ya
Praèn
Definisi
| Ngoko | Krama |
|---|---|
| ya | inggih |
- nélakaké yèn wangsulan cocog karo pitakoné, upama: apa iki bukumu? ya;
- nélakaké sumanggem, saguh, mupakat, gelem, upama: Sésuk menyanga pasar! ya;
- uga, uga mengkono, upama: kowé mlarat, aku ya mlarat;
- pancèn, mula nyata, upama: ya mèmper rega semono;
- nélakaké yèn padha baé, upama: Radèn Dananjaya ya Radèn Janaka;
- lan uga, lan manèh, upama: mantumu kuwi ya anaké wong sugih ya priyayi;
- dianggo ngantebaké surasané pitakon utawa pamenging, upama: Sapa ya sing njupuk? Aja dianggo dolanan ya!;
- sabawa saèm dhuh, upama: ya tallah temen!;
- nélakaké yèn tembungé sing buri diantebaké surasané, upama: ya wis, ya uga;
- mengkono (mau) upama: ya yèn gelem, yèn ora kepriyé? Ayaké (-i)ya!
Kacocogna karo iya.
- Golèki kabèh kaca sing duwé tembung "ya"
- Golèki kabèh kaca sing duwé sesirah "ya"
- Tembung sing terhubung karo "ya"
Kata kunci/keywords: arti ya, makna ya, definisi ya, tegese ya, tegesipun ya