamaning jarak: jarak kepyar | jarak taun | jarak gunung | jarak ijo | jarak uncit | jarak wungu | jarak ina | jarak génjah.
- Dasanamaning gula: gula wadal | gula mendho | gula kethok | gula batu | gula kethak | gula kerèng | gula geseng | gula semut | gula pasir | gula geplak.
- Namaning Tunjung
- pakaja. Tegesipun yèn mekar satengahing banyu.
- kumuda. Tegesipun yèn mekar jroning banyu.
- sarasidya. Tegesipun yèn mèdem.
- saroja. Tegesipun yèn dumunung anèng dharat.
- saroparuka. Tegesipun yèn wigar.
- kamuda. Tegesipun yèn kasatan toya.
- samawih. Tegesipun yèn tumuwuh ing watu.
- tunjung. Tegesipun manawi sampun wujud witipun.
- teraté. Tegesipun menawi megar wonten ing balé kambang.
- singli. Tegesipun yèn sekar badhé wigar.
- midhemah. Tegesipun yèn megar dalu.
- Namaning Sekar
- sekar. Tegesipun kang anedheng mekar.
- kembang. Tegesipun manawi kaingsep madunipun déning kombang.
- kusuma. Tegesipun kang sumedheng gandanipun.
- padma. Tegesipun sekar kang saweg mèdem, gandanipun taksih anunggil madunipun]].
- puspa. Tegesipun kaanggit, atharik-tharik, punapadéné kaseling-seling panggénanipun]].
- puspita. Tegesipun sekar kang anedheng warni jené, inggih punika badhé megar]].
- sari. Tegesipun sarwa saé, inggih punika anedheng sumekar gandanya arum]].
- Namaning Godhong
- godhong. Tegesipun kang kanggo édhum, inggih punika kanggé édhum dhateng witipun, dados minôngka agedhong dhateng wit.
- ron. Tegesipun damel rerompyoh dhateng wit.
- rondhaon. Tegesipun godhong ngrembaka.
- dhaon. Tegesipun godhong sumedheng.
- patra. Tegesipun pahantara, déné godhong dados antara gesanging wit, tandhanipun lema kera saking godhong.
- ujungan. Tembung krama dhusun, kajengipun ambasakaken, ijo, ijon, saking wujuding godhong kang ijem, lajeng jeprah.
Dasanama kéwan
[besut]- Namaning sato kéwan: satwa | mergu | mrega | wrigu | ataga | pasu | burwan | atbana | lubana | wregana.
- Namaning kethèk: wré | réwônda | wanara | palwaga | palgosa | juris | monyèt | bedhès | kenas | munyuk | bruk | kapi | kuthila | kuthilapas | gocara | kera.
- Dasanamaning kethèk: réwanda | wré | kenas | wanara | kuthila | kunara | palwaga.
- kethèk: tegesipun anggelithik.
- kapi: tegesipun déné sugih wulu.
- kuthila: tegesipun awon bathukipun, wijangipun, ku, awon, thila, bathuk.
- wanara: tegesipun kéwan wujud manusa.
- plawaga: tegesipun sarwa cikat.
- palwaga: tegesipun sarwa tarampil.
- palgosa: tegesipun sarwa mangreti.
- réwanda: tegesipun pangawak swara.
- kalidhan: tegesipun arikat.
- wegig: tegesipun sarwa pinter.
- wrikita: tegesipun saged ameré.
- bethès, inggih bedhès: tegesipun kabekta saking sugih akal.
- gapila: tegesipun sarwa parigel. Utawi kabekta manawi nedha mawi kemilan.
- kamila: tegesipun inggih kabekta panedhanipun mawi kemilan.
- Kethèk. Saminipun ketèk, tegesipun sugih swara.
- wré. Tegesipun saged anjelih.
- kapi. Tegesipun déné sugih wulu.
- kuthila. Tegesipun awon bathukipun.
- wanara. Tegesipun kéwan warna manusa, wijangipun wan: kéwan, nara: wong.
- plawaga. Déné sarwa cikat.
- palwaga. Déné sarwa tarampil
- palgosa. Tegesipun sarwa mangerti.
- réwanda. Tegesipun pangawak swara, wijangipun ré: swara, wanda: awak
- kalidan. Tegesipun sarwa rikat.
- kenyung. Tegesipun kethèk wadon.
- gapila. Tegesipun tarampil.
- Namaning cèlèng: celengan | andhapan | waraha | sungkara | weg | wag | jubris | wijung | batwi | durgangsa.
- Dasanamaning cèlèng: sungkara | gotaga | celengan | waraha | wribaka | durhôngsa | jéra.
- cèlèng. Tegesipun celèng, déné wujudipun cemeng.
- waraha. Tegesipun [[saronggot. Déné cèlèng punika dedamelipun saronggot, inggih punika siyung kekalih.
- sungkara. Tegesipun damelipun angesuk. Wijangipun sung: angesuk, kara: gawé, déné yèn medal kapurunanipun amung majeng tékat.
- genjik. Tegesipun punika cèlèng alit, kabekta lampahipun taksih ngèjèk, awit badanipun dèrèng ageng, dados taksih sarwa cikat tarampil.
- Namaning ula: sawer | sarpa | taksaka | urar | naga | antaga | bujôngga | aliman | nuwinda | wiswaka | wisu.
- Dasanamaning ula: sarpa | taksaka | sawer | aliman | bujôngga | walika | prawisa.
- ula. Uluwa, tegesipun nguntal, déné yèn nenedha amung kaulu boten kamamah.
- sarpa. Sarapa, tegesipun galak, déné yèn nedha kasarap kémawon.
- bujôngga. Tegesipun pengawak bau, déné tanpa bau amung awak kémawon, déné dhaplanging awak wus prasasat bapanging bau.
- ardawalika. Tegesipun panjang saged nekuk, wijangipun ardawa: panjang, lika: nekuk.
- basuki. Tegesipun waluya, déné darbé lisah kamulyan, dumunung wonten pethit]].
- naga. Tegesipun sawer ageng.
- Dasanamaning sawer satunggal-tunggal: sawer naga | sawer sawa | sawer butu | sawer lebu | sawer lawus | sawer golik | sawer cindhé | sawer bengkok | sawer macan | sawer warak | sawer kakap | sawer kidang | sawer tompé | sawer kembang | sawer kendhang | sawer welang | sawer weling | sawer dumung | sawer dumung sapi | sawer manjangan | sawer karang | sawer glindhing | sawer dhiwel | sawer dhunga ulu | sawer banthèng | sawer gogik | sawer gadhung | sawer siti | sawer cabé | sawer manyawak | sawer banyak | sawer lémpé | sawer jalu | sawer pudhak brama | sawer tampar | sawer raré angon | sawer talipicis | sawer dhulangan | sawer bandhotan | sawer kisi | sawer banyu | sawer lutung | sawer lengis | sawer ranté | sawer lawéyan | sawer sembung | sawer wantéhan, sawer taungan | sawer palon | sawer basu | sawer andong.
- Namaning sapi: lembu | andana | andaka | gomara | iyata | lambana | gutara | sumwata | nadrika | gorawa | biksu | garwita.
- Dasanamaning sapi: lembu | gumarang | andana | gora.
- lembu. Tegesipun amot, déné ngemot samukawis babektan kuwawi.
- sapi. Tegesipun amedamel kasar, utawi kendel dhateng panas.
- andaka. Tegesipun sapi ingon.
- andana. Sapi lanang pilalan.
- andini. Sapi wadon pilalan.
- gah. Tegesipun agahan, déné boten tampik kang dipun wawrataken.
- pirdos. Tembung Arab inggih sapi, nanging kocap ing lapal.
- senuk. Punika inggih mirid wujuding sapi, ananging alit-alit, inggih bôngsa tanah Ngarap.
- Namaning gajah: liman | asti | dwipa | dipôngga | diradha | matengga | samaja | samadya | waniti | kunjana | dirodana | èsthi | gathamuthu | brajamuka | gajaksa.
- Dasanamaning gajah: èsthi | dipangga | dipôngga | dirada | diradhaka | dwipa | waniti | matangga | liman | madanta.
- gajah: tegesipun yèn mungguh ing alas.
- èsthi: tegesipun déné karem banyu, wijangipun, hès, banyu sethi, karem.
- dwiradha: tegesipun gadhah siyung kekalih, wijangipun, dwi, loro, radha, untu.
- waniti: tegesipun yèn pinelanan.
- matengga: tegesipun yèn binakta cangkrama.
- dwipangga, wetahing tembung, dwipa angga: tegesipun déné ngunjuk kaping kalih, wijangipun, dwi, loro, pa, serot, angga, banyu.
- samaja: tegesipun yèn binakta prang.
- gajamuka: tegesipun yèn tinunggangan déning buta.
- brajamuka: tegesipun yèn binarong.
- bathamuthu: tegesipun déné anggregunuk.
- liman: tegesipun déné sairib suku gangsal. Satunggalipun telalé.
- baledug: tegesipun déné asal saking siti, cariyosipun gajah punika saben sacumbana, kama kalihipun lajeng kapendhem siti, punika lamining dinten lajeng dados gajah alit. Bapa babunipun lajeng anuwèni nedhani.
- gajah. Tegesipun sugih solah, lungguhipun yèn anèng wana.
- asti, èsthi. Tegesipun yèn tinunggangan.
- dirada. Tegesipun yèn meta.
- dwiradha. Tegesipun gadhah siyung kalih, wijangipun dwi: loro, radha: untu, inggih punika gadhing.
- waniti. Tegesipun yèn pinelanan, inggih punika pinerabotan saput parantos.
- matengga. Tegesipun yèn binekta cangkrama.
- dwipangga. Tegesipun ngunjuk kaping kalih, wijangipun dwi: loro, pangga: serot, déné yèn ngombé kaserot saking telalé lajeng katampèn panyeroting cangkem.
- samaja. Tegesipun yèn binekta aprang.
- gajamuka. Tegesipun gajah ngamuk, gajah pangarep, gajah yèn tinunggangan ing buta.
- brajamuka. Tegesipun gajah ngamuk nganggé dedamel, utawi yèn binarong.
- liman. Tegesipun aliman déné sami-sami bebujengan wana alim piyambak dhateng prakawis sacumbana, utawi wonten ingkang mastani, liman punika kados suku lima, déné tulalénipun saged dumugi siti, utawi wonten ingkang mastani malih, liman punika yèn nuju wonten cancangan wantilan.
- gathamuthu. Tegesipun bilih badhé cumbana, awit katingal agôntha mathuthuk.
- Namaning jaran: kapal | kuda | wajik | aswa | turôngga | adraba | undhakan | kalengki | kalangkya | prasita | swaninda.
- Dasanamaning jaran: turôngga | wajika | undhakan | kalengki | aswa | kuda | kapal.
- jaran: tegesipun déné saged malajeng.
- kuda: tegesipun déné saged angenginten solah.
- turôngga, wetahing tembung, tura ôngga: tegesipun déné lemes badanipun, wijangipun, tura lemes, ôngga, badan.
- aswa: tegesipun déné rinaket ing manusa.
- kapal: tegesipun déné kulina.
- kalengki: tegesipun linangkung.
- gedhog: tegesipun gegedhug. Mila panggénan kapal dipun wastani gedhogan.
- wajik: tegesipun déné saged angèjèg, tuwin darbé suku wajik.
- turanggi: tegesipun sami jarwanipun lan tembung, turangga.
- buntala: tegesipun déné darbé kuncung apindha jambul.
- jaran. Tegesipun unjaran, déné wonten gedhogan ijèn boten kawoworan bangsanipun.
- kuda. Tegesipun saged mider.
- wajik. Tegesipun wijik, inggih punika suku panggénan wijikan nama wajik, karan namaning turôngga.
- turôngga. wijangipun turaôngga, tura: alus, ôngga: badan kategesan lemes badanipun.
- kapal. Tegesipun lantèh, déné sarwa mangreti dhateng pangajaran.
- swa. Tegesipun jaran kinasih, inggih punika tumpakan.
- undhakan. Tegesipun tunggangan.
- gedhog. Tegesipun gegedhug, déné sami-sami kéwan linangkung piyambak.
- Namaning macan: sima | singa | singha | mong | késari | arimong | sardula | pragalba | margadipa | margapati | wagra | arimba.
- Dasanamaning macan: singha | sima | pragalba | sardula | wikridhita.
- macan: tegesipun saged anggero.
- singha: tegesipun saged anggarong.
- singa: tegesipun saged anggereng.
- sardula: tegesipun pangawak landhep.
- arima: tegesipun galak.
- mong: tegesipun sarwa rowa, sugih swara.
- angrimong: tegesipun anggedhobyah.
- barong: tegesipun lorèng, lonthèng.
- sirungga: tegesipun angajrihi.
- sawèri: tegesipun sarira sembada.
- macan. Leresipun macyan, tegesipun macia, inggih punika anggero, anggemprong.
- singa. Tegesipun saged mungel singaong.
- singha. Tegesipun inggih ingkang saged mungel singaong.
- saradula. Tegesipun patempuhaning lelandhep, kados ta: untu siyungipun, ilat kados parut, cakar kuku lancip.
- mong. Tegesipun kang saged mungel maong.
- arimong. Tegesipun meramong, déné abang mawi lorèk.
- kiswari. Tegesipun sarwa bruwut-bruwut.
- jagur. Tegesipun macan dhekem.
- margapati. Tegesipun rinaket ratu.
- Namaning banthèng: andaka | angun-angun | yawa | jawidha | go | goh | gawaksa | gawindra | gurisa | sarawa.
- Dasanamaning banthèng: andaka | andhanu | danuka | lelawung | lelaki | anggambira | surabaka | pringgabaka | danupaya.
- banthèng. Tegesipun benthing, déné lumanang-lanang.
- gardaka. Tegesipun sugih nepsu.
- andaka. Tegesipun pangawakan lembu.
- angun-angun. Tegesipun banthèng rosa.
- sikandhana. Tegesipun banthèng lanang.
- sikandhini. Tegesipun banthèng èstri.
- jejawi. Tegesipun banthèng èstri.
- grigsa. Tegesipun getapan. Labet saking kendel. Getapanipun boten getapan was sumelangan. Getapan nepsu kedah ngamuk.
- garagsa. Tegesipun angajrihi, déné saben sumerep samukawis kedah ambujeng kaamuk, punapa malih yèn ketaton lajeng ander pejah kapurunanipun.
- Namaning kebo: maésa | miswa | gomi | mundhing | andhanu | srawana | danuka | gopaka | badhagas | sityaka | karbwita.
- Dasanamaning kebo: maésa | misa | mundhing | trebayan | mandhanu | iwaka.
- kebo. Tegesipun bodho, déné sami-sami bebujengan dharat langkung bodho piyambak. Tumindakipun kedah kalayan kagirèkaken.
- maésa. Tegesipun karem ing jejombok.
- mundhing. Tegesipun tumandhing, déné kalihan kancanipun piyambak asring berik, ngantos adamel karisakan.
- bothi. Tegesipun maésa jaler.
- krebo. Tembung Malajeng, kajeng saha tegesipun kerep kungkum. Déné tembung maésa sawerni kategesan jarwa sota, omahé désa.
- Namaning asu: segawon | anjing | sona | srenggala | camera | cika | swa | kuwaka | bugel.
- Dasanamaning asu: kucika | cemera | sona | srenggala | segawon | tusa | anjinga | wreka | cikaya.
- asu. Tegesipun langkung madon, wijangipun as: kawadonan, su: luwih. Sawenèhing sarjana amastani, asu punika leresipun angsuk, kabekta déné karem gancèt, mila lajeng katembungaken anjing, liripun gandhèng.
- segawon. Tegesipun sekul awon, déné karem tinja, kabasakaken malih segala.
- srenggala. Tegesipun langkung galak, wijangipun: sreng: nepsu, gala: wuwu, punjul.
- cika. Tegesipun jegug, déné saged jegug.
- sona. Tegesipun sugih uni, déné gereng jegug anyengkong.
- Namaning uwa-uwa: tutuha | srikangka | bruwarda | windra | lolidha | lawus | hwaba.
- Namaning kucing: pusa | posiya | pawasa | kusingha | uridha | kumwangga | lindhika | windula.
- Dasanamaning kucing: pusa | kusingha | pisa | sardulawangsa | cemraya | singhagraha.
- Namaning manjangan: sangsam | maklana | sangkula | jengkula | arusa | randhi | rusah | wrangga.
- Dasanamaning manjangan: samsam | sangsam | kardhi | kucula | kubraja.
- Namaning kuwuk: bréwa | griwa | gremusa | wilpusa | srenggampa | kukwaka | gredawa | gredula | grenda.
- Namaning kidang: arina | arinya | ujung | kenas | sanggira | walkasa | dhinangsa | paula.
- Namaning lutung: joni | anjani | kanjura | kresnadha | wiruka | kresnangga | tanuki | budheng.
- Namaning kancil: sasa | sahasa | makala | palguna | kancita | marguna | wariga | amika.
- Namaning luwak: wulik | lewis | arwaka | lardha | angkyatbuta | witridha | byatati.
- Namaning wedhus: ménda | kambing | ami | badro | badrawadha | padréwana | wrisa | gandhora | askéndra | duma.
- Dasanamaning wedhus: maénda | maéndha | mimika.
- wedhus. Tegesipun wedhodhos, labet déning karem bijig.
- ménda. Tegesipun méda, déné sami-sami bangsaning kéwan ménda punika kathah médanipun piyambak, amung anuruti kajengipun kémawon.
- padrawana. Tegesipun kéwan asor, labet boten wonten pigunanipun, wijangipun padra: asor, wana: kajengipun wan: kéwan utawi kiwa.
- domba. Tegesipun leresing tembung padronba, wijangipun padro: ménda, umba: tempuk. Dados tegesipun wedhus wau inggih karem berik.
- kambing. Tegesipun karem gembèr.
- Namaning warak: barkita | ascarma | libra | karthupa | panyula | sandela | endhepan | durgangga.
- Namaning tukang: tutuka | limbo | kandhuki | darkya | jurwama.
- Namaning landhak: pangswang | wurandhek | entir-entir | wirundisa | sujika | duryangga.
- Namaning senggung: senggora | sriba | sahriba | lengkosa.
- Namaning wregul: senggir | wurikta | sababa | baglana.
- Namaning kasturi: kasturya | rawidha | padhyaksa | turila.
- Namaning trenggalung: trangglang | wilangka | sanggrita | trambawa.
- Namaning kenthus: pethangkus | genthorang | kwandaka | dumira | kenthu | katyaka.
- Namaning lingsang: waringsa | yuywi | kapwa | canana | dokara.
- Namaning garangan: walagra | gitraka | sapwan.
- Namaning rasé: rasya | lodha | gandaka | marwaga | januka | widada | widarsa.
- Namaning bajing: wayingha | wasukta | ikurita | panyuba | niyuninda.
- Namaning jalarang: dyararang | dahrika | wriha | cinggara.
- Namaning tikus: wegèng | wegyang | musika | usthaka | krakitha | brita | jinada.
- Namaning cecak: murti | srepana | werca | weca-weca.
- Namaning tekèk: basu | satmaka | walutru | darnita | wercagung.
- Namaning bunglon: tanu | saputhata | bisawarna | taruja | kilasa.
- Namaning kadhal: karla | umekaka | didika | bundhan.
- Namaning kawuk: sarira | manyawak | miyangga | diksa.
- Namaning kodhok: pas | wiyung | canthuka | wrestija | wéyangga.
- Namaning trenggiling: hola | kreta | tranggiro | tranggircwa | karikla.
- Namaning yuyu: rakatha, karkatha | kalakatha | kratika | kartika.
- Namaning kapithing: dahri | darika | kamitra | kathira.
- Namaning kombang: bramara | satpada | madukara | madubrata | poali | lyali.
- Dasanamaning kombang: bremara | tuskara | madukara | madubrata | tusari | sadpara | maririka.
- Namaning simping: sipi-sipi | kima | wirengka | kamura.
- Namaning kalabang: kanaba | manggakala | sirsa | sirusapa | sangkatha.
- Namaning rena: kalandaru | winaba | srisawa | lipta | nodha.
- Namaning codhot: codhot | laboka | syarima | cwatgora.
- Namaning bajul: buwaya | wuhaya | wayama | wilwaya | wayura.
- Namaning cekaklak: cintaka | triklaklak | usaya.
- Namaning kalajengking: kiha | mracika | wrisika | karkala | wikatha.
- Namaning jangkrik: jota | rikrita | mitsnadha.
- Namaning coro: curwa | lipasa | karlaka | wragna.
- Namaning gangsir: makri | tangtira | kintrasa.
- Namaning kamôngga: kamamangga | kyaka | warmata | umeng | gumenggeng.
- Namaning maliwis: sileman | griwis | cakarwa | cakrawaka | cakrangga.
- Namaning kalong: kalwang | lengking | karsaka | gingga | gingguna.
- Namaning konang: karlipa | kardipta | paryana | prawiku.
- Namaning lawa: laba | sèri | sémbu | sopta | cot.
- Namaning cacing: anwil | lusi | nauti | warcita | wrejita.
- Namaning bulus: wayangsa | kurmanda | wadhungha | wélusa.
- Namaning lemut: nyamuk | rakadha | murinda.
- Namaning tawon: tabsawata | tusara | mitala.
- Dasanamaning tawon satunggal-tunggal: tawon dhoan | tawon tala | tawon malam | tawon alas | tawon kemit | tawon suk | tawon endhas | tawon kombang | tawon lemah | tawon jangglèng | tawon lanceng | tawon mèlèr | tawon obang-abing | tawon bengkik.
- Namaning mimi: imi-imi | mindara | mintuna | mithuna.
- Namaning kijing: wahana | kremisa | lindhana.
- Namaning lanceng: tungkara | anungkara | wélatana.
- Namaning walang: wancak | wancala | kithika | wancal.
- Namaning walangkapa: dumrada | langkapa | cangkring | sranggita.
- Namaning kupu: karmija | trija | drupawa | ranggana.
- Dasanamaning kupu: kupu gajah | kupu macan | kupu séta | kupu dhedhak | kupu kembang | kupu werna | kupu gandrung | kupu kinanthi | kupu sétan | kupu klaper | kupu siwar | kupu banthèng | kupu langsep | kupu pahang | kupu sempang | kupu anjrah | kupu sobrah | kupu gladrah | kupu pinging | kupu simping.
- Namaning kinjeng: kipada | saspada | trungka | trawanggana.
- Namaning laler: masika | ladra | pastika | wisrisa.
- Dasanamaning laler: laler wilis | laler wereng | laler pita | laler mas | laler kayu | laler mijah | laler dhedhak.
- Namaning écé: daki | karaca | kumira | tyacya.
- Namaning uler: kramimara | wrekita | urta | ratyaka.
- Dasanamaning uler satunggal-satunggal: uler geni | uler gramang | uler jrabang | uler taun | uler dhômpa | uler éndhong | uler jedhung | uler sutra | uler srengéngé | uler rawé | uler serit | uler ranti | uler lémbak | uler kinanthi | uler macan | uler kilan | uler jaran | uler gagak | uler kèkèt | uler cèlèng | uler cahya | uler lulut | uler kembang | uler lawé | uler tugi | uler gantung.
- Namaning tinggi: tinggyana | kindraka | marusruka | bangsarha.
- Namaning semut: brakithi | tutsma | rurinda | kasarya.
- Dasanamaning semut satunggal-tunggal: semut canthang | semut ngangrang | semut gula | semut kerèng | semut geni | semut pudhak | semut ireng | semut kripik | semut gatel | semut gramang | semut lar | semut rangas | semut kayu | semut rayap.
- Namaning penyu: masiran | ketem | ketimwang | kurma.
- Dasanamaning anak brengkutis: urèt | jampang | badhigal | gedibal | mentho-entho.
Iwak
[besut]- Namaning iwak loh: mina | matsya | maswa | jita | wyangga | mira | oti.
- Dasanamaning ulam toya: mina | jita | wyangga.
Punika cacah namaning ulam lèpèn utawi ulam benawi, satunggal-tunggaling nama kapratélakaken kados ing ngandhap punika.
- Ingkang bôngsa sisik: ulam tongkok | ulam papar | wader palung | wader mutihan | wader badhèr | kutuk | wader mangut | wader areng-areng | wader giligan | wader wijah | wader sengkrok | wader kok | sili | wader bang | wader sepat | wader lumud | wader bethik | wader pari | wader tengiri | wader tiga waja | wader selar | wader uréan | wader bandeng | wader mas | wader pèthèk | wader juwi | wader tongkol | wader ménol | wader bobos | wader lèngèk | wader teri | wader bengkuk | wader ngungik | wader mregak | wader nènèr | sasili | wader tômbra | berot | wader gramèh | wader lumba.
- Punika namaning ulam ingkang boten mawi sisik utawi bôngsa patil sapanunggilanipun: semaradalu | glendheng | kalalèn | ungkik-ungkik | jagaripu | piteng | jambal | jakan | bapangan | tagih | senggaringan | kebo gerang | jabrisan | kotès | wagal | pacal | siwar | lumbet | baungan | lintheng | lempuk | pucangan | kada | gendéran | bengkuk | mayang | sembilang | lélé | truna lélé | pateran | singgangan | kadhalan | badhahan | tekékan | sarap | sadhang | kakap.
Manuk
[besut]- Namaning manuk: paksi | kaga | kukila | garudha | garura | garelya | saimbra.
- Dasanamaning manuk: kukila | paksi | kaga | patuka | briyaka.
- Namaning gemak: puyuh | maningting | kayali.
- Namaning prakutut: kitiran | uka | kiswara.
- Namaning gagak: dhang-dhang | kangka | ajap-ajap.
- Namaning banyak: gangsa | ôngsa | awija | wranggura.
- Dasanamaning banyak: ôngsa | cor balwa | maklinga | wétana | wésaba.
- Namaning merak: badhak | cohung | manyura | wayuninda | kuwong | lancung.
- Namaning pritgantil: cucur | kadhasih | tidharsa | tadhaharsa | wlas-arep | res-res.
- Namaning prenjak: tamuyana | sri satata | hla.
- Namaning pitik: pitrik | ayam | ahyam | sata | kruha.
- Dasanamaning pitik: sata | kruwaka | ékraya | ayam.
- Namaning bèbèk: kambangan | cakrita | cakrama | duwaba.
- Dasanamaning bèbèk: cakrawaka | ririka | wésaba | lur mangsa.
- Namaning paksi dara: kutu-kutu | ambara | mangudara | andhara | marpati.
- Dasanamaning peksi pritgantil: kudhasih | tidharsa | mamlinga.
- Dasanamaning paksi cohung: manyura | mrak | mngiglan | sesimpir | mangwuhan | pangungang | blancéran.
- Dasanamaning paksi garudha: kagapati | kukila raja | paksindra | patukaji | srikaga | nagéndra | nagarda.
Punika pratélanipun namaning peksi satunggal-tunggal. Kaurutaken saking bangsanipun piyambak-piyambak, kados ing ngandhap punika pratélanipun.
- Paksi garudha | paksi bayan | paksi bidho | paksi badhol | paksi wolung | paksi grindan | paksi darès | paksi mluwo | paksi alap-alap | paksi manol | paksi beluk | paksi kingkang | paksi gagak | paksi kolik | paksi tuhu | paksi son-ason | paksi gotong mayit | paksi kikuk | paksi grundaya | paksi tekak | paksi bontit | paksi calapita | paksi théthékan | paksi bontit | paksi garinda | paksi kucingan | paksi cekaklak | paksi wek | paksi brenggi | paksi bri | paksi suwari | paksi rok | paksi ôngsapatra | paksi bango | paksi sandhang lawé | paksi cangak | paksi gendharakan | paksi balekok | paksi kontul | paksi sarigul | paksi truwok | paksi brambangan | paksi bangbangan | paksi rowak | paksi bontot | paksi burcèt | paksi trinil | paksi terik | paksi branjangan | paksi bubut | paksi sèsèr | paksi urang-urangan | paksi joan | paksi kathik | paksi drekuku | paksi dara | paksi puter | paksi berkutut | paksi deruk | paksi dlémukan | paksi gromong | paksi susupan | paksi dungik | paksi béo | paksi ménco | paksi jalak | paksi podhang | paksi cocak | paksi kuthilang | paksi kedhasih | paksi parenjak | paksi sikatan | paksi tikusan | paksi kacer | paksi céplukan | paksi sepahan | paksi princoan | paksi cihit | paksi cici | paksi cici meni | paksi kemirèn | paksi uler-uleran | paksi kèkèt | paksi penthèt | paksi tèngkèk | paksi srigunting | paksi waderan | paksi kacer | paksi kèkèt buta | paksi manila | paksi bèthèt | paksi slindhitan | paksi engkuk | paksi nori | paksi jakatuwa | paksi glathik | paksi wringinan | paksi manyar | paksi bondhol | paksi emprit | paksi peking | paksi kenari | paksi grija | paksi kadhali | paksi sriti | paksi sembawa | paksi sikatan | paksi sendawa | paksi pathès | paksi paseran | paksi gemak | paksi platuk bawang | paksi platuk watu | glathik wingka | paksi laban | paksi bubukan | paksi gogik | paksi platuk bawang | paksi platuk watu | glathik wingka | paksi laban | paksi bubukan | paksi gogik | paksi platuk bawang | paksi platuk watu | glathik wingka | paksi laban | paksi bubukan | paksi menthongan | paksi kingkang | paksi srangan.
Dasanama gégriyan
[besut]- Dasanamaning griya: wisma | graha | wangun | balé | gothaka | dalem | omah | yasa | panti.
- Namaning omah: panti | rangka | rangkang | rangkal | nasa | yasa | suyasa | wisma | syawisma | suwèsma | graha | greha | balé | wangun.
- Dasanamaning paturon: patileman | pasuptan | pajungutan | tilam | pamreman | papreman | tilamsari | pakejepan | panéndran | pagulingan | pakulinan.
- Dasanamaning pamujan: pamelengan | pasamadèn | pacrabakan | paheningan | pahenengan | pamudyan.
- Dasanamaning lawang: pintu | gopura | goyasa | wiwara | kori | dwara.
- Namaning lawang: badra | baprodya | dwara | dyara | dwari | dyarala | dwarala | dyaralaya | pintu | wiwara | kori, konten.
- Dasanamaning cagak: deksaka | reksaka | jenggraha | jangwisma | hwat-hwat | madaha.
- Dasanamaning candhéla: pantéra | tingkapa | janila | prabaja | prabaka | maéran | kantéra | marapika.
Punika namanipun dhapuring griya satunggal-tunggal. Sami kapratélakaken kados ing ngandhap punika:
- dhapur gubug: punika griya kampung cagak sakawan pangeret kalih.
- dhapur bango: punika griya kampung cagak kalih ing tengah pangeret kalih blandar ngiras sunduk.
- dhapur bapangan: punika griya kampung cagak sakawan pangeret tiga.
- dhapur srotongan: punika griya kampung cagak nem pangeret tiga, mawi kasunduk.
- dhapur kampung: cagak wolu pangeret sakawan.
- dhapur pacul gowang: punika griya kampung mawi èmpèr tetiga.
- dhapur dara gepak: punika griya kampung mawi èmpèr mubeng.
- dhapur kampung bali: punika limasan panjang.
- dhapur klabang nyander: limasan panjang saka kalih welas pangeret nenem.
- dhapur limasan: cagak wolu pangeret sakawan.
- dhapur sinom: griya limasan mawi èmpèr mubeng.
- dhapur prabayasa: limasan panjang èmpèr mubeng blandar tumpang mawi singup.
- dhapur traju mas: kampung bali blandar tumpang mawi singup.
- dhapur langgar: griya limasan cagak sakawan pangeret tiga ander tunggal ngiras kadamel molo ing nginggil. Sunduk mubeng ngandhap nginggil.
- dhapur lumbung: punika griya langgar nestha wolu, sunduk mubeng ngandhap nginggil.
Punika cacah namaning griya joglo sapanunggilanipun, ingkang sami singup tumpang dhadha peksi sunduk kili:
- joglo lanangan
- joglo lambang
- joglo lambang gantung
- joglo carang gantung
- joglo lumajang
- joglo semar tinandhu
- joglo ceblokan
- joglo gebegan
- joglo sanggitan
- joglo mayang mekar
- joglo anteban
- joglo witana
- joglo balé
Punika namaning dedamel ingkang kalampah kala zaman kina, namanipun satunggal-tunggal kapratélakaken kados ing ngandhap punika]].
- gada
- bajra
- lori
- boji
- bindi
- salukun
- musala
- badhama
- alugora
- tanggul
- alu-alu
- gandhi
- piling
- palu
- rajang
- kalawati
- puthu
- manggala
- cakra
- dhendha
- sarampang
- cacap
- calimprit
- barandang
- duduk
- limpung
- martyu jiwa
- konta
- tomara
- ambar angin
- makala
- sangkali
- dhadhali
- candrasa
- candra purnama
- adar candra
- trisula
- nagapasa
- tamsir
- parasu
- druwasa
- baradi
- calum
- sali
- busur
- cèkèl
- ganjur
- gudébag
- gadorak
- jonggrong
- jinggring
- kanjar
- sakri
- kalaka
- sadhaka
- curiga
Dasanama wérna-wérni
[besut]- Dasanamaning abrit: reta | mérah | bang | jingga.
- Dasanamaning ireng: kresna | jamus | cmeng | celeng | tanu | ngus | lamus | langking.
- Dasanamaning ijo: wilis | ijem | rerenyepa.
- Dasanamaning kuning: jenar | pita | jné.
- Dasanamaning putih: pingul | séta | danta | pthak | wilanten.
- Dasanamaning bening: wening | santa | maya | jômba | dlinga | nlah.
- Namaning Warni 4
- abang (reta). Tegesipun abanging godhong. | retawi. Tegesipun abanging getih. | retaga. Tegesipun abanging sekar. | rektadu. Tegesipun abanging kéwan. | rektama. Tegesipun abanging galuga. | rektasa. Tegesipun abanging apu.
- ireng (kresna). Tegesipun irenging uwong. | dumani. Tegesipun irenging nila. | tanu. Tegesipun irenging mangsi. | gredhawa. Tegesipun irenging kayu | sekeri. Tegesipun irenging angus. | asthaka. Tegesipun irenging kéwan | nilaba. Tegesipun irenging retna. | umani. Tegesipun irenging méga.
- kuning (jenar). Tegesipun kuning semu ijo. | dinar. Tegesipun kuninging mas. | kunar. Tegesipun kuninging kunir. | jené. Tegesipun kuninging mas. | kuning. Tegesipun kuninging wong. | pita. Tegesipun kuninging sandhangan. | kapurônta. Tegesipun kuninging jarit. | jening. Tegesipun kuninging sorot. | blengah. Tegesipun kuninging benglé.
- putih (putih). Tegesipun putihing siyung, inggih putihing untu. | wenes. Tegesipun putihing wong. | pingé. Tegesipun putihing sekar. | denta. Tegesipun putihing gadhing. | pethak. Tegesipun putihing waspa, luh. | kapas. Tegesipun putihing kapuk. | séta. Tegesipun putihing uler. | mina. Tegesipun putihing iwak. | pik. Tegesipun putihing minyak. | icana. Tegesipun putihing sungging | lawon. Tegesipun putihing jarit. | suci. Tegesipun putihing ati.
Dasanama déduluran
[besut]- Dasanamaning bapa: rama | yayah | sudarma | bapaka.
- Dasanamaning biyung: bibika | réna | sudarmi | babu | mibu | embok.
- Dasanamaning anak: tanaha | weka | atmaja | siwi | siwaya | putra | suta | sunu.
- Dasanamaning bojo: garwa | rèni | garwita | swami | somah | jodhwa.
- Dasanamaning tuwa: tuha | warda | wreda | spuh.
- Dasanamaning panengah: pamadé | pamadya | pramadi | matula.
- Dasanamaning enèm: taruna | mudha | anyam | taruni.
- Dasanamaning sadulur: kadang | sudara | sabaga | saréna | sabibi.
- Dasanamaning sanak: kadéyan | sawarga | sawita | santana | sabraya.
- Dasanamaning kakang: graja | rakwa | kaka | raki | raka | darmangka.
- Dasanamaning adhi: yayi | ari | rayi | anten.
- Dasanamaning kaponakan: pulunan | putrayan | mrasuha | kapédhanan | jawangsa.
Dasanama pangwasa
[besut]- Namaning ratu: éndra | naréswara | nara iswara | naréndra | naréndradipa | nara aji | prabu | nara prabu | nararya | nararyadipa | narpati | nrepati | narapati | narpa | dhipati | dhipa | buhpati | bupati | naradipa | buhpala | buhpalaka | bupalaka | bumipala | buminata | mangkubumi | sitipati | sri | srinata | nata | sang nata | raja | maharaja | sinuhun | susuhunan | sang siniwi | dhatu | sang sri | kangjeng | dipa | pamasa | pangempyan | aji | naranata | srindra | nara indra.
- Dasanamaning ratu: nararya | naradipa | narpa | narapati | sri | sribupati | bumipala | sri naréndra | sri nata | prabu | narèswara | binathara | buminata | pramudya | sinuhun | susuhunan | katong | raja.
- ratu: tegesipun anarambahi.
- raja: tegesipun ageng.
- nata: tegesipun amaréntah.
- pati: tegesipun aparéntah.
- aji: tegesipun kinurmatan.
- prabu: tegesipun sarwa sembada.
- pamasa: tegesipun amisésa.
- nararya, wetahing tembung, nara arya: tegesipun wong kang luhur, wijangipun, nara, wong, arya, luhur, utawi padhang.
- narpa: tegesipun wong kang luhur.
- naréndra, wetahing tembung, naré éndra: tegesipun gegununganing wong, wijangipun, nara, wong, éndra, gunung.
- narpati, wetahing tembung, narapati: tegesipun wong kang amaréntah, wijangipun, nara, wong, pati, paréntah.
- naranata: tegesipun amaréntah wong, wijangipun, nara, wong, nata, paréntah.
- bupati: tegesipun amaréntah ing bumi, wijangipun, bu, bumi, pati, paréntah.
- buminata: tegesipun amaréntah ing bumi.
- adipati: tegesipun luwih paréntahé, wijangipun, adi, luwih, pati, paréntah.
- bumipala: tegesipun pakuning bumi, wijangipun, bumi, inggih bumi, pala, pakantuk, pikekah.
- narèswara, wetahing tembung, nara iswara: tegesipun wong kang linuhur, wijangipun, nara, wong, iswara, luhur.
- naradipa: tegesipun wong kang amadhangi, wijangipun, nara, wong, dipa, padhang.
- éreyangsa: tegesipun trahing bôngsa luhur.
- sri: tegesipun sarwa saé.
- risang: tegesipun luwih luhur.
- dhapa: tegesipun pangareping wong.
- buhpa: tegesipun amengku bumi, wijangipun, buh, bumi, pa, amengku.
- dhatu: tegesipun kang angadhaton.
- mandasiksa: tegesipun wenang angganjar angukum.
- srinda: tegesipun sarwa saé.
- mangkubumi: tegesipun pepakuning bumi.
- mahararya: tegesipun langkung linuhur.
- mengkuradya: tegesipun amengkunagara.
- kangjeng: tegesipun kang lumaku sinebut.
- sinuhun: tegesipun kang ingembun.
- susuhunan: tegesipun langkung pinundhi.
- sunan: tegesipun amiyambaki, kang miyambaki wau kaluhuranipun.
Namaning Ratu
- naradipa. Tegesipun wong kang amadhangi, wijangipun nara: uwong, dipa: padhang, déné panjenengan ratu amadhangaken petenging kawula, kados ta angrawat kang acacad, tiyang malih sato, tuwin sawarnining tiyang ingkang salah kadadosan sapanunggilanipun pinaripurna, angganjar dasih ingkang kaslametan, marasaken ing asakit, mulyakaken ing apapa.
- naranata. Tegesipun wong amaréntah, wijangipun nara: [[uwong, nata: paréntah.
- narapati. Tegesipun sotyaning manusa, wijangipun nara: uwong, pati: sotya, sawenèhing sarjana ugi anegesi wong amaréntah, wijangipun nara: uwong, pati: paréntah.
- bupati. Tegesipun maréntah ing bumi, wijangipun bu: bumi, pati: paréntah.
- bumipala. Tegesipun panungguling bumi, wijangipun bumi: sampun jarwa, pala: panunggul.
- buminata. Tegesipun amaréntah ing bumi, wijangipun bumi: sampun jarwa, nata: paréntah.
- prabu. Tegesipun marabot, sawenèh anegesi bapa, inggih bapakaning manusa kathah, saking tembung Arab pra Abu, tegesipun bapa]].
- katong. Tegesipun déwa katingal.
- ratu. Tegesipun narambahi.
- pamasa. Tegesipun kawasa.
- hèreyangsa. Tegesipun piniji ing déwa, wijangipun hèrhyang: déwa, sang: piniji.
- narpadipa. Tegesipun kajeng adamel padhang, wijangipun narpa: kajeng, dipa: padhang.
- aji. Tegesipun kajèn kinawedèn.
- raja. Tegesipun pangageng.
- sunan. Tegesipun pepundhèn.
- sinuhun. Tegesipun ingembun-embun.
- iswara. Tegesipun linuhur.
- naréndra. Tegesipun gegununganing wong, wijangipun nara: uwong, éndra: gunung.
- sri. Tegesipun bagus, ayu, mila tembung sri, kanggé dhateng sesebutan ratu priya ratu putri]].
- mahawirya. Tegesipun ageng luhur, wijangipun maha ageng, wirya luhur]].
- pangempyun. Tegesipun angaubi, utawi barukuti.
- déné ing Déwanagari, ingkang kanggé inggih amung prabu, raja, ratu, nata, naréndra, narpati, bilih tanah Ngarab sesebutanipun sultan, tegesipun inggih boten bènten akalihan tembung Jawi: susuhunan utawi sinuhun, déné sesebutan kangjeng wenang dhateng kakung wenang dhateng putri, kajengipun inggih ingkang bagus utawi ingkang ayu, tembung ratu inggih wenang dhateng kakung, inggih wenang dhateng putri.
- bandara. Punika tembung wancah, éntaripun banda udara, tegesipun: [[terah tedhaking wong bôngsa agung luhur, wijangipun banda: ageng, udara: luhur.
- pramèswari. Tegesipun langkung linuhuring èstri, wijangipun parama: linangkung, iswari: linuhuring èstri.
- pramèswara. Tegesipun inggih sami kalihan pramèswari, anamung sastranipun ing ngajeng, pramèswarya]].
- wara supadmi. Tegesipun pangagenging garwa, wijangipun wara: pangageng, supadmi: garwa.
- padniswara. Tegesipun garwa ingkang linuhur, wijangipun padni: garwa, iswara: luhur.
- dayita. Tegesipun musthikaning wadon, inggih wadon ingkang pinusthika]].
- narpawadu. Tegesipun ratuning wadon, wijangipun narpa: ratu, wadu: wadon.
- narpadayita. Tegesipun ratu musthikaning wadon.
- narpaèstri. Tegesipun ratu wadon, wonten malih teges èstri jumurung, inggih punika wajibing èstri jumurung ing priya, tan kénging lenggana ing sapakèn]].
- narèswari. Tegesipun ratu dhedhuwuraning wadon, wijangipun nara: wong, sarèhning tumrap ratu èstri dados kategesan pawongan, iswari: ratu wadon.
- waraduhita. Tegesipun pangagenging wadon, wijangipun wara: pangageng, duhita: wadon.
- natarèni. Tegesipun ratuning wadon, wijangipun nata: ratu, rèni: wadon.
- kangjeng ratu. Tegesipun sang ratu ayu.
- wararèni. Tegesipun pangageng ngaèstri, wijangipun wara: pangageng, rèni: èstri.
- sri Mahèswari. Tegesipun ratu pangagenging putri.
- sori. Tegesipun musthikaning putri.
- retnadayita. Tegesipun sotyaning wadon.
- Namaning kangjeng ratu: mahisi | wara mahisi | nata mahisi | naréndra mahisi | nrepawadu | narèswari | narpaduhita | duhita | narpadayita | dayita | garini | naréndra garini | paramèswari | pramèswari | supatni | nata dèwi | patni | sri supatniswari | natarèni | prawara mahisi | raja mahisi | sriyodati | leksmiwati | bini aji | rakyan bini aji | padmi | supadmi.
- mahisi: tegesipun ratuning wadon.
- sang sri: tegesipun ratuning ayu.
- swapadmi: tegesipun garwa pangarep, wijangipun, swa, pangarep, padmi, garwa.
- suretna: tegesipun inten linuwih, wijangipun, su, luwih, retna, inten.
- wara Mahisi: tegesipun pangagenging kenya.
- dèwi: tegesipun pangawak widadari.
- sori: tegesipun garwaning ratu.
- narpawadu: tegesipun kaluhuraning wadon, wijangipun, narpa, luhur, wadu, wadon.
- nata Mahisi: tegesipun maréntah sakadhaton.
- narpaduhita: tegesipun linuhur sagunging wadon.
- paramèswari: tegesipun linangkung luhur.
- paramèswara: tegesipun linangkung luhur, wetahing tembung, parama iswara, wijangipun, parama, linangkung, iswara, luhur.
- sridayita: tegesipun ratuning mustika, wijangipun, sri, ratu, dayita, musthika.
- garini: tegesipun pangagenging wadon.
- natarèni: tegesipun maréntah wadon.
- laksmitawati: tegesipun anengsemaken raos, wijangipun, laksmita, anengsemaken wati, raos.
- supadmi: tegesipun pangawak sekar.
- natadèwi: tegesipun ratuning widadari.
- sriyodati: tegesipun ratuning prajurit wadon.
- naréndra garini: tegesipun gegununganing wong wadon.
- prawara Mahisi: tegesipun pangareping wanodya.
- biniaji: tegesipun garwaning ratu, utawi garwa kang kinurmatan.
- narèswari: tegesipun wong wadon linuhur.
- padniswara: tegesipun garwa kang linuhur.
- narèswara: tegesipun leluhuraning pawongan.
- duhita: tegesipun wadon linuwih.
- rajanari: tegesipun ratu wadon.
- pamasi: tegesipun ratuning wadon.
- Namaning pandhita: resi | wiku | wikwa | mahawiku | yati | suyati | mahayekti | yogi | mahayogi | sidhya | sidha | yampu | yampuh | brahmana | bramaha | sunnya | sidhawikwa | yatiwara | dwijawara | maha pinundhi | muniwara | maharesi | mahamuni | sidhayogi | sidhayogiswara | munindra | yégindra | sang mahening.
- Dasanamaning pandhita: bagawan | maharsi | mahayekti | mahamuni | muniwara | widhi wacana | supadya | sunyata | subrata | mahahening | kawakya | wiku | mahabrata.
- pandhita. Tegesipun pepundhèn, déné pinundhi-pundhi saréréhan wewengkonipun.
- dwija. Tegesipun [[angèsthi terus lair batos.
- dwijawara. Tegesipun muruk seja kalih prakawis, sapisan: angastuti déwa, kaping kalih: amrih karahayon.
- suyati. Tegesipun amesu cipta. Wijangipun: suya: amesu, ti: cipta.
- resi. Tegesipun suci, déné anetepi panggalih asuci.
- wasistha. Tegesipun: langkung awas, kados ta: sumerep sadèrèngipun winarah.
- ajar. Tegesipun: wajib memulang.
Rèhing Pandhita
- Saking ngandhap anama Indhung-indhung. Tegesipun: tiyang karéréhan ingkang saweg mondhok, damelipun babad-babad wana saubengipun ing ardi.
- Inggahipun malih anama Geluntung. Tegesipun: tiyang sampun gegriya nyagak sakawan, damelipun angrerembat, usung-usung, mendhet kajeng tuwin toya.
- Inggahipun malih nama Uluguntung. Tegesipun: lurah kampung, inggih kabebahan amranata sadaya padamelan.
- Inggahipun malih anama Cantrik. Tegesipun: ingkang kabebahan angladosi samukawis, utawi jagi kéngkénan.
- Inggahipun malih anama Cèkèl. Tegesipun: juru taneman, utawi jagi rumeksa pategilan, awon saé wonten tanggelaning Cèkèl.
- Inggahipun malih anama Puthut. Tegesipun: ingkang rumeksa sanggar palanggatan, utawi kabebahan masang pirantosing sesaji pamujan.
- Inggahipun malih anama Mamanguyu. Tegesipun: ingkang kabebahan anabuh gentha kekelèng salebetipun pamujan.
- Inggahipun malih anama Janggan. Tegesipun: ingkang dados juru serat, utawi anganggit-anggit.
- Inggahipun malih anama Wasi. Tegesipun: ingkang dados juru pangadilan, angrampungi prakawis.
- Inggahipun malih anama Ajar. Tegesipun: juru memulang, kawajibaning para ulah arja.
- Inggahipun malih anama Pandhita. Tegesipun: guru ageng ingkang sarwa putus, wajib sinebut Panembahan.
Rèh pandhita Èstri
- Saking ngandhap anama Obatan. Tegesipun tiyang èstri bregajagan, jagi sesadéan utawi tetumbas dhateng peken.
- Inggahipun anama Abet-abet. Tegesipun: jagi mangangsu utawi ramban.
- Inggahipun malih anama Abon-abon. Tegesipun: jagi panyapu utawi memasuh, sesuci sapanunggilanipun.
- Inggahipun malih anama Kaka-kaka. Tegesipun: tiyang èstri jagi olah-olah.
- Inggahipun malih anama éndhang. Tegesipun: jagi kéngkénan utawi ngladosi.
- Inggahipun malih anama Bidhang. Tegesipun: jagi dados inya, anesepi putra wayahipun kiyai ajar.
- Inggahipun malih anama Dhayang. Tegesipun: jagi tetebah, utawi anyebari sekar ing sanggar palanggatan.
- Inggahipun malih anama Sontrang. Tegesipun: dados dhukun, amulasara suker sakit, utawi anggulawenthah anggadarèn putra wayahipun ki ajar.
- Inggahipun malih anama Mentrik. Tegesipun: pinitados juru rerawat samukawis bangsaning busana, punapadéné dhedhaharan sapanunggilanipun.
- Inggahipun malih anama Dungik. Tegesipun: pepingitan badhé dados garwanipun kyai ajar, padamelanipun cariyos lelampahan jaman kina, ingkang dados tepa palupinipun para pawèstri, kalanturipun dipun wastani Kôndhadongèng.
- Namaning sosoran pandhita: ajar | wiyata | jejanggan | bebuyut | puthut | bangbang | cantrik | cecèkèl | manguyu | ulu guntung | indung-indung | ubon-ubon.
- Namaning pujôngga: kawireja | kawiradya | kawiswara | sang akawi | kawindra | kawiwara | paramakawi | paramabasa | paramasastra | môndraguna | awicarita | mardawalagu | mardibasa | sambégana | nawungkridha.
- Dasanamaning pujôngga: kawiswara | muniwara | maharjana | prawyata | mandraguna | nawungkridha | sambégana | mardibasa | kawindra | kawarja.
- Namaning santana: wandu warga | wandu wandawa | wandawa | wangsa wandu wandawa | kulayadu | kulayadu wandu wandawa | kulawandawa | kulawandu wargga | yadukula | kulawargga | sanak sadhèrèk.
- Dasanamaning garwa ratu: pramèswari | pramèswara | swamindra | narpadayita | sori | narèswari.
- Dasanamaning putra ratu: narpatmaja | narpaputra | naréndraputra | darmaja | darmaji | rajaputra | suréndra | narpasiwi | narpasunu | atmajéndra | prabusiwaya | siwayéndra | rajasiwaya | darméndra.
- Namaning putra: sunu | suta | tannaya | weka | atmaja | siwi | wekaja | yranak | ja | hak | ranak | sunya | syanya | anak.
- Namaning pepatih: kyan mapatih | rakyan mapatih | rakryan mapatih | mangkupraja | sénapati | mantri mukya | adipati | anindya mantri | nataradya | mangkubumi | nayaka waktra | mantri wisésa.
- Dasanamaning pepatih: adipati | nayaka waktra | mangkubumi | natapraja | nindyamantri | mantri mukya.
- patih: tegesipun amematah.
- nataradya: tegesipun amematah nagara, wijangipun, nata, mematah, radya, nagara.
- natapraja: tegesipun angrerakit nagara, wijangipun, nata, angrerakit, praja, nagara.
- nayakawaktra: tegesipun panungguling pangarep, wijangipun, nayaka, pangarep, waktra, rai.
- mantrimuka: tegesipun pangareping mantri.
- mantriman: tegesipun mantri linuwih, wijangipun, man, linuwih.
- kyana patya: tegesipun radèn patih.
- nindyamantri: tegesipun tetindhihing mantri, wijangipun, nindya, tetindhih.
- nitiradya: tegesipun aniti nagara, wijangipun, radya, nagara.
- pramadéndra, pancèné, pramada éndra: tegesipun embaning ratu, wijangipun, pramada, lelèmèk, éndra, ratu.
- mantri manggala: tegesipun pangareping mantri, wijangipun, manggala, pangarep.
- bretyèswara, wetahing tembung, breta iswara: tegesipun dhedhuwuraning wadya, wijangipun, breta, wadya, iswara, luhur.
- mantriwisésa: tegesipun mantri kawasa, wijangipun, wisésa, kawasa.
- mantri sudibya: tegesipun mantri anglangkungi.
- patih . Tegesipun mematah.
- patya. Tegesipun mataha.
- mantriman. Tegesipun anglangkungi tigang prakawis, bopati, papati, sénapati.
- mantrimukya. Tegesipun inggih dados panunggul tigang prakawis wau, tegesing mukya, panunggul.
- natapraja. Tegesipun anata nagari, wijangipun nata: matrap, matah; praja: nagari.
- nataradya. Tegesipun mranata nagari, wijangipun nata: mranata, radya: nagari.
- mantriwisésa. Tegesipun kadunungan wewenang tigang prakawis, ulat, ulah, ilat, tegesipun ulat, pamawasan, déné anguningani pangulahing praja, ulah pangretos, déné amangretos samukawis lampah-lampahing praja, ilat, lidhah, déné lepas dhateng pangulahing parapaben. Sawenèhing sarjana mantri punika kajarwanan angawruhi tigang prakawis, nistha, madya, utama, nisthanipun déné anyumerepi dhateng ngalit, madyanipun anyumerepi dhateng tengah kados ta: bupati sapanunggilanipun, utamènipun déné angemban dhawuhing ratu.
- mantrimuktya. Tegesipun mantri mukti, awit sadaya abdi dalem sapanginggiling jajar minggah kasebut mantri.
- Namaning sénapati: sénanata | dipati | sénadipa | sénapati | natayuda | pramugari.
- Dasanamaning sénapati: sénaraja | sénanata | surènglaga | wiramanggala | wiraséna | manggalèng prang | surèngkéwuh | nrangbaya | nrangwèsthi | danupaya | sénaraja | sénapraja | wirapraja | sinduséna | pratiwanung | surèngbala | natayuda | mangkuyuda | mangkudilaga.
- Namaning prajurit: wira | prawira | wirayodha | suwira | partiwa | wara | prawara | warayodha | yoda | wirarodra | sura | suranggakara | danuja | dibya | sudibya | widagda | dibyanung.
- Dasanamaning prajurit: pratiwa | prawira | sarjana | pragola | pragosa | prayudha.
- Namaning tumenggung: wadana | bupati | nayaka.
- Dasanamaning tumenggung: bupati | wadana | arya | nayaka.
- tumenggung. Tegesipun dhedhenggung, utawi tumenggung, déné anenanggung dhateng sawewengkonipun.
- bopati. Tegesipun kabubuhaning paréntah.
- nayaka. Tegesipun polatan, utawi panunggul.
- wadana. Tegesipun pangajeng, déné dados pangajenging bawahan.
- manggala. Tegesipun pangageng.
- prawara. Tegesipun pangageng.
- pratiwa. Tegesipun sarwa samekta, wijangipun tembung, parati: miranti, iwa: karo.
- pradhara. Tegesipun tengah antaraning pangageng, awit dhara, gadhah jarwa antara ageng.
Ya ta ing ngandhap punika lajeng amratélakaken namaning wadyabalaning ratu satunggal-tunggalling wadya dalah kawajibanipun piyambak-piyambak sami kapratélakaken ing ngandhap punika, sarta uruting pepangkatan sami dipun tegesi piyambak-piyambak.
- patih: paréntah, inggih punika ingkang winenang amaréntah para wadya sadaya. Utawi ingkang kapasrahan pangawasa anampurnakaken paréntah saulahing panata praja.
- adipati: pangagenging paréntah, inggih punika ingkang winenang anampèni paréntahing ratu, utawi ingkang kasérénan pangawasaning pepatih amaréntahaken patraping leleresan.
- sénapati: amangku paréntah, inggih punika ingkang winenang anggadhuh pangawasaning ratu, kapasrahan angrèh para prajurit. Amariksani ingeripun gelaring prang, anglanglang pringgabayaning paprangan.
- bupati: bawahaning paréntah, inggih punika ingkang winenang amaréntah dhateng bawahipun piyambak. Utawi kaleresan anampèni paréntah saking pepatih.
- adipati kupu: adipati mardika, inggih punika ingkang amadanani para pandhita, utawi para pradikan ing sapanunggilanipun sadaya, winenang amaréntahaken saulahing panata agama.
- tumenggung: dhenggung, utawi tetindhih. Inggih punika ingkang winenang amariksani samukawis lelampahan ayahaning ratu, saha kabebahan ulah dedamel ingkang dados ageming ratu, sarta kawajiban ananggel awon saéning kancanipun.
- nayaka: panunggul, utawi pangirid. Déning dados pangagenging bala, inggih punika ingkang winenang amatah padamelaning bawah karéréhanipun sadaya.
- wadana: rai, utawi pangajeng. Inggih punika ingkang winenang dados ulu-ulu patraping padamelan. Saha ingkang wajib dados pangajenging lampah.
- punggawa: pangayap, utawi pangawinan. Tegesipun malih pangampilan. Inggih punika ingkang kabebahan dados tetindhihing ampilan upacara kapraboning ratu]], utawi [[angampil paréntahing pepatih.
- ariya: luhur, utawi padhang, inggih punika santananing ratu ingkang winenang anunggil padamelan kalihan para wadana utawi para wadana ingkang taksih kalebet santana punika wenang sinebur ariya.
- sinangarya: sinebut luhur. Inggih punika para punggawa ingkang winenang anunggil padamelan kalihan para santana.
- panji: panunggul. Inggih punika santana ingkang winenang dados pangajenging prajurit.
- paméya: bôngsa linuwih. Inggih punika bangsaning para ageng ingkang winenang dados sesulih anglampahi padamelaning para punggawa.
- kaliwon: kapiji, déning winenang anampèni paréntah saking bupati, utawi tegesipun malih kalih éwon. Punika kabekta saking lenggahipun kala ing kina siti dhusun karya kalih èwu.
- panèwu: Golongan. Déning winenang anampèni paréntah saking kaliwon, kadhawahaken dhateng golonganipun. Utawi tegesipun malih panéwon. Punika kabekta saking lenggahipun kala ing kina siti dhusun karya sèwu.
- mantri: linuwih, utawi sapocapan. Déning kawenangaken imbalan wacana kalihan para ageng, saha langkung waskitha kadadosanipun ing lampah tigang prakawis.
- Ingkang rumiyin nistha, inggih punika saged anyinggahi patraping lampah ingkang dhawah nistha.
- Kaping kalih madya, inggih punika saged anetepi patraping lampah ingkang dhawah madya.
- Kaping tiga utama, inggih punika saged angantepi patraping lampah ingkang dhawah utami.
- arya pepati: wadana paréntah. Inggih punika ingkang kapitadosan anampèni dhawah anglampahaken paréntah.
- arya tiron: wadana panulad. Inggih punika ingkang kapitadosan amemulang ing lampah utami, utawi ingkang kabetahan amatrapaken sakathahing padamelan leres, saha ingkang winenang anjagèni pandameling mengsah.
- aryaléka: tegesipun wadana pananggalan. Inggih punika ingkang kapitadosan anglurahi para wadya ahli étanging palak pananggalan sapanunggilanipun.
- aryajômba: wadana pasucèn. Inggih punika ingkang kapitadosan anglurahi para wadya pangulu toya, ingkang sami ulah reresik salebeting pura, utawi ngresiki pasiramaning ratu.
- arya manguri: wadana pamudharan. Inggih punika ingkang kapitadosan anglurahi para wadya jeksa, winenang amudhari karampungan ingkang dèrèng leres. Kawajibanipun amrayogi lampahing prakawis.
- arya niti: wadana setya. Inggih punika ingkang kapitadosan anglurahi para wadya gedhong, winenang anggemèni kagunganing ratu, saha amariksani dameling para wadya among tani sadaya.
- arya kôndha: wadana dagang. Inggih punika ingkang kapitadosan anglurahi para wadya sudagar, kawajibanipun amariksani ingkang sami anglampahaken wedaling gegramèn ingkang saking nagari]], utawi lebeting gegramèn ingkang saking amôncapraja.
- patya tandha: amaréntah tôndha. Inggih punika ingkang kapitadosan amadanani para pabéyan bandar dharat. Kawajibanipun anyepeng pangawasaning peken ing sapanunggilanipun sadaya.
- pecatôndha: wetahing tembung: pecatôndha, tegesipun pamecat andhaning baita, inggih punika ingkang kapitadosan amadanani para pabéyan bandar laut sadaya, kawajibanipun anyepeng pangawasaning muara saganten ing sapanunggilanipun.
- tôndha mantri: mantri tôndha. Inggih punika ingkang kapitadosan dados juru pamupu béyaning peken.
- ôndhamoi: pangkataning pangulah, inggih punika ingkang kabebahan amemangkat ulahing padamelan. Ingkang pancèn ulah padamelan agal utawi lembat. Sami pinatah piyambak-piyambak padamelanipun.
- daksa: jejeneng. Inggih punika wadya jeksa ingkang kabebahan angrampungi leleresaning prakawis.
- jambaléka: padhang wulan. Inggih punika ingkang kabebahan dados juru amariksani samukawis. Saha winenang amot amengku wisésa dhateng prakawisipun tiyang ulah wisaya amendhet ulam toya.
- pujôngga: ulah pamesu raga. Inggih punika ingkang kabebahan anganggit cariyos mawi kasekaraken. Kawajibanipun amemantes uruting ukara kalihan amatrapaken tatakramaning serat kintunan ingkang saged angrapetaken ing arenggang.
- panjang jiwa: wetahing tembung: panjang jihwa, tegesipun lidhah panjang, inggih punika ingkang kabebahan andhawahaken paréntah.
- ulubalang: pangajenging pacalang, inggih punika ingkang kabebahan dados juru anglampahaken serat.
- anggandhèk: anyandhik. Inggih punika ingkang tinedah angemban timbalaning ratu, utawi ingkang kabebahan angrukti pirantosing paganténan.
- kabayan: lantaran. Inggih punika ingkang kabebahan dados lantaran andhawahaken paréntah.
- angabèi: angimpuni, déning anarambahi lampahipun ing padamelan sadaya.
- demang: cecepengan utawi bebundhel. Inggih punika ingkang kabebahan anyepeng padamelan bawah padhusunan. Utawi kapitadosan anyepeng sakathahing lelangen busana karajan sapanunggilanipun. Winenang amemantes panganggèning para wadya sadaya.
- rôngga: wewengku utawi pangrengga. Inggih punika ingkang kabebahan anyaèni sawewengkoning bawahan. Winenang amangun sesikon padaleman salebeting pura, miwah angrakit pasanggrahan.
- kandhuruhan: pasérénan. Inggih punika ingkang kasérénan dhawah utawi anampurnakaken paréntah.
- pasepan: tetelik. Inggih punika ingkang kapitadosan dados juru pangingsep-ingsep samukawis.
- pamotan: pangemotan. Inggih punika ingkang kapitadosan amingit wewadosing ratu.
- karerengan: kawingitan. Inggih punika ingkang kabebahan dados juruning panglanglang salebeting pura.
- kajineman: kasidheman. Inggih punika ingkang kabebahan dados juru panglanglang salebeting praja.
- pandelegan: panengkelan, utawi panenungan. Inggih punika ingkang kabebahan dados juru tenung miwah juru nujum ingkang bôngsa pepétangan sapanunggilanipun.
- palimpingan: pralambangan. Inggih punika ingkang kapitadosan ulah jangkaning nagari.
- pasingsingan: sabarangan. Inggih punika ingkang winenang ambawahaken para wadya griya sadaya.
- salingsingan: salisiban, utawi saliringan. Inggih punika ingkang winenang ambawahaken para wadya anon-anon sadaya.
- pakulupan: pamagangan. Inggih punika ingkang winenang angrèhaken para wadya pamagangan sadaya.
- pangalasan: juru wewanan. Inggih punika ingkang kabebahan amendhet kajeng dhateng wana.
- tuwaburu: tukang ambebujeng. Inggih punika ingkang kabebahan amendhet sato wana, winenang angreramu sato galak.
- wuruk: kusiripun ing titihan padhati.
- mantri panglima: mantri mônca gangsal. Inggih punika pangagenging mantri amônca dhusun, alenggah mantri panèwu.
- umbul: pepundhèn. Inggih punika ingkang dados wadananing tetiyang padhusunan, alenggah mantri panatus.
- bebuyut: sesepuh. Inggih punika ingkang dados kamisepuhing tetiyang padhusunan. Alenggah mantri panèket.
- adèn-adèn: kaluwihan. Inggih punika ingkang dados guru utawi panguluning tetiyang alit ing padhusunan. Alenggah mantri panglawé.
- lurah: ulu-ulu, utawi kapala, tegesipun malih pangajenging panggénan. Inggih punika ingkang kawenangaken dados sesirahing padamelanipun tetiyang alit ing padhusunan. Alenggah sapalihing mantri panglawé.
- patinggi: pamangkat. Inggih punika ingkang kawenangaken amemangkat padamelaning tetiyang alit ing padhusunan. Alenggah sapalihing lurah.
- bekel: tengga utawi tenggah. Tegesipun malih ancer. Inggih punika ingkang kawenangaken rumeksa awon saéning padhusunan. Alenggah sapalihing patinggi.
- paragak: guru, utawi pakah, inggih punika ingkang kabebahan angleresi prakawisipun tetiyang alit ing padhusunan. Alenggah sapalihing bekel.
- sikep: pirantos. Inggih punika tetiyang alit ingkang anyanggi damel. Alenggah sapalihing paragak.
- karaman: arahan, utawi anjrahan. Inggih punika tetiyang alit ingkang boten anyanggi damel. Amung ngindhung abarak sakawan kémawon.
Punika wewijanganing namanipun para priyantun satunggal-tunggal. Nama saha lajeng tinegesan. Kados ing ngandhap punika.
- panji andaka: tungguling bebanthèng. Inggih punika lelurah ingkang dados sosoran pangajenging prajurit.
- wirancana: prajurit sanglingan. Inggih punika prajurit miji.
- wiraraja: prajurit karajan. Inggih punika prajurit lebet.
- wirasinga: prajurit pikuwat. Inggih punika prajurit jawi.
- wirasari: singa barong, inggih punika prajurit ingkang rumeksa para pawèstri.
- suratani: kakendelaning tani. Inggih punika prajurit dhusun.
Ing ngandhap punika jarwanipun namaning ratu, utawi para santana abdi ingkang dèrèng kasebut ing ngajeng wau, sami dipun jarwani namanipun piyambak-piyambak.
Sebutaning nama --- Tegesipun
- ratu: anyarambahi
- gusti: rahsa gunem. Pasebutan.
- bendara: aub-aub = sesepuh.
- kangjeng: ingkang suku.
- susuhunan: pepundhèn.
- panembahan: panyembahan.
- pangéran: pangawulan.
- ariya: luhur = padhang.
- panji: tetunggul.
- rahadèn: sesotya, bagus.
- kiyai: sesepuh, minôngka kaki.
- pangulu: sesirah = pangajeng.
- santri: magangan, panakawan.
- pakathik: panganthi.
- pagondhal: panggondhol.
- jajar: jèjèr = rampak.
Dasanama jagad
[besut]- Namaning jagad: rat, paramodhadya | paramotama | paramosita | paramodita | paramosésa | paramosadha | jagadtraya | rakwiryawan | rat kotyama | rat pramawa | rat kartyawan | rat paramoditaya | paramosésaya.
- Dasanamaning jagad: bawana | janapriya | triloka | rat | bumipala | buwana | tribawana | janaloka | warsi.
- Namaning enggon: loka | pada | swana | syana | sana | unggyan | stana | astana.
- Namaning bumi: buhwananda | buhwana | ngandha bumi | ngandha buhwana | bumi mandha | mandhala | bumi mandhala | tri mandhalaya | tri bawana | bawana | kisma | bantala | pratala.
- Dasanamaning siti: bumi | siti | pratala | bantala | kisma | atana | pratiwi.
- bumi. Tegesipun lebu sumemi.
- lemah. Tegesipun malumah.
- bantala. Tegesipun dhedhasar.
- kisma. Tegesipun kikasing banyu.
- pratala. Tegesipun ambah-ambahan.
- pratiwi. Tegesipun ambah-ambahan eleting banyu.
- rat. Tegesipun narambahi.
- jagad. Tegesipun ambah-ambahan.
- wati. Tegesipun ngekahi.
- loka. Tegesipun sumarambah.
- lebu. Tegesipun pangemotan.
- bawana. Tegesipun jembar.
- mandhala. Tegesipun wewates.
- pramudita. Tegesipun angwontenaken sarwa tumuwuh.
- Namaning madyapada: marapada | aripada | amarapada | manusapada | martyapada | swamanusa | amartyapada | narapada | janmapada | janapada | madyapada.
- Namaning delahan: martyaloka | martyalokaya | triloka | janaloka | loka bawana | narahyang | amaraloka | muksapada | kamuksapada | nirayapada | smaralaya.
- Namaning srengéngé: surya | raditya | arka | rawi | baskara | diwangkara | haruna | héra | suwandagni | kalandaragni | dinangkara | radéya | andakara.
- Dasanamaning srengéngé: surya | rawi | arka | radéya | aruna | baskara | bagaskara | bagaspati | radhitya | basu | arika.
- srengéngé: tegesipun déné balerengi.
- surya: tegesipun déné sumorot.
- andakara: tegesipun murub kumukus.
- bagaskara: tegesipun padhang amurub.
- rawi: tegesipun medalaken riwé toya.
- arka: tegesipun anyunari toya.
- bagaspati: tegesipun ratuning pepadhang.
- wrahaspati: tegesipun ratuning panas.
- ari: tegesipun amadhangi.
- kulôndaragni: tegesipun genining awang-awang.
- jamatagni: tegesipun geni anglimputi.
- arkara: tegesipun urub ngemu banyu, inggih punika ngaringet.
- samsi: tegesipun amadhangi.
- raditya, sami lan radité: tegesipun narambahi pikuwat dhateng cecukulan.
- srengéngé. Tegesipun sereng tumangi, inggih punika murugaken dhateng kekencengan.
- surya. Tegesipun sesorotipun anuju kang kauban.
- rawi. Tegesipun kumaringet, angedalaken toya dados jawah.
- arka. Tegesipun anganakaken banyu, wijangipun ar: banyu, ka: anak.
- bagaskara. Tegesipun urub kang adamel kiyat, wijangipun bagas: kiyat, kara: urub, gawé.
- bagaspati. Tegesipun ratuning pepadhang, wijangipun bagas: padhang, pati: ratu.
- wrahaspati. Tegesipun mamrih waras, wijangipun wrahas: waras, pati: paréntah, angrèh, mamrih.
- aruna. Tegesipun meres banyu, déné saged anggaringaken samukawis kang ateles.
- siwandakara. Tegesipun pangawak urub, wijangipun siwanda: awak, kara: urub.
- raditya. Tegesipun narambahi kaluwihan, wijangipun rat: jagad, ditya: linangkung, sawenèhing sarjana anegesi adining jagad.
- jamatagni. Tegesipun paningal latu, wijangipun jamata: paningal, agni: latu.
- tandhaning dumadi. Tegesipun pratandhaning titah, déné tandhaning gesang saking latu, witing latu saking srengéngé.
- Namaning rembulan: wulan | yayi | côndra | basônta | sasôngka | kirana | sitangsu | lèk | tèngsu | tanggal.
- Dasanamaning rembulan: candra | candrama | basônta | sitangsi | lèk | sasôngka | wulan | arki | diwangkara | sitèngsu | maéra.
- rembulan: tegesipun déné suda wuwuh, kados ta wulan nèm sepuh mawi suda wewah.
- tèngsu: tegesipun sipat élok.
- basônta: tegesipun déné cahyanipun wening kados mas, wijangipun, bas, emas, sônta, wening.
- sasi: tegesipun piniji-piji.
- wulan: tegesipun yèn Wuntu umur 30 dinten.
- côndra: tegesipun bebunderan.
- purnama: tegesipun wutuh, inggih punika yèn tanggal 14.
- kirana: tegesipun yèn tanggal enèm.
- sasadhara: tegesipun pepadhanging awang-awang.
- indung: tegesipun yèn nuju panglong.
- lèk: tegesipun sumunar.
- tanggal: tegesipun golong.
- léka: tegesipun wening.
- kamari: tegesipun amadhangi.
- rembulan. Tegesipun patempukan.
- côndra. Tegesipun bunder, utawi rengga, déné wujudipun sarwa angresepaken.
- purnama. Tegesipun wetah, inggih punika yèn tanggal gangsal welas.
- wulan. Tegesipun wetahan, inggih punika yèn wulan jangkep umur 30 dinten.
- sasi. Tegesipun miji, inggih punika yèn umuring wulan nuju 29 dinten.
- sitaresmi. Tegesipun angresepaken manah, wijangipun sita: ati, resmi: ngresepaken.
- sitangsu. Tegesipun pamanahan anglangkungi, wijangipun sita: manah bener, angsu: nglangkungi, ngingsep.
- Namaning lintang: wintang | bintang | kalintang | taranggana | sudama.
- lintang. Tegesipun linangkung, déné kathahipun anglangkungi sadaya wewarnèn ingkang katingal.
- kartika. Tegesipun kertèb, déné kasawang saking ngalam dunya katingal pating kertèp
- sukra. Tegesipun maramong, awit déné katingal amyang.
- sudama. Tegesipun sumorot pindha damar.
- sasa. Tegesipun sawiji-wiji, déné dados wewijèning samukawis wewarnèning dunya punika sadaya, dèrèng wonten samukawis sampun mujudaken lintang adhapur sinaroja, awarni manusa, sato, iber, dharat, bujengan toya, dandosan.
- Namaning langit: wiyat | wiyati | jumantara | tawang | awang-awang | antariksa | nabastala | rawismara.
- Dasanamaning langit: akasa | wiyati | dyut | dikdik | tawang | dyumantara | gegana | iswara.
- akasa. Tegesipun santosa.
- langit. Tegesipun kumulit.
- gegana. Tegesipun anglimputi, inggih anguwaosi, mila katembungaken anguwaosi déné dados kekandhanganing jagad sadaya.
- wiyat. Tegesipun langkung luhur, utawi panggénan langkung tebih.
- jumantara. Tegesipun antara kang lepas tebané, inggih antara ingkang alus.
- widi-widik. Tegesipun polatan bener, inggih tebih, labet ing nginggil punika lantas kémawon, boten kalingan ing wewarnèn wadhag.
- namu-namu. Tegesipun amun-amun.
- Namaning gunung: éndra | girindra | wukir | acala | aldaka | arga | giri | parwata | parbata | parsa | ardi | imawan.
- Dasanamaning gunung: prawata | prabata | wukir | acala | arga | ardi | himawan | maéndra | giri | mèru.
- gunung. Tegesipun geneng, angatingalaken jurang-jurangipun.
- éndra. Tegesipun yèn katingal saking katebihan.
- giri. Tegesipun yèn kalinggihan sukunipun ing gunung.
- parwata. Tegesipun yèn kalinggihan ing luhur.
- wukir. Tegesipun manawi pinuju cinangkraman. Tegesing cinangkraman manawi kanggé lelangenan.
- ancala. Tegesipun manawi kanggénan tiyang anastapa.
- asalingga. Tegesipun bilih kèdegan pucuking redi.
- aldaka. Tegesipun bilih tinimbangan sami ardi.
- wanawasa. Tegesipun ardi mawi wana.
- Namaning banyu: tirta | warih | toya | ranu | gangga | wé | tuban | jahning | jahnawi | sindu | udaka.
- Dasanamaning toya: tirta | warih | sindu | ranu | gangga | sangara | wé | tuba.
- banyu: tegesipun asrep.
- udaka: tegesipun toya mungguhing wadhah.
- étu: tegesipun toya mungguhing wowohan.
- warih: tegesipun toya mungguhing oyod.
- tirta: tegesipun toya mungguhing sumur.
- lowak: tegesipun toya mungguhing rerembesan.
- lodaka: tegesipun toya saking rembesan.
- wulusan: tegesipun toya mancur saking paredèn.
- sindu upaka: tegesipun toya mungguhing bangawan.
- petha: tegesipun toya amunthuk.
- rancak herni: tegesipun toya tinalangan.
- arjuna: tegesipun toya meneng ing watu, utawi toya jun.
- suci: tegesipun toya mungguhing jembangan, miwah padasan.
- ludha: tegesipun banyu idu.
- wé: tegesipun banyu karinget.
- his: tegesipun banyu asrep.
- hèr, har: tegesipun banyu winening.
- udaka. Tegesipun banyu mungguhing wewadhah.
- étuh. Tegesipun banyu yèn mungguhing wowohan.
- warih. Tegesipun banyu yèn mungguhing ngoyot, utawi mungguhing karambil.
- tirta. Tegesipun banyu yèn mungguhing sumur.
- lowak. Tegesipun banyu yèn mungguhing rerembes.
- wulusan. Tegesipun banyu mancur saking gunung.
- petha. Tegesipun banyu kang munthuk malendhung.
- rancak hèrni. Tegesipun banyu mili katalangan.
- sindu. Tegesipun banyuning lésan, inggih punika idu.
- sindu upaka. Tegesipun yèn banyu bangawan, wijangipun sindu: banyu, upaka: paklempakaning lèpèn.
- suci. Tegesipun banyu ing pasimpenan, kados ta: jembangan, genthong, padasan, kendhi, kulah, sapanunggilanipun.
- arjuna. Tegesipun banyu yèn mungguhing watu, utawi toya ing jun, wijangipun ar: banyu, juna: jun.
- jala. Tegesipun banyu molah, inggih molah inggih mili.
- sih. Tegesipun banyu ngasrepi.
- jahning. Tegesipun banyu telaga.
- wé. Tegesipun banyu rerambas.
- ranu. Tegesipun banyu sinolah.
- sagara. Tegesipun banyu angideri jagad.
- tasik. Tegesipun banyu polatan tebih.
- laut. Tegesipun banyu ngelaut.
- jalanidhi. Tegesipun banyu kang bener, utawi banyu angendhong, inggih banyu kang angedhung.
- hèrnawa. Tegesipun banyu sawangan ingkang tebih.
- samodra. Tegesipun banyu patempukan mubeng.
- udaya. Tegesipun banyu kang akèh, utawi banyu munjung, inggih banyu kuwat, déné pakumpulanipun langkung kathah.
- udadi. Tegesipun banyu wuwuh-wuwuh.
- jaladhiyan. Tegesipun banyu angalun.
- Namaning alas: wana | bana | tarataban | wulusan | wanawasa | wanadri | wanapringga | lirang | welahan | wanantara | utan | rimba | wanardi.
- Dasanamaning alas: wana | wanadri | bana | siluka | wanawasa | wawrita.
- Namaning angin: barat | maruta | pawana | samirana | bayu | anila | pracôndha | bajra | sindhung | lésus | prahara.
- Dasanamaning angin: maruta | pawana | prahara | samirana | uswasa | anila | bayu | bajra | pracôndha | aliwawar | lésus | sindhung.
- aliwawar: tegesipun angin ngéntaraké watu.
- prahara: tegesipun angin angirid udan.
- maruta: tegesipun angin anggingsiraken.
- pawana: tegesipun angin alas.
- bayu: tegesipun angin campur.
- bajra: tegesipun angin ageng.
- sindhung: tegesipun angin ngemut mendhung.
- pôncawora: tegesipun angin sarawungan gangsal gèn. Saking wétan, lèr, kilèn, kidul, tengah.
- ayaskara: tegesipun angin buwang méga.
- angin sasar: tegesipun angin tanpa sangkan, tekané karya sulah dhateng sadayanipun, panggénan dharat.
- maruta. Tegesipun pamoring loro, déné saged anunggil toya, akalihan nunggil amun-amun.
- bayu. Tegesipun angin damel rahayuning tetaneman.
- bajra. Tegesipun angèbeki.
- prahara. Tegesipun angin ageng.
- pôncawora. Tegesipun angin pakumpulan gangsal, saking tengah, inggih punika ngandhap inggil, sanèsipun saking kéblat sakawan.
- lésus. Tegesipun angin meses.
- angin. Tegesipun saged sumurup ing sadhéngah panggénan kang abolong, utawi tansah amolah kumejeb-kejeb.
- pawana. Tegesipun angèbeki kawontenan.
- angin kakim. Tegesipun prahara kang langkung keras, adamel risak.
- angin sarsar. Tegesipun angin tanpa sangkan, inggih damel risak.
- ayaskara. Tegesipun angin buwang méga.
- aliwawar. Tegesipun angin ngéntaraken watu.
- angin asip. Tegesipun lésus saganten, ingkang adamel risaking baita.
- angin tasep. Tegesipun prahara ugi karya bilai.
- sindhungriwut. Tegesipun prahara tempuran, saha mawi jawah.
- gulingan. Tegesipun angin andhasar, anyakécakaken saré.
- caratwarsa. Tegesipun prahara ageng.
- Namaning geni: pawaka | dahana | brama | bahni | anala | apuya | puyi | latu.
- Dasanamaning geni: dahana | pawaka | brahma | panjuta | brama.
- Namaning sagara: samudra | jalanidhi | udaya | udadi | hèrnawa | waudaya | waudadi | tasik | jaladhiyan | jadhi | nadi | jaladri | maodadi | laut.
- Dasanamaning saganten: tasik | samudra | jaladri | jaladhiyan | sagara | waudaya | waudadi.
- sagara: tegesipun banyu manggèn.
- laut: tegesipun banyu tanpa tepi.
- jaladri, wetahing tembung, jala ardi: tegesipun banyu angideri gunung, wijangipun, jala ubeng, ardi, gunung.
- samodra: tegesipun banyu ngideri jagad.
- jalanidhi: tegesipun banyu narambahi.
- hèrnawa: tegesipun banyu aneleng.
- tasik: tegesipun banyu rata.
- Dasanamaning lèpèn: narmada | sungiya | banawi | banawa | minaka.
- Namaning Kali
- kali. Tegesipun kaili, déné kailénan toya.
- lèpèn. Tembungipun ngajeng lèpwèn, kajengipun lèp, wèn, tegesipun ilèn-ilèn, wèn, panggénan toya.
- narmada. Leresipun tembung, naharmada, tegesipun pangemotaning banyu.
- bangawan. Leresing tembung ngajeng, banawan wijangipun ban: banyu, awan: dalan, dados dalaning banyu.
- banawi. Banawé, tegesipun kumpulaning banyu.
- ci. Tegesipun gèn pasucèn.
- Dasanamaning méga: jaladara | érawan | ima | sisira.
- ima: tegesipun yèn ngalingi wulan nipis.
- jaladara: tegesipun yèn méga mendhung dèrèng udan.
- nirada: tegesipun yèn méga ireng awor lan méga abang.
- ima kapura: tegesipun yèn méga ngideri surya.
- sasmiti: tegesipun yèn méga awor lan kekayon.
- imantaka: tegesipun yèn méga papak lan banyu.
- urur: tegesipun yèn méga panjang anyalèntrèng.
- kokap: tegesipun yèn méga putih kadi kukus.
- irawan: tegesipun méga kang angemu kaluwung.
- ulupi: tegesipun [[méga kang angemu udan angendhanu.
- ôndrawila: tegesipun méga muyeg cemeng angemu jawah.
- ima layung: tegesipun méga soré.
- ima. Tegesipun yèn ngalingi wulan nipis.
- nirada. Tegesipun yèn méga cemeng anunggil méga abrit.
- imakapura. Tegesipun yèn méga angidering srengéngé.
- sasmiti. Tegesipun yèn méga awor lan kekayon.
- imantaka. Tegesipun méga papak lan banyu.
- ulur. Tegesipun méga panjang anyalèntrèng.
- kokap. Tegesipun manawi méga putih kang kadi kukus.
- méga. Tegesipun pangemotaning banyu, amargi karinget sapanunggilanipun asring manggèn ing ngriku, minôngka sangsangan.
- Dasanamaning mendhung: danu | jaladha | tedhuh | wangkawa | tibeng | limeng | remeng.
- mendhung. Tegesipun mangendhong, déné dados endhonganing toya jawah.
- jaladara. Tegesipun andheg-andheging awang-awang, wijangipun jala: anggreg-anggreg, udara: awang-awang.
- kuwéra. Tegesipun panggénan pangemotaning toya jawah.
- jaladha. Tegesipun banyu angendhong, déné kandhongan toya jawah.
- dhanu. Tegesipun mendhung peteng.
- imaèrya. Tegesipun méga angemu toya, inggih mendhung ugi.
- imandaka. Tegesipun inggih méga ngemu toya, wijangipun ima: méga, daka: banyu, saking wancahaning tembung udaka.
- Namaning Kekuwung
- kekuwung. Tegesipun kabekta saking wujudipun kuwung, inggih ngelowong.
- wangkawa. Tegesipun kumalowong.
- danu. Tegesipun kuwung marganing udan, wijangipun dan: udan, nu: dalan, amargi kuwung punika téjaning banyu, saben banyu kasorot déning surya, mawa kuwung, sasirnaning kuwung temtu jawah lajeng tumurun.
- danumaya. Tegesipun kuwung ingkang sorotipun langkung wening, jalaran resik tanpa mendhung, wekasan boten dhawahaken jawah, sabab saking kabuncang ing angin.
- téjaèrwa. Tegesipun téjaning banyu, wijangipun téja: sampun mastani, èrwa: banyu.
- Dasanamaning garimis: kremun | caracap | truh | tereh | awun-awun | rerawun.
- Dasanamaning calèrèt: cararat | cancala | kilat | thathit | lidhah | obar-abir | sesiring.
- calèrèt. Tegesipun sumelèt.
- kilat. Tegesipun calèrèt ingkang dumunung wonten méga kandel badhé jawah.
- lidhah. Tegesipun kilat ingkang medal mangsaning dalu.
- widyuta. Tegesipun kilat yèn sumela méga peteng.
- thathit. Tegesipun kilat anyarengi galudhug.
- kedhap. Tegesipun manawi nuju petenging jawah akarya pepadhang.
- kelap. Tegesipun gilap, inggih punika sorot hawaning latu bentèr ingkang dumunung wonten ngamun-amun. Manawi katrajang déning mendhung méga jawah, besatipun dados baledhèk.
- Dasanamaning galudhug: gledheg | guruh | guntur | geter | goraya | gentur.
- galudhug. Tegesipun swara tetumbukan, tempukaning daya angin, latu, amun-amun, toya, kang kinarubeng déning mendhung.
- geter. Tegesipun swara kang angébahaken pangrasa, amargi suwantenipun ametik wonten talingan, jalaran kakrubeng mendhung, dados tanduking swara meleg boten saged buntas marenca.
- guntur. Tegesipun swara kang angébahaken pangrasa kadosdéné ngoregaken jagad sadaya.
- grah. Tegesipun swara adamel otering jagad]], utawi damel getering talingan.
- gumuruh. Tegesipun [[swara tampan-tinampan].
- Dasanamaning baledhèg: mawrahas | wrahaspati | glap | wrestika | mapileng.
- bledhèk. Tegesipun kabekta saking swara jumebrèt.
- gelap. Tegesipun saking mawa tôndha gumebyar gumilap.
- graksa. Tegesipun baledhèk kang agawé risaking samukawis.
- wrahaspati. Tegesipun ratuning galak, wijangipun wrahas: galak, pati: ratu.
- ketug. Tegesipun suwanten ingkang anglangkungi sora.
- kupak. Tegesipun langkung banter.
- pater. Tegesipun swara ingkang kadi mubeng.
- cancala. Tegesipun anjejak, déné anjejak panggénan umbulipun dhateng ing tawang.
- jaladha. Tegesipun baledhèk wor mendhung.
- Namaning udan: jawuh | jaweh | jawah | warsa | wresti | riris | surur | caracap | sra.
- Dasanamaning udan: warsa | wresti | jawuh | jaweh | riris | baruna.
- udan. Tegesipun banyu tumurun.
- warsa. Tegesipun banyu bener, déné dèrèng kacampuran bangsaning toya sanès.
- riris. Tegesipun jawah kerep.
- jawah. Tegesipun wetuning banyu, inggih punika toya karinget.
- garimis. Tegesipun jawah lembat.
- rerep-rerep. Tegesipun jawah teteruh.
- awrur. Tegesipun jawah sumawur.
- teruh. Tegesipun jawah tôndha gara-garaning sinatriya.
- rarabi. Tegesipun jawah sonten.
- surur. Tegesipun jawah ngarecèh.
- warsaya. Tegesipun ananing banyu, déné witing toya saking jawah.
- wresti. Tegesipun jawah adres langkung lembat.
- Dasanamaning jawah adres: musus | meses | mrakempa | sumembur | balbah | seg-seg | dres.
- Dasanamaning banjir: umrika | rob | mlahar | mlapar | mlabar | bna.
- Namaning Jurang
- jurang. Tegesipun jero.
- singgrong. Tegesipun sing gerong.
- rèjèng. Tegesing rèjèng jarèh-jarèh]].
- trejung. Tegesipun ménggak-ménggok.
- siluk. Tegesipun inggih ménggak-ménggok.
- sungil. Tegesipun langkung rumpil, déné sarwa makèwedi.
- gahana. Leresipun guhan tuwin gwahan, tegesing guhan pajegongan, tegesing gwahan cegowahan.
- prajongan. Tegesipun pajorongan, kabekta ingkang dèrèng kulina ningali jorongen.
- Namaning Guwa
- guwa. Tegesipun lemah ngesong.
- guha. Tegesipun goh, inggih punika siti anggerong.
- rago. Tegesipun siti ronggoh, déné gerong.
- song. Tegesipun rong kang ngesuk.
- gothaka. Tegesipun guthitan tuwin godhagan.
- gotaka. Tegesipun enggèn pelowongan, inggih godhagan.
- susupan. Tegesipun pangléndhungan, déné asring kadamel paléndhunganing sato galak.
- padhuhan. Tegesipun panggogosan, déné anggerong angesong.
Dasanama déwa-déwi
[besut]- namaning déwa:
- déwa: tegesipun luhur.
- déwata: tegesipun angluwihi, tuwin kabekta saking namaning tanah.
- bathara: tegesipun wisésa, tetunggul.
- absara: tegesipun langkung awas, langkung lepas.
- jawata: tegesipun awit ambawani pulo Jawa.
- suragana: tegesipun winenang nguwasani, wijangipun, sura, wani, winenang, gana, kuwasa, kawasa.
- urut namaning déwa:
- sidyagana: tegesipun kuwasa ing sedya, wijang-wijangipun, sidya, sedya, gana, kuwasa.
- widhadara, wetahing tembung, widha udara: tegesipun sesekaring tawang, wijangipun, widha, gônda, borèh, pakem, kembang, alus.
- widhasadya: tegesipun alusing budi, lepasing budi, wijangipun, widha, alus, lepas, sadya, budi.
- apuwara: tegesipun pangagenging sepuh, wijangipun, ampu, sepuh, wara, ageng, swara, wuruk.
- nasa: tegesipun kawasa.
- katong: tegesipun awas.
- hyang: tegesipun bangsaning jin. Sesembahan.
- warapsara: tegesipun lepasing pamuja.
- sidyagana: tegesipun lulus kawasa, wijangipun, sidya, lestari, gana, kawasa.
- resi Gana: tegesipun adil paréntahé, wijangipun, resi, resik, gana, kawasa, wenang pinirid dados paréntah.
- widyara: tegesipun weruh durung winarah.
- surabsara, wetahing tembung, sura absara: tegesipun katon winani, wijangipun, sura, wani, absara, paningal.
- dwijawara: tegesipun pangagenging pandhita, wijangipun, dwija, pandhita, wara, ageng.
- resi Wara: tegesipun pangagenging resi, kang nama resi wau pandhita ulah kasucian, boten amulang dhateng siswa.
- hong: tegesipun sesembahan.
- ilahèng: tegesipun sesebutan, dhedhuwuran kang tanpa timbangan.
Namaning Déwa
- Sang Hyang. Tegesipun amadhangi, awit ing ngajeng tembungipun syang, tegesipun padhang, amendhet saking padhanging srengéngé awan, sawenèhing sarjana, tembung sang hyang, dipun wredèni angidini, kapendhet saking tembung anuswara sahyan purba saking sahiya, tegesipun angèstokaken, sarèhning pamanggih kalih wau tepang suraosipun, inggih prayogi sami kanggé wewaton, awit tembung angidini, tuwin angèstokaken, saèstu gadhah kajeng amadhangaken, tandhanipun déwa kawasa sipat mirah sipat asih, anjurungi sakajating titah sadaya.
- Sang Hwang. Tegesipun sesotyaning manusa, wijangipun, sang: sotya, adi; hwa: manusa, saking tembung, wong, déné wong punika jarwanipun piyambak paklowongan, inggih raga, inggih awak, inggih sarira, satengahing sarjana tembung sang hwang, dipun wardèni pepijèning sesotya, wijangipun sang: sotya, déné hwang gadhah jarwa ingsun, saking tembung ingwang, déné tegesipun sun wau, andhéwé, piniji, witipun saking tembung suhun, tegesipun sumemi, inggih punika gesang, inggih gesang inggih wiji, déné tembung sun, gadhah paréréhan ingwang, tembung ingwang, gadhah paréréhan tembung sumemi, saking sumemi wau.
- absara. Tegesipun waskitha, punika ngajeng saking tembung aibsara, wijangipun aib: élok, samar; sara: landhep, alus, lepas, dados pikajengipun ingkang lepas boten kasamaran, déné sumerep sadèrèngipun winarah, ingkang gaib ingkang élok ingkang samar sampun kacakra wonten siring budi sadaya. Déné tembung Sangsekrita wonten ingkang mirib suraosing tembung absara, inggih punika absra, tegesipun erèh alus, bokmanawi pamendhetipun ngajeng saking tembung absra wau, awit alus lepas punika bangsaning samar, punapadéné rèh saèstu inggih saking élok, sabab absara punika taksih badan alus, jisim rohkani, mila bôngsa absara punika kala samanten boten mesthi ingkang mutrakaken, nanging inggih bangsaning jawata sadaya.
- jiwata. Tegesipun paugeraning gesang, wijangipun jiwa: nyawa; ta: paugeran, sawenèhing sarjana, tembung jiwata, jinarwan jejering wiji, wijangipun ji: rahsa, inggih wiji, saking parji, wata: jejer, saking wat.
- gana. Tegesipun wujud kawasa, sawenèhing sarjana tembung gana, kajarwanan luhur, dados saking wancahaning tembung gegana, kabekta bangsaning para déwa saged angambah ing awang-awang.
- mahanasa. Tegesipun langkung kawasa, wijangipun maha: luwih, ageng; nasa: kawasa.
- déwa. Kabekta saking namaning panggénan, sawenèhing sarjana tembung déwa, dipun tegesi karsa ingkang linangkung, wijangipun, dé: kajeng; wa: linangkung.
- déwata. Tegesipun paugeraning pulo déwata.
- jawata. Tegesipun guruning tanah Jawi.
- suksmanasa. Tegesipun kawasa kang samar, wijangipun suksma: samar, nasa: kawasa.
- amara. Tegesipun samar, amor]].
- bathara. Tegesipun ageng, jembar rèhipun.
- widadara. Tegesipun roh ingkang langgeng, wijangipun widada: slamet, inggih slamet inggih langgeng; ra: roh, sawenèhing sarjana tembung widadara dipun tegesi gônda kang raket, wijangipun kadamel dados ngalih wanda, wida: gônda, borèh; dara: raket.
- sura. Tegesipun wani, roh, déné saking kabekta badan alus.
- sidhya. Tegesipun terang, déné weruh sadurunging winarah.
- hong. Tegesipun kinajrihan.
- resi. Tegesipun suci.
- wiku. Tegesipun pitedah kawruh.
- namaning widadari:
- widadari: tegesipun sesekaring wanodya.
- dèwi: tegesipun kaluhuraning wanodya.
- absari: tegesipun wanodya awas paningalé.
- widyadari: tegesipun wanodya ayu warnané.
- rwasari: tegesipun wanodya kang lepas iberé.
- watari: tegesipun wanodya langgeng rupané.
- déwati: tegesipun angluwih wanodya.
- waranggana: tegesipun pepijèn ageng, wetahing tembung, wara anggana, wijangipun, wara, ageng, anggana, dhéwé, raosipun sesekaring para ageng.
- urut namaning widadari:
- yuwati: tegesipun ayuning jagad, utawi musthikaning ayu, wijangipun, yu, saé, wati, jagad, rahsa, musthika.
- surawadu: tegesipun prajurit wanodya, wijangipun, sura, winani, dados prajurit, wadu, wadon.
- suranggana, wetahing tembung, sura anggana: tegesipun prajurit pepijèn, wijangipun, sura, prajurit, anggana, dhéwé.
- surabsari: tegesipun wanodya angambar gandané.
- smaralaksmi: tegesipun wanodya resep raras.
- wadiswara, wetahing tembung, wadi iswara: tegesipun papingitaning para luhur, wijangipun, wadi, pepingitan, iswara, luhur.
- witarasandi: tegesipun bangsaning sesiluman.
- waraduhita: tegesipun misuwur wanodya luwih.
- waranggana: tegesipun wanodya ulah lagu.
- retnawati: tegesipun intening jagad, musthikaning jagad, wijangipun, retna, musthika, inten, wati, jagad.
Namaning Widadari
- absari. Tegesipun sesotyaning èstri, wijangipun ab: gaib, sesotya; sari: sekar, nanging kanggé wandaning èstri, utawi minôngka jodho kembaraning déwa kang nama absara.
- déwati. Tegesipun rahsa ingkang ayu, wijangipun dé: kajeng, ayu; wati: rahsa, saking wat, utawi minôngka dados kembaraning déwata.
- dèwi. Tegesipun langkung ayu, wijangipun dé: kajeng, ayu; wi: luwih, utawi minôngka kembaraning déwa.
- bathari. Tegesipun pangagenging pawèstri, utawi kembaraning bathara.
- waranggana. Leresipun wara anggana, tegesipun piniji para ageng, wijangipun wara: ageng, anggana: dhéwé, piniji.
- surawadu. Tegesipun déwa wadon, wijangipun sura: déwa, wadu: wadon.
- suraduita. Tegesipun inggih déwaning wadon, wijangipun sura: déwa, duita: wadon.
- widadari. Tegesipun tuking gônda, wijangipun wida: gônda, dari: tuk.
- suraretna. Tegesipun déwaning wanodya, wijangipun sura: déwa, retna: candraning wadon.
- namaning swarga:
- swarga: tegesipun kasarira, déné ingkang dumunung ngriku nunggil para déwa.
- kahyangan: tegesipun panggonaning bôngsa jin.
- kadéwatan: tegesipun enggoning déwa.
- suralaya: tegesipun jagading déwa, wijangipun, sura, déwa, laya, jagad.
- suranadi: tegesipun linangkung adi, wijangipun, surana, linangkung, di, saé.
- urut namaning swarga:
- smaralaya: tegesipun panggénan anengsemaken, wijangipun, semara, kasengsem laya, panggénan.
- ariloka: tegesipun jagad langgeng, wijangipun, ari, luhur, padhang, ajeg, loka, jagad.
- aribawana: tegesipun pepadhanging jagad, wijangipun, ari, padhang, bawana, jagad.
- loka bawana: tegesipun jagad sajroning jagad.
- ariwanda: tegesipun wujud langgeng.
- surabawana: tegesipun panggénaning déwa, wijangipun, sura, déwa, bawana, jagad, nanging wenang pinirid panggénan.
- siwanda ariloka: tegesipun anglimputi enggon kang ing enggon.
- smarapada: tegesipun jagad kabungahan.
- swargaloka: tegesipun enggon kang kasarira.
- ngéndrabawana: tegesipun gegununganing jagad, utawi kahyanganipun Sang Hyang éndra.
- kandhyawataya: tegesipun jagad dedunungan, wijangipun, kandhya, dedunungan, wataya, jagad.
Dasanama liya-liya
[besut]- Namaning tanah: mandhala | pradésa | taniwana.
- Namaning nagari: praja | pura | kutha | nagara | radya | rarjya | rajadhi | rajadhan.
- Dasanamaning nagari: praja | pura | puraya | nagara | radya | rajadhan | kutha | srimandhala.
- Namaning kedhaton: pura | purana | puraka | kanyapuri | puri | antapura | prasadarga | purantara | tajya | dhatulaya | taji | kadhatyan | purasaba | karatyan | kanyapura | karaton.
- Namaning para arum: dyah | ngadyahi | adyahi | rèni | wara rèni | kanya | kanyapuri | wara kanya | kanyaka | wara kanyaka | wara kami | kamini | wara kamini | wangadya | wangadyahi | wanudya | strya | anakbi | anak bini | wara taruni | taruni | patni | wadu | marmadu | wanita | retna wanita | retna duhita | duhita | wara duhita | dayita | wangadya | wangadyaki | wangadyahi dalem | stri-stri retna | wara kanya.
- Namaning pasaréan: pakasutan | pakulèn | pagulingan | pakejepan | pamreman | pareman | paturwan | pasaréan | patileman | paturon | tilam | tilam rum | jinem rum | jungut | pajungutan | gupit | jinem mrik | pasuptan.
- Namaning pepajangan: pawarangan | môndhakiya | pakasutan | patanèn | pakobongan | pagubahan.
- Namaning balékambang: yasa kambang | wisma kambang | môndakini.
- Namaning sanggar palanggatan: môndakini | pidik | pamidikan.
- Namaning pamelengan: pamursitan | pahoman | pasamadèn | pidikan | paheningan.
- Namaning golèk: curpa | tima | pratima | upadi | suwarna | surupa.
- Namaning punggawa: pratiwa | batha | partiwa | sumantri | partiwabala | rasika | praméya | punggawa.
- Namaning wadyabalatôntra: baladika | balagana | balapati | bretyapati | waduaji | batha bretya | wadyakuswa | balakoswa | balakrama | balawan | bala balawan | bala durbala | wadya kosahana | bala kosawahana | balaskosawahana.
- Namaning réncang: patik | dasih | sahaya | amba | kawunten | manih | maneh | manih-manih | kawula | ulunan | batur | wadu.
- Dasanamaning batur: abdi | dasih | kawula | réncang | punakawan | bal | panekar | leskar.
- Namaning réncang èstri: pacara | paridha | paricara | paricarika | paricaré | manih | kaka-kaka | kakaka | kaka | kakèr | gundek | wangingdalem | parekan, cèthi.
- Namaning wadya apes: pratiwadama | prati wadyama | bretya dama.
- Namaning kéngkénan: duta | caraka | wimbasara | gandhèk | utusan.
- Dasanamaning utusan: duta | caraka | kèn-kénan | prajaka | gandhèk | cundaka | saralathi | panjang jihwa | kabayan | wimbasara.
- utusan. Tegesipun putusan, inggih pangrampungan.
- duta. Tegesipun anglanturaken.
- caraka. Tegesipun angimbalaken pangandika.
- anggandhèk. Tegesipun ngemban dhawah, utawi gandhèng.
- cundaka. Tegesipun telik.
- nibasara. Tegesipun uncal-uncal.
- darsana. Tegesipun anulad.
- prajaka, pradaka. Tegesipun pamariksa.
- cundhamani. Tegesipun anyundhukaken sotya, inggih punika anyundhukaken raos, kajengipun mundhi dhawah.
- Dasanamaning kekayon: kekayun | kekajengan | taru-taru | tarwa.
- Dasanamaning pratapan: padhépokan | palinggitan | pasamadyan | pahenengan | pasubratan | kawakyan | kapadyan | pasdyan.
- Dasanamaning buta: danawa | denawa | rasaksa | janawreka | yaksa | ditya | diyu | wil | kujana | raksasa | narasingha.
- buta: tegesipun mamak.
- danawa, wetahing tembung, danuhawa: tegesipun tedhaking Bathara Danu, wijangipun, hawa, anak.
- ditya: tegesipun linuwih.
- raksasa: tegesipun bangsaning brekasakan.
- rasaksa: tegesipun kang môngsa sidekah.
- gandarwa: tegesipun déné wujud manusa.
- diyu: tegesipun sarwa santosa.
- asura: tegesipun wanthèn.
- wil: tegesipun angarad.
- pisadha: tegesipun saking kabekta déné saged siluman.
- yaksa: tegesipun angrujag sidekah.
- rasaksi: tegesipun buta wadon.
- rota: tegesipun sarwa santosa.
- kala: tegesipun sipat galak.
- kalana: tegesipun karem sabda.
- yaksi: tegesipun buta wadon.
- garaksa: tegesipun saged anggero.
- palaksa: tegesipun rikat.
- bibiro: tegesipun kabekta asring damel arubiru, karya rubéda.
- lembana: tegesipun sarwa ageng.
- pisaca: tegesipun kalebet bôngsa brekasakan.
- darembamoha: tegesipun sarwa karem.
- sajatha: tegesipun déné asesiyung.
- buta. Tegesipun ageng, utawi mamak, saha kabekta asring angrebut, lan angrubut.
- danawa. Tegesipun cepak nepsu, wijangipun dan: nuli, awa: nepsu, tuwin tedhaking Bathara Danu.
- ditya. Tegesipun linuwih, déné sarwa sembada saged manjing ajur ajèr.
- raksasa. Tegesipun bangsaning berkasakan.
- rasaksa. Tegesipun kang môngsa sidekah, wijangipun rasa aksa, rasa: môngsa, aksa: tingalan, dados sidekah punika saben tingalaning jawata, tuwin para nata, katélad sagunging manungsa sadaya
- gandarwa. Tegesipun wujud manungsa.
- asura. Tegesipun wanthèn, déné boten wonten kang kaèrèpaken.
- wil. Tegesipun angarad, inggih punika anggegèrèt.
- wisadha. Tegesipun saged siluman.
- yaksa. Tegesipun angrusak sidekah, déné saben ari rudragsa memulènipun Sang Hyang Guru, para denawa sami kapancénan ingkang dados aratanipun sesajèn.
- raseksi. Tegesipun buta wadon, jodhoning raseksa.
- diyu. Tegesipun buta wadon.
- Dasanamaning tumbak: watang | lawung | gala | talempak | dor | cuh-cuh | tuhuk | ganjura.
- Dasanamaning panah: warastra | sara | sanjata | astra | warayang | jemparing | naraca.
- Dasanamaning jemparing kasektèn: bramastra, tegesipun jemparing latu | barunastra, tegesipun jemparing mawi jawa | naraca, tegesipun jemparing éwan | saradumilah: tegesipun jemparing mawa cahya | sanjata pawana: tegesipun jemparing medal prahara.
- Dasanamaning gandhéwa: capa | danu | langkap | suksara | tomara.
- Dasanamaning wewadhah: kotaka | kardhaka | tampata | gatha | petika | kredha | baba | cepura.
- Dasanamaning dhuwit: picis | ardaga | arta | dana | sumreta.
- Dasanamaning prasanakan: prasobatan | memitran | pasudharan | prawargan | kekadangan | pakulinan | pawong mitra.
- Dasanamaning layang: kintaki | wilapa | pustaka | supatra | ksara | nawala | pratandha | pratisara | pyagem | srat.
- Dasanamaning aprang: uklaya | ayuda | ajurit | alaga.
- Dasanamaning kekerengan: pancakara | pancabakah | brewala.
- Dasanamaning memisuh: macara-cara | membaga | sot-sot | ngundhat-undhat | nguman-uman | ngundhamana | memeseh.
- Dasanamaning sakit manah: runtik | rengu | sereng.
- Dasanamaning lara: kapidhara | gerah | roga | sakit | keklangga | anggalaya.
- Dasanamaning tatômba: usada | usadi | pawitrangga | martangga | lemar | jejampi | obwata.
- Dasanamaning waras: waluya | nirmala | saras | senggang | nirroga | niskala.
- Dasanamaning pati: palastra | pjah | murud | mindra | antaka | layat | luyut | lenyep | lampus | padhem | séda | surud.
- Dasanamaning kalenger: kajantaka | kantaka | gumuling | sumaput | kapileng.
- Dasanamaning kataton: kabranan | kaprajaya | kaprawasa | katatwan.
- Dasanamaning kasor prang: kalindhih | katitih | kasoran | kajayan | kaseser.
- Dasanamaning ajrih: miris | giris | katresan | ulap | liris | wrinwrin | lèrèl.
- Dasanamaning kapalayu: kaplajar | kapalajeng | kabujung | kaplaksana | kabuya | kaburu | koyak.
- Dasanamaning kacandhak: kacepeng | kaasta | kregema | kaskel | kamel.
- Dasanamaning kabônda: kapikut | katawan | pinusara | sinangkali | binesta | winayuyung.
- Dasanamaning teluk: nungkul | mintajiwa | srah jiwa | minta kupama | matundhuk | mandhek.
- Dasanamaning tetunggangan: swandana | puspaka | wimana | titihan | wahana | tumpakan | munggwan.
- Dasanamaning wengi: ratri | kulem | titisunya | ratrikala | dalu.
- Dasanamaning awan: ari | arika | syang | prabarka | markaya | wijanarka | marka.
- Dasanamaning padhang: pajara | pajar | tarawanga | trangga | rasi.
- Dasanamaning peteng: tidhem | remeng | limengan | dhet-dhet | maglapa.
- Dasanamaning baita: palwa | jakung | jong | parau.
- Dasanamaning sudagar: nangkodha | bahnija | sudhana | suharta | rajadana | sadhana | pararta | mahardana | kretidana | kretyarta | mardyarta.
- Dasanamaning momotan: mwat-watan | bwat-bwatan | ojotan | mandhulan.
- Dasanamaning kanthong: karumba | kandil | kandhi | kekompol | kasang | esak | karung.
- Dasanamaning sorot: praba | héra | ujwala | jwalita | sunar | ulad | sayempraba | kenyar.
- Dasanamaning emas: rukmi | tatura | kancana | sauna | jnéka | suretna.
- Dasanamaning wesi: garita | balitung | dhedhegan | grindan | parwan | palwanan | tosan.
- Dasanamaning pager: saroja | jaro | jarwa | tabaga | bthéka | sesadi | jarjeg.
- Dasanamaning gegawar: sawi | sawar | wawar | kekentheng | talicara | hwar-hwar.
- Dasanamaning tugu wates: dedekan | jeksa | wewayang | turus | anjir | dhadhehan.
- Dasanamaning dhusun: banarja | dhkahan | dhésa | banasri | dhukuh | dhekah | banjar.
- Dasanamaning ilang: ical | nir | nis | murca | lwas.
- Dasanamaning késah: méntar | linggar | lungha | miruda | mindra | mahas | ménggar | wisata.
- Dasanamaning andhelik: senedan | singidan | umpetan | limpet | mempen.
- Dasanamaning anginjen: anginté | angingsep | angintip | manlika | andhodhok | dedingkik.
- Dasanamaning mireng-mirengaken: manilingken | madlingken | marenggyaken | mangisep-ingsep | marenga-renga | mètrenga.
- Dasanamaning anamur: anamar | anandi | masandi | namun | mor-mor.
- Dasanamaning aling-aling: nanda | tetèbèng | warana | kekelir | tebeng | tèdhèng | gebra | tamèng.
- Dasanamaning kekobongan: gowisma | krobongan | gopanti | pepajangan | pajegan | patanèn | tilam madya.
- Dasanamaning pakiwan: pajamban | pasucyan | pabongan | padusan.
- Dasanamaning mangan: nadhah | amboja | bojana | amboga | nedha | nepta | dhahar.
- Dasanamaning angombé: minum | ngumwé | nginum | mansep | ngop | nrot | sep-sep.
- Dasanamaning anginang: mucang | nyereh | nydheh | mangganhyan | manigan.
- Dasanamaning udut: ses | ngalcisa | ngumbrada | lesesa | tbag binonga.
- Dasanamaning sisig: lathi | manggigi | mangesika | ngraras waja | mangengesa | mambelet gusika | masri muka | manitya.
- Dasanamaning susur: manasar | panaswar | nambek ludha | swar-swar | sumpla | tambak waya | tambak lupaka.
- Dasanamaning pepaès: pahyas | mandara | mandaraka | mawrena | mawreni | mapilis | tasikan | srimukya.
- Dasanamaning manganggé: mangrasuk | mabusana | masriwanda | ngraras angga | dandan | dandos.
- Dasanamaning gegelung: makéswa | maukel | uklan | tapwèni | glungan | maglung | tap réma | ngraras wèni.
- Dasanamaning cecundhuk: sangsangan | puspwanuji | teteglung | sesémyok | skar suji | sarikéswa.
- Dasanamaning sesumping: puspakarna | karnantéya | karna sri | kekiping | moncéka | mnangsang.
- Dasanamaning anunggil tilem: marahsa | sanggama | mrema langen | datwuha | pulangraras | pulangjiwa | pulangkarsa | asmara | asmaragama | asmaratura | asmara turida | wor jiwa | pulangresmi | rasmika | sahwata | maklina | manepta | nreswaka | moratma | macampura | mor raswa | mong luluta.
- Dasanamaning gamelan: pradôngga | mradôngga | pradangga | gôngsa | nanta | suréndra | sundarila | miswara.
- Dasanamaning lagar: unu | dahanala | siking | apuy | apiy | dhidhika.
- Dasanamaning ngobong-obong wana: mlagar | wlagaran | obar-obar | balagar | mambakar | nunwana | mabasmara | tunwan | basmika.
- Dasanamaning ngobong redi: jétun | mambesman | manggsengan | jétunan | mramanan | ngapuyan | sikingan | gniyarag | tumangan | tatwaran | pdhiyangan | besmana | mngurengan | purengan | mobaran | mkatar.
- Dasanamaning anenandur: nananwam | mtanja | mnuhar | mtaman | nananja | nasoblaken | nyeblok | mencaraken.
- Dasanamaning anebar wiji: mngulur | mnawur | mngurit | mnuwuh | mnebar | ngumngratèn.
- Dasanamaning bedhol wiji: andhaut | mangrenggut | mrenggut | nenggut | nenggwat.
- Dasanamaning andhangir: matut | matun | mngawug | mngadhuk | mnisir | mngurag-urag | mngarug | majgal.
- Dasanamaning kaweton (kawedalan): kaolan | katulusan | katuwetan | kamuwahan | kawtan | kaduluran | kadreman | karjkèn | mlèsèh | mngumbuk | mngambek | mnumpuk.
- namaning padhati:
- widangdari: tegesipun yèn tinarik sapi wadon.
- sénang: tegesipun yèn pangirid sapi lanang.
- sanggra: tegesipun yèn pangirid banthèng.
- salamuka: tegesipun yèn pangirid kebo lanang wadon.
- astapada: tegesipun yèn pangirid kebo lanang.
- urut namaning padhati:
- sambira: tegesipun yèn pangirid banthèng muni.
- wèsthi: tegesipun yèn pangirid jejawi.
- jamakantuk: tegesipun yèn pangirid janma lanang wadon.
- dhudhula: tegesipun yèn pangirid jaran wadon.
- sesiku swanindha: tegesipun yèn pangirid kuda kekalih.
- sesirat andik anda: tegesipun yèn pangirid kuda sekawan.
- gasthika: tegesipun yèn pangirid gajah.
- gobrata: tegesipun yèn pangirid macan.
- gothaka: tegesipun yèn badhati wangun angedhung kados guwa, boten kabekta saking pangiridipun.
- Namaning Bedhati
- bedhari. Tegesipun yèn pangirit sapi wadon.
- sénang. Tegesipun yèn pangirit sapi lanang.
- manggra. Tegesipun yèn pangirid banthèng.
- salamuka. Tegesipun yèn pangirit maésa lanang wadon.
- astapada. Tegesipun yèn pangirit maésa lanang.
- sambira. Tegesipun yèn pangirit banthèng munya.
- wèsthi. Tegesipun yèn pangirit jejawi.
- camakantu. Tegesipun yèn pangirit janma lanang wadon.
- dhudhula. Tegesipun yèn pangirit jaran wadon.
- sisikunwanindha. Tegesipun yèn pangirit kuda kekalih.
- sisirat ancakaanda. Tegesipun yèn pangirit kuda sakawan.
- gothaka. Tegesipun yèn padhati ginarebong, dados kajengipun wangun aguwa, adat pangiritipun gajah, jalaran saking langkung awrat]].
- gabrata. Tegesipun yèn pangirit sima.
- gègèndik. Tegesipun yèn pangirit ménda ageng.
- skuthuk. Tegesipun yèn pangirit segawon ageng.
- calitha. Tegesipun manawi pangirit kidang ngujung.
- saligna. Tegesipun yèn pangirit kapal tutul.