Wikisastra:Bak wedhi
Bak wedhi iki papan kanggo nyoba tulisan sing bakal dilebokaké menyang Wikisastra abasa Jawa. Diprayogakaké mirsani kaca conto dhisik sadurungé nulis ana ing Wikisastra iki. Sugeng rawuh lan mangga ngeklik label besut ing ndhuwur lan miwiti nyoba nulis ing sangisoré garis iki.
akil: (-balèg) (A) kn wis diwasa.
alas gung: (-liwang-liwung) br alas gedhé banget.
andel: (-andel) kn 1 wong kang pracaya; 2 gegedhug, sénapati; di-[x]: 1 diakoni yèn pancèn nyata; 2 dipracaya, dipitaya; di-[x](-[x])-aké: dipracaya banget, dijagakaké banget; [x]-an: 1 gampang ngandelé; 2 engg. tanggungan; kc. kandel, pangandel.
andon: (-andon) I engg. kn banjur baé, tansah, lestari; di-[x]-aké ak: dilestarèkaké, diajegagé, dianggo padinan. II kw: nindakaké, ulah; kc. don.
anjal: (-anjal) engg. kn tansah lunga (klintong).
anéka: (-warna) kw warna-warna.
anslah: (-pajeg) (W) kn (layang) panarikan pajeg; di-[x]: ditarik pajeg.
antal: (-antalan) engg.kn alon-alonan, ora kerep panabuhé (tmr.gamelan).
anglur: (-selur) kn.ak élur urut-urutan (wong mlaku lsp).
astaga: (-pirullah) (A) kn (Gusti Allah karsaa ngayomi) sabawa mratélakaké gumun banget, kagèt lsp.
atut: (-runtut) kn rukun (carem) enggoné bebojoan; kc. tut.
awir: (-an) kn saèm. tanggul sangkrah ing pinggir kali.
babas: (-an) engg. kn dumadakan banjur, nuli.
baku-omah: (-omah) kn wong sing duwé omah.
bandawala: (-pati) kw. prang tandhing nganti mati salah siji.
bangkol: (-an) kn. sindik (canthèlan) dianggo cangkolan (ing pikulan, lapak lsp).
bau-kapiné: (-kapini) kn. éwang-éwangen (ora adil).
batu: (-api) watu geni (kang dianggo ing rèk gerétan).
bawah: (-ing, kebawah) kn. kalebu ing wewengkoné, dadi so-sorané; di-[x]-aké: dirèhaké ing, diwengku marang; ora ke-[x] ora kepréntah pr: ora dikuwasani babar-pisan.
bèbèl: (-bèbèl) pc. bola-bali anggoné ngandhani (nuturi lsp).
bèndhel: (-an) kn. tumpukan layang-layang kang perlu-perlu (kang disimpen); klebu ing [x] (ut.ke-[x],di-[x])pc: dicirèni kalakuané.
bècèr: (-an) kn. 1 dhuwit sedhiyan dianggo blanja padinan; 2 ak. wragad-wragad mirunggan, pajeg mirunggan; m-[x] engg: tetuku barang-barang kang dianggo mangan, blanja; dibebècèr: diecèh-ecèh ora tumanja (tmr.dhuwit).
begjan: (-begjan) kn. (mung kari) adu begja.
belak: (-en) kn. lara padha mblegak dlamakané.
belang-buntal: (-buntèl, -buntang engg) kn. ora tunggal warna (tmr. ules lsp).
bengkoyok: (-en) kn lara kulit saèm, gudhig emplèk-emplèkan.
berkas: (-an). engg.kn untingan, bengkakan.
bikal: (-bikal) engg.pc. pating jréntol gatel (tmr. kulit).
bilur: (-bilur) kn. tatu pingget nggaler (marga disabeti lsp).
blirik: (-blirik) kn. ireng kaworan trutul-trutul putih (tmr. ulesing pitik lsp).
blocok: (-an) kn. bathikané ora cetha (tmr. jarit lsp).
bujur: (-an) engg. kn. 1 gombal; 2 (kanggo ngasoraké) sandhangan.
buken: (-an) engg. kn. turun-tumurun dumunung ing.
burat: (-sari, -wangi) kw. borèh.
buruh-sawah: (-tani) kn. wong sing buruh nenandur.
buweng: (-an) kn. kubenging cakran; [x]-an: 1 cakran, bunderan; 2 plengkungan.
boyong: (-an) kn. alihan enggon (padunungan omah); di-[x] (i): 1 digawa ngalih menyang panggonan liya; 2 ak. digawa (ditawan) menyang ing (tmr. wong telukan lsp); [x]-an ak: wong-wong kang diboyong (lan ditawan).
(m)bok-ajeng: (-ngantèn) kn. sesebutaning wong (bocah) wadon kang golongan tengahan.
bombong: (-atiné) engg. mantep, seneng, bungah; ora [x] engg: ora kepénak (lara); di-[x]: 1 digarap sarta diajokaké (tmr. jago); diajokaké supaya dipilih (tmr. calon lurah lsp); 2 dialem supaya mantep sarta wani; m-[x] prakara: ngembani prakaraning liyan ana ing pangadilan.
bongkor: (-an) engg.kn. ora digarap menèh (tmr. babadan).
bongkot: (-an)kn. pérangan kang pungkasan (tmr. barang kang dawa, pring, tebu lsp); ora ngerti [x] pucuké: ora weruh mula-bukané apadéné kawusanané.
brandon: (-an) pc. tetuku bebarengan, bathon dedagangan.
branjang: (-an) kn. lempung campur karo wedhi.
brandhal: (-an) kn. wong kang gawéné ngrerebut (njarah-rayah); [x]-an: 1 (ajar) perang lèrès; 2 engg. jèlungan.
bribah: (-an) engg. k owah-owahan; kc. brubah.
brombong: (-an) engg. kn brumbung(-an).
brongkal: (-an) engg. kn prongkal(-an)
dasan: (-an) k puluhan.
dedeg-pangadeg: (-piadeg) kn wanguning pawakan.
demari: (-nen) engg. kn lelaranen sarta rèwèl baé tmr. bayi suson (marga wis kesundhulan).
dimèn: (-é) engg. kn 1 karebèn; 2 supaya.
dimok: (-né) engg. kn 1 karebèn; 2 supaya.
dimon: (-é) engg. kn 1 karebèn; 2 supaya.
dipak: (-é, -na, -né) engg. kn 1 karebèn; 2 supaya.
dlampu: (-a) engg. kn angur, aluwung; kc. lampu.
dukacipta: (-cita) kw: susah, kasusahan.
dhakar: (-é) engg. kn pancèn, mula pancèn nyata yèn.
dhèblèng: (-an) kn dhablang memburi rada nyongat munggah (tmr. sungu, sinthingan iket).
dhèyèk: (-dhèyèk) kn rada mbéngkok sarta lara (tmr. geger); 2 rekasa banget (kélangan dhuwit akèh lsp).
dhèk-éré: (-èri, -iya) engg bok-menawa iya.
éka-kapti: (-praya, -prana, -cipta) kw tunggal ati, sarujuk.
éndralaya: (-loka, -pada) (S) kw kadéwan, kayangané (Bathara Indra).
épah: (-an) k opah(-an).
èpyèk: (-èpyèk) kn katon ribut aramé (nanging sethithik tandangé).
embar: (-é) engg: karebèn ...
embeg: (-embegan) kn palemahan jejembegan, bladeran.
embel: (-embel) kn rawa kang jero.
emprah-emprah: (-an) engg. kn 1 pating klarah ana ing lemah; 2 (ut. ngamprah) nglenthar (ora sregep enggoné tumandang).
endak: (-iya) engg. pc andak iya.
endat-endut: (-atiné) engg mangga-mara, gojag-gajeg.
entèk enting: (-entung) pc entèk babar pisan.
entok: (-enting) pc entèk babar pisan.
genthana: (-genthini) engg. kn:nindakaké apa-apa tanpa nalar.
idulfitri: (-pitri, -pitir) (A) kn riyaya lebaran.
ila: (-ila) kn 1 wewarahé para leluhur kuna sing kudu dièstokaké (awujud pepacuh, sarat, srana lsp); 2 supata, sot; 3 ([x] apa) kenaa ing supata (dianggo ngantepaké beneré gunemé).
ingar-inger: (-an) kn 1 owah-owah eneré (arepé) sarana diingsat-ingset (diubang-ubengaké); 2 gonta-ganti (omah, pagawéan lsp); kc. inger, minger.
ireng njanges: (-gancleng, -thuntheng) ireng banget.
kabar-angin: (-kabur, -sriwing) pc kabar kang durung karuwan kanyataané.
kadereng: (-dereng) engg. ak 1 adreng banget; 2 kaselak; kc. adreng.
kadingalem: (-an) kn. ak rada keladuk tindak-tanduké.
kajèn: (-kèringan) kn diurmati (diajèni) lan dièringi; ora kajèn pc: dicecamah, ora diajèni.
kajog: (-atiné) kn 1 rasaning ati ora seneng banget déning owahing lelakon kang tinemah; 2 engg. kecuwan banget tansah kepéngin bali marang lelakon kang uwis-uwis.
kaim: (-an) engg. k kaum(-an).
kait: (-an) I kn. ak 1 gandhèng karo; 2 sekuthon, wis rerembugan nedya nindakaké ala; kc. sekait. II [x] cilik engg. pc: kawit (wiwit) cilik.
kalèn: (-an) kn kali cilik, ilèn-ilèn banyu; kc. kali.
kalintang: (-lintang) kw keluwih(-luwih).
kambuh: (-an) kn. angot lara manèh sarta luwih banget tinimbang sakawit.
kampil: (-an) 1 kn. kanthong cilik kang digawé méndhong dianggo wadhah dhuwit; 2 engg. k. bantal.
kanan-kèri: (-kéring, -kiri) engg. kn kiwa tengen.
kantèn: (-an) n. kantos(-an) k. ak sranta, bisa nyabaraké.
kantor: (-an) (W) kn 1 omah (papan) dianggo ngurus babagan tulis-tulisan, pajeg lsp; 2 méja panulisan nganggo slorokan; [x] bang ([x] wang pc): kantor babagan urusan dhuwit (nyèlèngi, ngutangi lsp); [x] kawat: kantor tilgram ut. télépon; [x] pos: kantor babagan urusan layang-layang kiriman lsp.
kancuh: (-an) kn. ak 1 kanca; 2 jodho, gandhokan.
kaul: (-an) kn ngluwari ujar (marga wis katurutan kang dadi pangarep-arepé); di-[x]-i: dinadari bakal midhang lsp. samangsa mari (kelakon kang disesuwun); kc. kaol.
kaol: (-an) (A) engg. ak 1 ujar; 2 crita, gunem; 3 sengadi, santolan.
kapileng: (-en) kn. ak brebeg banget.
karang-kitri: (-kirna ak) kn wit-witan kang ngetokaké woh ing pomahan.
karang-kopèk: (-kopèn ak) kn 1 désa kang ora duwé sawah; 2 mung duwé pakarangan (tmr. wong ing désa).
karya-negara: (-negari k) engg: saèm. gugur-gunung.
karta: (-karti) kw tata tentrem; kc. kerta.
kasor: (-an) kn kalah; kc. sor, asor.
kasrakat: (-an) kn. ak kecingkrangan, kekurangan.
katèn: (-an) kn 1 panimbangé nganggo kati; 2 pc. traju; kc. kati.
katis: (-an), katisen, kadhem katis engg. kn: kadhemen.
kacap: (-an) engg. kn kena (kambah) ing banyu.
kathel: (-kathel) pc semu cupet, ora kepénak anggoné; kc. kathathel.
kawelas-asih: (-ayun, -arsa kw) kn memelas, mesakaké.
kèmeng: (-an) 1 kw. judheg, susah banget; 2 engg. lali.
kèsèr: (-an) kn 1 piranti dianggo nggegawa (ngusung) srana digèrèd (tanpa nganggo rodha); 2 engg. grobag gèrèdan; [x]-[x]: 1 (ut. di-[x]-aké ak) digèrèd klangsrah ing lemah; 2 mlaku kanthi alon sarta rekasa; 3 pc. sarwa rekasa banget (enggoné nututi lsp).
kebrèjèl: (-an) pc kebrojol(-an).
kedal: (-ing gunem, -ilat, -lésan) kn 1 wetuning gunem, caraning guneman; 2 basa tetembungan; 3 pakecapan.
keduwel-keduwel: (-keduwul) kn. ak kedumelan.
kejedheg: (-an) kn. ak 1 kena ing dakwa marga kanggonan barang kang dilacak lan wis ora bisa nerangaké; 2 kepeksa nanggung, kepopoh; [x]-an ak: kentèkan sarana; kc. jedheg, judheg.
keleb: (-an) kn kelem ing banyu; kc. leb.
kelon: (-an) kn teturon kekepan (biyung karo anak); di-[x]-i: disandhing turu lan dikekep.
kemeruk: (-buntut) kn degan enom.
kenèng apa: (-géné) engg. pc généya, sabab apa.
kenong-apa: (-géné) engg. pc généya, sabab apa.
kentrung: (-an) engg. ak (mbarang) kekidungan binarengan ing terbang.
kepangkal: (-an) kn. ak kena ing alangan; kc. pangkal.
kependhak: (-an) engg. kn kepethuk, pethukan; kc. pendhak.
kepopoh: (-an) kn. ak kepeksa (kuwajiban) nindakaké.
keprèk: (-an) engg. kn rèmèh, ora mbejaji.
kerah: (-an) kn tarung cokot-cokotan (tmr. asu, kucing lsp); di-[x]: dicakot.
kerta: (-kerti) kw sarwa tata, ora rusuh.
ketatal: (-an) kn wis terang marga wis kelakon; kc. tatal.
ketuju: (-ing enu) kw kèbèneran ketemu (kepethuk) ing dalan; kc. tuju, pinuju, kapinujon.
ketula-tula: (-ketali) kn. ak tansah nemahi cilaka.
ketrawang: (-ing srengéngé) engg. kn ketawang ing srengéngé.
kecepak-kecepik: (-kecepuk) pc pepindhan swaraning kekecèh ing banyu.
kecethik: (-an) kn. ak konangan; kc. cethik.
kecipak-kecipik: (-kecipuk) kn. ak kecepak-kecepik.
kidèn: (-an) kn. ak. olèh idi (palilah); kc. idi.
kinalis: (-aké) br. diluputaké ing; kc. kalis.
kinalulut: (-an) br: diluluti: kc. lulut.
kinasih: (-an) br. (kang-) dikasihi; kc. kasih.
kiprah: (-kiprah) kn. jingklak-jingklak jejogedan (bungah banget).
kisèn: (-an) kn. klebon (isi) ora kejarag; kc. isi.
klethek: (-klethek) kn. 1 nywara thek-thek (ing kothak, lemari lsp); 2 ([x] ing ati) ak. krenteging ati, niyat; nglethek pc: ngundher, tansah tumandang ing gawé; [x]-an pc: tansah tumandang ing gawé.
klidheng: (-an) engg. klèdheng(an).
klikip: (-an) kn. guthekan mawa tutup ing pethèn (pethi, grobog, wadhah kinang lsp).
klorèh: (-an) kn. ak. nglantrah banget, ngandhar-andhar.
kubur: (-an) kn. pasaréan ki: pendheman mayit, jaratan; di-[x] n. dipunpetak k. disarèkaké, sumaré ki: dipendhem (tmr. mayit).
kudur: (-an) kn. kawajiban mitulungi nggarap sawahing lurah (tanpa buruhan mung disuguh pangan lsp); di-[x]-aké: disambataké marang kuli (tmr. panggaraping sawah).
kula-sentana: (-wanda, -wangsa, -warga) kw. sanak sedulur.
kumlikik: (-en) kn. nywara klikik-klikik wetengé (marga ngelih lsp).
kongah-kongèh: (-an), kongah-kongih(-an) kn. kanthi rekasa banget (ént. ora jenjem atiné).
kocrat-kacrèt: (-kacrit) engg. pc. wutah mawut-mawut.
kothèk: (-an) kn. tetabuhan nganggo lesung.
krejet: (-ing ati) pc. krenteging ati (marang pepénginan lsp); ngrejet: 1 obah kruget-kruget; 2 rada urip (tmr. dedagangan lsp).
krenteg: kn: (-ing ati) prentuling sedya ing ati.
mabul: (-mabul) kn. 1 sumebar mrana-mrana (tmr. barang kang tembut, bledug lsp); 2 pc. pating jlemprah ora karuwan, ént. entèk akèh ora tumanja; kc. bul, abul.
madana: (-raga) kw. sih, sengsem, katresnan.
majar: (-i, -aké) I engg. kandha, ngandhani, ngandhakaké. II engg: madhangi; kc. pajar. III majar engg. ak: bngs. dhadhu.
majeg: (-pangan n. -tedha k): nyanggakaké pangan.
majemuk: (-an) kn. slametan bebarengan wong akèh.
maju-pat: (-telu, -lima lsp) n. majeng-sekawan (-tiga, -gangsal lsp) k: lumah kang winatesan ing sisih 1, 3, 5 lsp.
madhul: (-madhul) kn. 1 pating besasik ora tata (tmr. rambut lsp); 2 pc. entèk akèh ora tumanja (tmr. panganggoné dhuwit lsp); adhul.
magon: (-i) kn. ak. netepi, nuhoni, ngukuhi; magoni engg: nyangemi,nyanggemi. netepi (mbeneraké); kc. pagon.
mayeng: (-mayeng) engg. kn. lunga menyang endi-endi (mubeng-mubeng).
makam: (-an) engg. kn. kuburan, jaratan.
makmak: (-an) engg. mung mikir awaké dhéwé.
malad: (-alad), maladi kw. 1 murub, mengangah; 2 énr. mempeng banget,
malak: (-i) I kn. 1 (kumudu-kudu) olèh luwih akèh tinimbang liyané; 2 engg. pametuné panénan dadi darbèké kang duwé sawah (ora paron). II malaki kn. ak: nalati.
malak: (-an) engg. kn. malah.
maling raras: (-retna) br. nyidra asmara.
mamblak: (-mamblak) engg. ak. sumebar mratani.
mampang: (-mampang) kn. nepsu banget (marga kecenthok, emoh nurut lsp).
mandah: (-ané, -néya), mandané engg. ak: 1 saiba bakal ...; 2 (ut. mandahpuna) engg. ak. méndahpuna; kc. méndah.
mandèkné: (-ya), mandéné, mandikné(-ya) engg: senadyana ... suprandéné; kc. andèkné.
mandhing: (-i) engg. ak. nandhingi, madhani; kc. pandhing.
mandhirèng: (-pribadi) kw. madeg dhéwé.
manol: (-an) engg. kn. kuli, buruh.
mantang: (-i) engg. pc. nglarangi (mangan lsp); kc. pantang.
mantri-alas: (-blandhong): ar. punggawa Negara kang pinatah ngawat-awati alas pajatèn.
mantri kit: (-candu) kn. priyayi kang ngurus panjuwalan candu.
mantri lanbau: (-tani) kn. priyayi Negara babagan tetanèn.
mantri-muka: (-mukya, -wisésa) kw. patih.
mantri ukur: (-cengkal) kn. priyayi Negara kang ngukur palemahan.
manca-udrasa: (-rawat) kw. nangis.
mancud: (-an), mancut(-an) kn. awangun lancip, nyongat munggah.
mancrut: (-mancrut) engg. kn. wutah mancur mrana-mrana.
manyak: (-i) pc. miwiti, ngayati.
mangan-nginum: (-ngombé) pc. énak-énakan mangan karo ngombé.
mangga sapira: (-pira) ak. ora sapiraa.
mangga sésa: (-sisa) kn. ak. cuwa, gela.
manggih: (-i) k. nemu, nemoni; kc. temu.
manggut: (-manggut) engg. kn. manthuk(-manthuk).
mangkruk: (-mangkruk) kn. linggih (thethenguk) ana ing papan kang dhuwur.
mangkrong: (-mangkrong) pc. mangkruk-mangkruk.
manguk: (-manguk) kn. ak. ngungak, ungak-ungak; kc. anguk.
mangsit: (-i) kn. 1 ak. akon (weling) marang; 2 ngandhani sarana bebisik kc. wangsit.
mapag: (-aké) kn. methuk(-aké); [x]-an: pangadhangan; kc. papag.
mapar: (-i) kn. ngrata, mapak; kc. papar.
marek: (-i) engg. kn. mara, nyedhak; kc. parek.
marmi, marmita: (-né) kw. kc. marma.
marong: (-marong) kn. mengangah murub.
masang drigama: (-taji) kn. nedya mialani liyan.
masang semu: (-ulat): namakaké pasemoning praèn marang.
matra-kélasa: (-kilasa) kw. ngatut.
macal: (-i) engg. k. matar; kc. pacal.
macul: (-i) kn. nggarap lemah nganggo pacul; kc. pacul.
mawarna: (-warna) kw. warna-warna; kc. warna.
mawat-gawé: (-karya) kw. nglakoni piala.
médhak-mèdhèk: (-médhok) pc. ngadeg ana sangareping wong supaya dideleng.
méncang-mèncèng: (-mèncong) pc. ora pener.
mèrèn: (-an) kn. awatak seneng mèri.
mècèl: (-i) kn. mecèl(-i) kayu lsp.
mèwèk: (-mèwèk) pc. 1 suwèk amba; 2 nangis (tmr. bocah).
medhar: (-aké) kn. 1 ak. mbukak, ngudhar; 2 nyugag; 3 ngandharaké (panemu lsp); 4 mbiyak (mahyakaké) wadi lsp; kc. wedhar.
medhut: (-i) kn. 1 ak. nglimputi pedhut; 2 engg. adoh banget; kc. pedhut.
melok: (-melok) kn. katon cetha banget.
menagèn: (-a), menaken engg. menawa.
mendhon: (-an) engg. kn. wong bodho; kc. mendho.
menet: (-aké) kn. midih, ngenetaké; kc. enet, penet.
meniren: (-lambéné) pc. kesel cangkemé marga kakéhan guneman.
mentul: (-mentul) kn. membat mendal-mendal.
menceb: (-menceb) kn. kebak banget.
menthek: (-menthek) kn. 1 katon lemu; 2 pt.pc. wareg banget; 3 ([x] atiné) pc. bungah, mantep.
menthung: (-i) kn. nggebug(-i) nganggo penthung; kc. penthung.
menges: (-menges) kn. ireng semu gilap.
mepet: (-i) kn. 1 mbuntu (dalan lsp); 2 ngendhegaké (ilining getih lsp); kc. pepet.
merem-melik: (-melèk) kn. 1 ora bisa turu kepénak; 2 tansah kuwatir (sumelang).
mestar: (-an) kn. ak. saèm. garisan.
mestèr: (-an) kn. jrambah diplestèr.
mikalah: (-i) n. mikawon(-i) k. ak. ngalah(-i); kc. kalah, pikalah.
milungguh: (-aké) n. milénggah(-aken) k. ak: ngelahaké marang; kc. pilungguh.
mingkar: (-mingkur) kn. ak. nisihi, nyimpangi.
mirud: (-kérud) kw. larud kèli, katut kabuncang, kèli.
misan: (-an) kn. (sedulur [x]) sedulur tunggal embah.
misuh: (-i) kn. ngucapaké tembung saru; kc. pisuh.
misungsung: (-aké) kn. mènèhaké pisungsung.
mitambuh: (-i) n. mitambet(-i) k. ak. éthok-éthok ora weruh.
mitedah: (-aken) k. mituduh(-aké); kc. pituduh.
mitu: (-ng) kn. siji-sijiné pitu(-ng).
mlekak-mlekèk: (-mlekuk) engg. mungkak-mungkuk (arep mutah).
mliring: (-i) engg. kn. nyimpang(-i).
mlisir: (-i) kn. ngetrapi plisir; kc. plisir.
muded: (-saka) pc. mubeng ngganjret.
mujadah: (-i) (A) kn. merangi, nyandhet (hawa nepsu).
muga: (-muga) n. mugi(-mugi) k. tembung kanggo mratélakaké pamuji (pangarep-arep) supaya kelakona mangkono.
muyab: (-atiné) engg. ak. ora tentrem atiné.
muyar: (-pikirané) kn. ak. bingung; kc. buyar, moyar.
mulang: (-i) I kn. ak. mreduli marang; kc. pulang. II kn: ngajar, muruki; kc. wulang.
murang-krama: (-tata) kn. ak. ora nganggo tata-krama (deksura).
muruk: (-i) kn. ngajar, mulang; kc. wuruk.
moblong: (-moblong) pc. katon bunder putih (ayu, tmr. praèn).
molé: (-molé) pc. modod dawa; kc. molèr.
momor: (-an) kn. amor karo, srawungan karo; di-[x]-i: pc. dicampuri; [x]-an: campuran; kc. amor, wor.
monggrak-manggrik: (-manggruk) kc. wis rekasa banget uripé.
moros: (-i) kn. nguntingi suruh; kc. poros.
mocong: (-i) kn. `1 nguntingi (mbentèli) pari; 2 mbongkoki tebu lsp; 3 mbuntel (ngulesi) mayit; kc. pocong.
mothèng: (-mothèng) kn. nyempal-nyempal pupu pitik lsp; kc. pothèng.
mragang: (-gawé) kn. ak. tumandang ing gawé.
mrapal: (-i) kn. ngethoki, mapali; kc. papal, prapal.
mrembeng: (-mrembeng) engg. kn. mrebeng-mrebeng.
mrogol: (-i) kn. mancasi pang lsp. (kang pucuk).
mrompang: (-i) engg. kn. negori.
mronggol: (-i) kn. mrogol(-i).
nabok: (-i) kn. ngeplak endhas; [x] nyilih tangan pr: mialani nyambat wong liya; kc. tabok.
naker: (-i) kn. ngukur nganggo takeran; kc. taker.
nakur: (-i) kn. ngeruki nganggo sikil (tmr. jaran lsp); kc. thakur.
naling: (-tarung) kn. ngetrapi sandhangan taling(-tarung).
nambem: (-aké) kn. ak. mepeti.
namber: (-i) kn. ak. nyamber; kc. samber.
nambuh: (-i) n. nambeti k. ak: ora nggapé marang; kc. tambuh.
nambung: (-i) I n. nambet k. ak. nyambung(-i); kc. sambung. II ([x] laku) kw: éthok-éthok ora weruh.
namèk: (-an, -na) engg. pc. nanging.
namik: (-na) engg. pc. nanging.
namnam: (-an) kn. ar. wit sarta woh.
nawala: (-patra) kw. 1 layang; 2 layang katerangan.
nèthèl: (-i) kn. 1 nèsèt ut. nyopot kang kraket; 2 engg. ak. ngelèti; kc. thèthèl.
neguhi: (-aké) kn. ak. ngukuhi, nyentosani; kc. teguh.
nembahyangi: (-aké), nembayangi(-aké) ka. ak. nyembahyangi(-aké); kc. sembahyang.
nenjata: (-ni) k. ak. mbedhil(-i); kc. bedhil, senjata.
nengker ing awiyat: (-dirgantara) kw: mumbul ing awang-awang.
nepa: (-nepa), nepakaké kn. nggagas yèn ta ditumrakaké marang awaké dhéwé; kc. tepa.
neres: (-i) kn. nggethaki wit kang arep ditegor; kc. teres.
neteg: (-i) I kn. ngancing lawang lsp. nganggo palang lsp; kc. teteg. II kn: 1 engg. ak: nuthuki; 2 br. ngunèkaké teteg; kc. teteg.
nik: (-an) engg. kn. mung.
nimpang: (-i) kn. ak. nyimpang(-i); kc. simpang.
ninting: (-i) kn. milihi beras lsp. kang kurang becik sarana dientrog-entrog ing tampah lsp; kc. tinting, tingting.
ningid: (-aké) kn. ak. ndhelikaké, ngumpetaké; kc. singid.
ningseti: (-aké) kn. nalèni kenceng; kc. singset.
niraya: (-pada) (S) kw. ak. 1 alam kamuksan; 2 naraka.
nisil: (-i) kn. nucuk karo ngoncèki; kc. sisil.
nit: (-sénggotan lsp) kn. ar. mainan (lotrèn).
nitipi: (-aké) kn. titip apa-apa marang; kc. titip.
nlusuh: (-i) kn. ak. nutu pari; kc. tlusuh.
numpak: (-i) k. nunggang(-i); kc. tumpak.
nunggang: (-i) n. numpak(-i) k. nitih(-i) ki: linggih (tumumpang) ing apa-apa kang mlaku; kc. tunggang.
nuruh: (-i) kn. nyiram sarana banyu dicuraké; kc. turuh.
nusup: (-i) kn. nlesep ing, nlusupi; kc. susup.
nutul: (-aké) kn. ndumukaké (ndulitaké, ngeclupaké) sathithik; kc. tutul.
nrowong: (-i) kn. ak. mbolong, gawé trowongan; kc. trowong.
nyaèng: (-nyaèng) kn. mbédak-bédakaké pangrengkuhé marang anak lsp; kc. saèng.
nyagak: (-i) kn. nyuwak (nyangga) nganggo cagak; kc. cagak.
nyakur: (-i) kn. ak. ngeruki nganggo sikil; kc. cakur.
nyakruk: (-i) pc. njaga, rondha; kc. cakruk.
nyangklong: (-i) kn. nglebokaké ing cangklong; kc. cangklong.
nyarub: (-i) kn. nyampur(-i); kc. carub.
nyawad: (-i) engg. ak. maoni; kc. sawad.
nyawur: (-aké) kn. 1 nyebar apa-apa kang mawur; 2 nyebar wiji; kc. sawur.
nyèbet: (-i) engg. kn. nyabet(-i); kc. sèbet.
nyèblek: (-aké) pc. nanceb(-aké); kc. cèblek.
nyèkèk: (-aké) engg. nyèlèh(aké); kc. sèkèk.
nyèkèr: (-i) kn. ngeruki lemah nganggo cakar (tmr. pitik); kc. cèkèr.
nyéok: (-i) engg. kn. ngrauk, ngraup; kc. céok.
nyèrèt: (-i) kn. ndokoki (mbathik lsp) sèrèt.
nyebat: (-aken) engg. k. nyebut(-aké); kc. sebat, sebut.
nyebit: (-i) kn. nyuwèk(-i); kc. sebit.
nyebrèt: (-i), nyebrut(-i) engg. pc. nyuwèk(-i); kc. sebrèt.
nyekut: (-i) pc. 1 nyolong pari ana ing sawah; 2 nggawa lunga; kc. cekut.
nyelang: (-i, -aké) n. nyambut(-i, -aken) k. engg: nyilih(-i, -aké); kc. selang.
nyembulih: (-i) kn. ak. 1 mulihaké; 2 ngrerapu, ngleremaké; kc. sembulih.
nyemprot: (-i) kn. nelesi lsp. sarana banyu lsp. disemprotaké; kc. semprot.
nyendhaki: (-aké) n. nyelaki(-aken) k: agawé luwih cendhak; kc. cendhak.
nyengker: (-i). 1 engg. mbethèki mubeng; 2 mligi nyedhiyani para luhur lsp. (tmr. wowohan lsp); 3 mingit prawan lsp; 4 k. ngurung; kc. sengker.
nyerak: (-i) I engg. nyedhak(-i); kc. cerak. II [x]-i kn: njalari serak; kc. serak.
nyethut: (-i) kn. 1. mbubuti wuli pari; 2. pc. nekuki athik-athikan tangan; kc. cethut
nyethot: (-i) kn. muliri pupu; kc. cethot
nyilir: (-i) engg. kn. ngilingi; kc. silir.
nyimpen: (-i) kn. ngrumati, ndhelikaké, nutup (wadi); kc. simpen
nyindik: (-i) kn. ngencengaké lsp. nganggo sindik; kc. sindik
nyindir: (-i) engg. nyemoni (sarana tetembangan) kc. sindir
nyinyih: (-en) pc. nyènyèh (-en)
nyingid: (-aké) engg. ak. ndhelik (-aké); kc. singid.
nyingir: (-i) kn. némbang mbarengi dikir lsp; kc. singir
nyiram: (-i) kn: ngesokaké banyu lsp. ing; kc. siram.
nylondhoh: (-i) kn. ngakoni kaluputané, ngandhap-asori; kc. slondhoh.
nyubak: (-i) engg. kn. cukup, nyukupi; kc. cubak.
nyubal: (-i) kn. ndokoki subal, nyampuri; kc. subal.
nyublak: (-i) ak. nyublek(-i) pc. nyoblosi, nyoblos lan nyuthiki; kc. cublak.
nyubles: (-i) kn. nyoblos(-i); kc. cubles.
nyublik: (-i) kn. 1 nyubleki, nyublaki; 2 ak. nacar; 3 nyupliki; kc. cublik.
nyudara: (-wèdi) kn. ak. kaya sedulur (mitra kang becik); kc. sudara.
nyudhing: (-i) engg. kn. nudingi; kc. cudhing.
nyukil: (-i) kn. 1 metokaké (nyuthik, nglèthèk) apa-apa kang kraket ut. kang dumunung ing jero; 2 pc. ngelong sathithik (tmr. pakarangan lsp); 3 ak. methik, nyuplik (buku lsp); kc. cukil.
nyuluh: (-i) engg. ak. 1 nyoloki, madhangi; 2 golèk iwak, manuk lsp; 3 (ut. [x]-[x]) golèk katerangan; kc. suluh.
nyunthel: (-aké) kn. nyugag crita (lelakon); kc. cunthel
nyurak: (-i) kn. ngelokaké sarana surak; kc. surak.
nyusahi: (-aké) pc. nusahi(-aké); kc. susah.
nyuwir: (-i) kn. nyebit(-i) ut. nyuwèk(-i) cilik-cilik; kc. suwir.
nyokèr: (-i) kn. ngorak-arik nganggo cuthik lsp; kc. cokèr.
nyoklèk: (-i) kn. mutung(-i); kc. coklèk.
nyokrèk: (-i) kn. nyokèri; kc. cokrèk.
nyomplong: (-i) kn. mbolongi; kc. complong.
nyonggah: (-i) engg. kn. 1 ngangkat (njongkèng) prau; 2 ngusung pari panènan digawa mulih; kc. conggah.
nyorak-nyarèk: (-nyarik) kn. ak. nggambari lsp. pating clorèk; kc. corèk.
nyorèk: (-i) kn. nggarit, nggaris, nggaleri; 2 engg. nanja; kc. corèk.
nyriyosi: (-aken) k. ngandhani, ngandhakaké; kc. criyos.
nyabyag: (-i),ngabyag(-i). ngabyak(-i) pc. ngampyak.
ngabyantara: (-nata) kw. ingarsaning (ratu).
ngabrit: (-i) k. ngabang(-i); kc. abang, abrit.
ngabruk: (-i) kn. nladhung (nyabut) ing suwiwi; kc. kabruk.
ngadèk: (-adèk)-aké kn. 1 dianggep adèn-adèn (barang kang adi); 2 ak. dibecik-becikaké; ngadèn-adèni ak: 1 ngaji-aji banget; 2 nggematèni banget; 3 engg. ngugung; kc. adi.
ngadul: (-adul)-i, ngadulaké kn. wadul marang; kc. adul, wadul.
ngajap: (-ajap) kn. ngarep-arep (mujekaké) supaya; kc. ajap.
ngadhuh: (-adhuh) kn. sesambat adhuh.
ngait: (-aké) rembug kn. ak. njanji, semayan; kc. sekait.
ngayam-alas: (-wana) kw. lunga nusup-nusup (dhedhemitan) kaya ayam alas.
ngalah: (-i) n. ngawon(-i) k: trima kalah; kc. kalah.
ngambat: (-i) engg. kn. nyendhal, narik; kc. ambat.
ngancam: (-ancam) kn. bakal milara (midana;sp); kc. ancam.
nganthèk: (-i) kn. 1 njilidi buku lsp; 2 nguntingi, mbentèli dadi ombyokan; kc. kanthèt.
nganggon: (-anggon)i n. nganggèn(-anggèn)i k: ngetrapaké panganggo ing; kc. anggo.
ngaripi: (-aké) kn. njalari karipan; kc. arip.
ngatèri: (-aké) engg. kn. ak. ngantèraké; kc. atèr.
ngater: (-aké) engg. kn. ngeteraké, nggawa (-mulih pari); ngateri engg: ngeteri (mènèhi apa-apa marang); ngater-ateri: 1 nuduhaké dalané; 2 ndokoki ater-ater; kc. ater.
ngathahi: (-aken) k. ngakèhi(-aké); kc. kathah, akèh.
ngaweng: (-i) kn. ak. ngubengi; kc. kaweng.
ngébat-ébati: (-aké) kn. ngéram-éramaké banget; kc. ébat.
ngebor: (-i), ngéboraké kn. 1 nyidhuki banyu dianggo ngelebi sawah; 2 golèk emas ing kali lsp; kc. ébor.
ngéguh: (-aké) engg. kn. ngiguhaké; kc. éguh.
ngéguh: (-éguh)i kw. njalari owah; kc. kéguh.
ngégoh: (-aké) engg. ngiguhaké.
ngèlèg: (-èlègi) engg. kn. 1 mbebéda, mbebengèk; 2 ngiming-imingi; kc. èlèg.
ngémah-émahaken: k. ngomah-omahaké; kc. omah-omah. ngéman: (-éman) kn. ngowel; ngemi-emi; kc. émah.
ngémba: (-émba), ngémbak engg. kn. niru; kc. émba.
ngèmbèt: (-èmbèt) kn. ngatut-ngatutaké, [ngatut-ngatut...]
ngéndrawila: (-wilis) kw: ireng gilap (tmr. rambut).
ngéntha: (-éntha) kn. 1 memetha kaya, ngéntra kaya; 2 nggagas-gagas; kc. éntha.
ngétang: (-i) k. ngétung(-i); kc. étang, étung.
ngétung: (-i) n. ngétang(-i) k. milang; kc. étung.
ngèwed-èwed: (-i) k. ngéwuh-éwuh(i); kc. èwed, éwuh.
ngebayan: (-i) kn. ak. dadi kebayan.
ngeban: (-i) kn. ngetrap ban; kc. ban.
ngebyuk: (-i) kn. ambyuk bebarengan ing; kc. byuk.
ngebyok: (-i) kn. ngilangi malam bathikan (babaran); kc. kebyok.
ngebom: (-i) kn. namakaké bom ing.
ngebrèh: (-ebrèh) kn. mbuwang dhuwit tanpa tanja, boros; kc. ebrèh.
ngedak: (-i) kn. 1 engg. ngidak; 2 ak. dak-menang marang; kc. dak, edak.
ngedir: (-edir)aké kn. ak. umuk (pambekan) déning kaluhurané lsp; kc. edir, dir.
ngedrèl: (-i) kn. 1 mbedhili (kanggo pakurmatan); 2 pc. njaluk lsp. adreng banget; 3 pc. nyerèt; kc. drèl.
ngejèk: (-i) engg. ngajak; kc. jèk.
ngejum: (-i) kw. 1 nata; 2 mbenakaké; kc. jum, ejum.
ngedhèm: (-i) engg. kn. ngedhèp, ndhèdhèki; kc. dhèm.
ngedheg: (-e)dhegi kn. njalari dheg-dhegan.
ngegas: (-i) engg. kn. nggertak (medèni).
ngeker: (-i) kn. 1 nampar supaya keker; 2 ak. nyimpen wadi lsp; kc. keker.
ngelong: (-i) kn. nyuda, ngurangi; kc. long, elong, kalong.
ngemendhir: (-i) kn. ngabani, manggedhèni; kc. kemendhir.
ngemil: (-i) kn. 1 mangan ditandho ing kemilan (ut. ing wang); 2 ut. ngemil-emil) mangan saka sathithik; kc. emil, kemil.
ngemput: (-i) kn. ak. nganti tutug (kemput); kc. kemput.
ngentheng: (-i) engg. kn. ndokoki kentheng.
ngenyak: (-enyak) pc. ngidak(-idak); kc. nyak, cak.
ngenyèk: (-enyèk) kn. ngidak, menyet; 2 pc. ngrèmèhaké; kc. enyèk.
ngengkir: (-i) engg. kn. ngentas (méméan lsp); kc. engkir.
ngeplong: (-i) engg. pc. mbolongi; kc. plong.
ngeras: (-i) kn. ngencengi: kc. keras.
ngeruk: (-i) kn. nyidhuk (ngureki) nganggo keruk; kc. keruk.
ngerod: (-i) engg. kn. ngesud (ngilangi) rereged; kc. kerod.
ngerotaké: (-untu) kn. nggathukaké untu nganti nywara; kc. kerot.
ngesèng: (-i) engg. kn. ngajak; kc. sèng.
ngetèng: (-i) kn. nyilihaké lengenan klambi lsp. sarana didondomi; kc. tèng.
ngetep: (-i) kn. minggiri; kc. ketep.
ngetum: (-i) engg. kn. mungkus lan nggodhog; kc. tum.
ngeceng: (-candu) kn. nyuthiki candu (ing bedudan); kc. ceng.
ngethek: (-i) kn. nywara thek-thek (sarana obahing ilat).
ngidulfitri: (-pitri, -pitir) (A) kn. pungkasaning pasa (lebaran).
ngijir: (-i) engg. pc. 1 njupuki saka sathithik; 2 métung; kc. ijir.
ngidhep: (-i) kw. sumungkem (ormat, bekti) marang; [x]-aké pc: meruhaké; kc. idhep.
ngileb: (-ileb)i kn. ak. ngelebi; kc. ileb.
ngiles: (-iles) kn. 1 ngidak-idak (wasuhan, pari lsp); 2 br. ngalahaké, nyiya-nyiya; kc. iles.
ngimba: (-imba) engg. ak. niru, nulad; kc. émba.
ngiming-iming: (-i) kn. meméngin; kc. iming.
ngimpun: (-i) kw. nglumpukaké; kc. impun.
ngindhik: (-indhiki) kn. marani alon-alonan arep ndekep (nyekel); kc. indhik.
ngintir: (-intir)aké kn. 1 nyugoni geni supaya mintir urubé; 2 (ngintiri ak) mènèhi saka sathithik; kc. intir.
ngingip: (-ingip)aké kn. nyungulaké pucuké sathithik; kc. ingip, mingip.
ngirat: (-i) kn. nyebiti pring lan disisiki; kc. irat.
ngiri: (-iri) kn. ak. ngatag akon tumandang; kc. iri.
ngirib: (-i) kn. ak. mirib, mèmper karo; kc. irib.
ngirih: (-i) kn. ak. ngresiki; 2 nyimpangaké iliné; 3 memiringi murih becik; kc. irih, kirih.
ngiris: (-i) kn. ngethok (natas lsp) nganggo lading; kc. iris.
ngirit: (-irit) kn. nggemèni (wetuning dhuwit lsp); kc. irit.
ngirup: (-i) kn. 1 engg. ak. ngumpulaké wong-wong (diajak ngraman lsp); 2 misaya iwak ing rumpon; kc. irup.
ngisas: (-i) kn. ak. ngukum pati; kc. kisas.
ngiteng: (-i) kn. mbenakaké (jala, jaring lsp).
ngicir: (-icir)-i engg. pc. ngècèri sathithik-sathithik; kc. icir.
nglayad: (-i), nglayat(-i) kn. tilik marang wong kasusahan lsp; kc. layad.
nglampus: (-i) kw. matèni; kc. lampus.
nglapis: (-i) kn. ndokoki lapisan; kc. lapis.
nglérob: (-i) kn. nyidhuki umpluk lsp; kc. lérob.
ngluruk: (-i) kn. nantang lsp. sarana kluruk; kc. kluruk.
nglokop: (-i) kn. nèsèti kuliting wit; kc. klokop.
nglonggor: (-i) engg. kn. milihi wulèn (dianggo winih); kc. longgor.
ngujar-ujar: (-i) kn. ngunèk-unèkaké; kc. ujar.
ngujeg: (-ujeg) kn. tansah njaluk (nagih); kc. ujeg.
ngujiwat: (-i) kw. nglirik, mlérok(-i); kc. ujiwat.
nguyeg: (-uyeg) kn. ngusek-usek (musus lsp) kertu lsp. supaya campur; kc. uyeg, muyeg.
ngulig: (-ulig) kn. ngginyer-ngginyer weteng (supaya mari lelarané); 2 nggarap (jago, kemiri lsp) supaya patohan; kc. ulig.
ngumbuk: (-ngeruk) kn. ak. tetumpukan akèh banget; kc. umbuk.
ngunjung: (-unjung)aké: numpuk munjung-munjung; kc. unjung, munjung.
nguni: (-uni) kn. ak. biyèn; kc. uni.
ngunyer: (-unyer) kn. manggon (kang krasa lara); [x]-i: ndakwa; kc. unyer, munyer.
ngupil: (-i) kn. 1 nglèlèti upil; 2 engg. mipili (jagung); 3 engg. ngopèli (cènggèr); kc. upil.
ngura: (-ura) kn. ak. ngudhar-udhar, njenggaraké; kc. ura.
ngurah: (-i) engg. ak. ngresiki wadhah lsp. nganggo banyu; kc. kurah.
ngusap: (-usapi) kn. 1 nggosokaké ing rai lsp; 2 ngulapi, ngresiki; kc. usap.
ngusar: (-usar)i kn. nglèlèdi diwratakaké; kc. usar.
ngusek: (-usekaké) kn. necek lan nggosok-nggosokaké (tegesan rokok lsp); kc. usek.
ngucek: (-ucek) kn. 1 menet-menet mata (nganggo driji); 2 ngremet-ngremet (wasuhan lsp, supaya resik); kc. ucek.
nguthut: (-i) kn. 1 mbesèti (nglolosi) godhong pari kang katut ing wulèn; 2 nyolong (methiki) pari ing sawah; 3 ngiyat, mbukak kertu (uga ént.) kc. uthut.
nguwik: (-uwik) kn. 1 nyuwik-nyuwik; 2 nguthik-uthik; kc. uwik, kuwik, nyuwik.
ngoglèng: (-oglèngaké) kn. ak. nyengkelit keris semu dicongataké; kc. oglèng, moglèng.
ngoyak: (-oyak) kn. 1 mbledig, mburu; 2 tansah nagih; kc. oyak.
ngoyog: (-oyog) kn. 1 nyekel lan ngobahaké (wong turu lsp); 2 ngobahaké supaya bali jejeg (tmr. cagak) ut. supaya amot akèh (tmr. goni lsp); kc. oyog.
ngoyot: (-i) engg. kn. ngirati lan nisiki (pring); kc. oyot.
ngolèh-olèhi: (-aké), ngangsal-angsali(-aken) pc. ngetokaké molé-molé; kc. molé.
ngoncèk: (-i) kn. ngilangi kulité; kc. oncèk.
ngoncèt: (-i) engg. kn. ngoncèki.
ngonclang: (-onclangaké) kn. ak. ngumbul-umbulaké (gegaman lsp); kc. onclang.
ngonthol: (-i) engg. kn. ngedhuk téla lsp. wité ora dirubuhaké; kc. konthol.
ngopyak: (-opyak)-i kn. ndhawuhi lsp. seru banget; 2 (ut. ngopyak-opyak) nundhung akon lunga kanthi swara seru; kc. opyak.
ngopyok: (-aké) kn. nelesi nganggo gombal lsp; kc. opyok.
ngopoh: (-i) kn. ngelapi nganggo gombal lsp. teles; kc. kopoh.
ngorog: (-orog) kn. 1 engg. ngoyag-oyag; 2 ngoyog-oyog; kc. orog.
ngoso: (-oso) kn. namakaké tembung sengol (sentak); kc. oso.
ngocak: (-ocak), ngocakaké kn. ngobah-obahaké mawali-wali (tmr. wadhah isi banyu, krambil lsp); kc. kocak, ocak.
ngothak: (-othaki) engg. kn. ngrucati (sandhangan, abah-abah jaran); kc. othak.
ngowak: (-i) engg. pc. ngrowaki, nyowèli; kc. kowèk.
ngraba: (-raba) engg. kn. nggrayangi, ngemèk-emèk; kc. raba.
ngrabuk: (-i) kn. 1 ndokoki rabuk (ing tetanduran); 2 engg. ak. nyampuri wur (wewangi) tmr. tembako; kc. rabuk.
ngrayah: (-i) kn. njarah, ngrebut; kc. rayah.
ngrayang-ruyung: (-royong) engg. kn. nandangi bebarengan; kc. rayang.
ngrampaki: (-aké) kn. ak. agawé rampak; kc. rampak.
ngrancas: (-i) engg. kn. mancasi, maprali; kc. rancas.
ngrangkud: (-i) kn. ngukudi (barang-barang) tumuli digawa lunga; kc. rangkud.
ngraup-pada: (-suku) kw. nyungkemi sikil, ngabekti.
ngracut: (-i) kn. 1 nyuwak, ngudhari, nguculi; 2 ndadèkaké siji, ngringkes; kc. racut.
ngrébang: (-i) engg. kn. ngréwangi nggarap (tetulung lsp); kc. rébang.
ngrèntèng: (-i) kn. nggandhèngi (nyunduki lsp); rerénténgan; kc. rèntèng.
ngrèncèk: (-i) kn. ngethoki pang (kayu); kc. rèncèk.
ngrengeng-rengengi: (-aké) kn. ngeneng-enengi bocah sarana rengeng-rengeng; kc. rengeng.
ngreseki: (-aké ak) kn. ora nyenengaké mungguhing pandeleng ut. pangrungu; kc. resek, kresek.
ngrikit: (-i) kn. nyokoti sathithik-sathithik; kc. krikit.
ngrimat: (-i) k. ngrumat(-i); kc. rumat.
ngringring: (-i) pc. ngayem-ayem supaya aring; kc. aring, ringring.
ngrukub: (-i) kn. nutupi, ngemuli; kc. krukub.
ngrumpuk: (-i) engg. kn. numpuk, nungsun; kc. rumpuk.
ngrungkad: (-i) engg. [x]-aké kn. ngembrukaké wit saoyodé; kc. rungkad.
ngrutug: (-i) kn. mbalangi (mbedhili lsp); kc. krutug.
ngruwik: (-i) pc. nyuwik(-i); kc. kruwik.
ngrobyong: (-robyong) kn. ndokoki gegodhongan lsp; kc. robyong.
ngrobong: (-i) kn. nutupi nganggo krobong (geber lsp); kc. krobong.
ngroda: (-pari)peksa kn. meksa, njiyat; kc. roda.
ngrojong: (-i) kn. njurungi, mupakati, ngombyongi; kc. rojong.
ngrokot: (-i) engg. pc. ngrakot; kc. krokot.
ngrowok: (-i) kn. mbolong(-i) lsp. nganti krowok; kc. krowok.
udal: (-an) kn pambuwaling banyu saka ing tuk; kc. mudal.
ujan-ujan: (-an) kn (wong, kelakuan) kang diuja.
ulah negara: (-praja) br (babagan) ngiguhaké adeging negara.
ulu-bekti: (-pekti) kw: bulu-bekti.
upyek: (-upyekan) kn ramé padha omong (marga kélangan lsp).
uput-uput: (-jeput) engg. kn. ak ésuk umun-umun; kc. umun-umun.
obrol: (-an) kn 1 pc. omong gegorohan umuk-umukan; 2 engg. paomongan, kandha; di-[x]-[x] engg: didhudhah diudhal-udhal; di-[x]-aké pc: diomongaké (kanthi umuk-umukan); ng-[x] pc: omong gegorohan umuk-umukan.
odhèg: (-an) kn lodhèg, oglak-aglik marga ora seret anjing-anjingané; di-[x]-aké: dilodhègaké, diogak-ogak.
onder: (-dhistrik) (W) kn 1 (ut. onderan) wewengkon péranganing dhistrik; 2 engg. pc. asistèn-wadana; (ka-)[x]-an: omahé asistèn-wadana.
oncèn: (-oncèn) kn kembang dironcé (rerengganing ukiran lsp).
opah: (-an) n. épah(-an) k pituwasing kangélan (nggegarap lsp); di-[x]-i: diwènèhi opah; di-[x]-aké: diburuhaké, dikon nggarap ing liyan nganggo ngopahi.
opèn: (-an) kn keladuk enggoné seneng migatèkaké (njupuk lsp) barang kang cilik-cilik (kang kurang pangaji); di-[x]-i: 1 engg. dirukti; 2 digumatèni.
opyak: (-opyak) kn 1 alok kélangan (kemalingan lsp); 2 énggal sumebar lan kasumurupan ing akèh (tmr. pawarta); di-[x](-[x])-i: 1 didhawuhi lsp. seru banget; 2 (ut. di-[x]-[x]) ditundhung dikon lunga (kanthi dibengoki).
osik: (-ing ati) br tuwuhing gagasan, krenteging ati; di-[x]-aké br: diélingaké (déning kang kawasa); kc. mosik.
pajar-jero: (-gidib, -ireng) kn. wayah ngarepaké bangun ésuk.
pait-juruh: (-gula, -kilang, -madu) kn. legi (manis) banget.
payung kalong: (-lawa, -motha) kn. payung kang digawé bngs. motha (lumrahé ireng).
pala-gumantung: (-kirna) kn. woh-wohan kang gumandhul ing wit.
pala-krama: (-krami) kw. 1 pakurmatan, taklim; 2 bebojoan, rabi (laki).
para: I kn. panerang kang mratélakaké akèh, up. [x] bupati; [x] (kang) ...: wong-wong kang ... II kn: (-telu, -pat, -lima, -nem lsp): 1/3, 1/4, 1/5, 1/6 lsp; di-[x] (-telu, -papat lsp): dibagé (dipérang) (dadi 3, 4 lsp); di-[x]-[x] (peparanan ak): dipérang-pérang, diprinci-princi; kc. paran. III kn: ora adèn-adèn, ala jinisé, up. piring [x]. IV pepara kw: lelungan mider-mider (mbebedhag, cangkrama lsp); diparani n. dipunpurugi k. ditedhaki ki: dicedhaki, ditekani; kc. paran, mara. V kw: kowé, -mu; kc. pakenira. VI pc: rada ...; kc. kepara. VII kn: bakul ngedolaké mas-inten lsp; pepara: bebakulan mrana-mrana. VIII engg. kn: paga.
pasangan kosongan: (-kothongan) kn. bata (watu) kang dipasang tanpa diplestèr.
pasang grahita: (-cipta) br. sumadhiya supaya bisa mangerti.
pater: I kw. gludhug, bledhèg. II kn. ak: (-gadhé, -pyun lsp) wong kang ngepak gadhéan, apyun lsp.
pacar: (-banyu, -cina, -kuku) kn. ar. tetuwuhan (pacar kuku sok dianggo ngabang kuku); di-[x]: diabang nganggo pacar kuku (tmr. kuku).
pathok-bangkrung: (-bangkrong) kn. 1 pc. tetep, ora bisa owah; 2 wis ditetepaké ora kena dienyang.
pétang: (-an) k. pétung(-an).
perlip: (-perlipan) engg. pc. dhemenan.
petok: (-petok) pc. pepindhan swaraning babon.
pilih asih: (-kasih) kn. ora adil, ana salah siji kang diesihi.
pilih bobot: (-tandhing) kn. ak. arang-arang kang bisa nandhingi.
plerak-pleruk: (-plerek ak). katon peteng ulaté.
pulang-asmara: (-gati, -hyun, -lulut, -sari, -sih, -raras, -resmi) kw. sacumbana, wor-salulut.
pondhok gamblok: (-glongsor, -kringkel, -ringkuk, -slusup, -sumpel, -tlosor) kn: wong kang nunut manggon ing omahing liyan.
pondhok karang: (-rompok, -tèmpèl) kn. wong kang ngindhung ana ing pomahaning liyan.
pratanggakara: (-pati) kw. srengéngé.
randha-maya: (-semaya) kn ar. lurik.
rebut urip: (-koripan): padha ngungsi murih bisa urip.
rebut para: (-paran): padha ngungsi mlayu.
rumaja-putra: (-putri) kn: umur-umurané bocah lanang (13 taun) bocah wadon (11 taun).
sajeg: (-jumbleg) kn. salawasé urip.
salah wèngwèng: (-wèwèng) kn. tumindak (mlaku, nyambut gawé) ora tumemen (ndadak dolanan lsp).
sambang leles: (-lelet) engg. kn. nggrajag getih sabakdané duwé anak.
samber-ilèn: (-lilèn, -ilèr, -lilèr) kn. ar. kéwan bngs. kwawung elaré ijo gilap.
sanatiku: (-mu, -né) pc. prasan-atiku (-mu, -né).
sanèngga: (-né) engg. menawa, ing saupama.
sapu udhar: (-wedhar) engg. kn. 1 udhar; 2 panduman nggarap gawé ing padésan.
sapragi: (-né) kn:sauba-rampéné kabèh.
satuhu: (-né) kn. sanyatané, satemené.
sathek: (-kliwer) pc. sakèh, sakabèhé, ngendi baé.
sawèhwèhyan: (-nèn) engg. pc. wis wetara suwéné, sawènwèn.
sèndhak: (-pama), sèndhaka, sèndhaknéya engg. manawa, saupama.
sèrèg: (-an) engg. kn. rikat.
sérong: (-an) kn. semu mèncèng (ngéwas); di-[x]: digawé mèncèng (ora jejeg).
sètu: (-banda) (S) kw. bendungan, kreteg.
sega gurih: (-liwet, -uduk, -wuduk) n. sekul gurih (-liwet, -uduk, -wuduk) k. sega dicampuri santen.
sega mas: (-punar) n. sekul jené (-punar) k: sega dikuning ing kunir.
sega penak: (-pulen) n. sekul penak (-pulen) k. sega diangi.
segseg: (-an) engg. kn. rikat, énggal.
sekait: (-an) kn. sekuthon, wis sarembug dhisik.
selang-gumun: (-en) engg. kn. gumun banget.
semagar: (-an) engg. kn. kanthi temen-temen (mempeng).
sembarang: (-an) kn. sapa ut. apa baé; digawé [x]-an: dianggep rèmèh.
sembèr: (-lèwèr) kn. geleman (lanji) tmr. wong wadon.
semborot: (-an) engg. kn. palanyahan.
semprot: (-an) kn. piranti dianggo nyurataké banyu lsp; di-[x](i): disiram lsp. sarana semprot; di-[x]-aké: 1 disiramaké sarana semprot; 2 disemburaké.
senagi: (-a) engg. senadyan.
senthong: (-an) kn. guthekan ing sajroning omah (dianggo papan turu lsp); [x] tengah: senthong ing tengah-tengahing omah buri (dianggo nemokaké pangantèn lsp).
senggak: (-an) kn. nywara giyak aramé mbarengi (nyambungi) unining gamelan (sindhèn); di-[x]-i: dibarengi ing senggakan.
setabel: (-an) kn. prajurit nggawa mriyem.
setya: (-tuhu) kn. tansah mantep ing pasuwitané, ora gelem nglungani bendarané lsp. senadyana wis ora ana pamrihé (ana bebaya lsp); disetyani: 1 dituhoni; 2 dijanjèni, disaguhi; setyan(-an) ak: semayan, kencan.
sindu: (-upaka) kw. banyu, kali.
sindhèt: (-an) kn. bundhelaning tali (tampar lsp); di-[x]: dibundheli tmr. tali lsp.
sindhung: (-riwut) kw. angin gedhé, prahara.
sinung: (-an) kw. diwènèhi; kc. sung.
sinthing: (-an) kn. 1 gombyoking layangan ing kiwa tengen; 2 jentharing iket ing sakiwa tengening mondholan.
sipat banyu: (-toya k); wrata kaya lumahing banyu.
sisip-sembir: (-é) kn. luput-luput, kurang-kurang begjané.
slèdèr: (-an) kn. 1 nglirwakaké wajib; 2 engg. seneng ngumukaké sandhang panganggoné.
slingkuh: (-an) kn. 1 ora barès; 2 nganggo dhuwit lsp. sing dadi tetanggungané; 3 plingkuran, rikuh; di-[x]-aké: dianggo dhéwé (tmr. dhuwit lsp. sing dadi tetanggungané).
suka-lila: (-rila) kn. kanthi senenging ati sarta lila.
suka-nrima: (-sokur, -panarimah) kn. matur nuwun.
sumagar: (-an) engg. kn. kanthi temen-temen, mempeng.
sumugih: (-sugih) kn. ambek sugih.
soglèng: (-an) kn. semèn ing antarané godhong karo wit (tmr. tembako); di-[x]-i pc: dipethiki soglengané.
solok: (-an) engg. kn. kalèn, kalènan; kc. slokan.
soté: (-né), sotèn engg. 1 luwih-luwih, luwih manèh; 2 mula pancèn; 3 kambi, sembari.
tambang-parantian: (-parantéan, -prantiné) br. padunungan (omahé, asalé).
tambel-butuh: (-sepi engg) kanggo nyampedi kabutuhan.
tani-bentik: (-yutun) kn. tani banget.
tembarok: (-an) engg. kn. susuh (omah) semut lsp.
tenan: (-an) pc. n. temen, temenan.
tepis-iring: (-wiring) kw. tapel wates.
terkadhang: (-an) kn. 1 sok, kala-kala; 2 bok menawa; [x] ..., [x] ... gèk ..., gèk ...; kc. kadhang.
tlacar: (-an) kn. njenggar mrana-mrana tmr. oyod lsp.
tlekem: (-an) kn. cepukan wadhah rokok.
tundhon: (-é) engg. pc. wasanané, temahané.
tutup kuping: (- mulut) pc. pawèwèh minangka besel.
cekethak-cekethik: (-cekuthik) pc. pating clekuthik.
ciwèk: (-gambrèng) engg. kn. cingèng (gampang nangisé).
wadya: (-bala) kw. prajurit.
wayang golèk: (-thengul) n. (ringgit - k): wayang kang awujud golèk.
wayang klithik: (-krucil) n. (ringgit- k): wayang sing digawé kayu diwangun saèm. wayang wlulang, nyritakaké lelakoné Damarwulan.
wayang kulit: (-wlulang) n. ringgit kulit (-wacucal) k: wayang sing digawé wlulang, nyritakaké lelakon ing jaman purwa (para Pandhawa).
walang-ati: (-atèn) kn. sumelang, kuwatir.walang gambuh kn. ar. walang sing wadon luwih gedhé tinimbang karo sing lanang; malang gambuhi: bebojoan sing lanang kalah gedhé karo sing wadon.
walang-kayun: (-kapti, -karep, -kajeng, -tyas) br. walang-ati.
walik-dami: (-damèn), walikan engg. kn. nandur pari sing kapindhoné (ing mangsa katiga).
wandu-wandawa: (-warga) kw. sanak sedulur.
wancah-driya: (-galih) kw. walang-ati (sumelang).
welas-arep: (-arsa, -ayun) kw. welas-asih.
wulu kalong: (-langseb) kn. wuluning awak kang lembut sarta lemes.
wulu-pametu: (-wetu) n. wulu pamedal, (-wedal) k. wowohan lsp. pametuning palemahan.