Menyang kontèn

yèn

Saka Wikisastra, bausastra mardika
(Kaelih saka yen)

yèn (ꦪꦺꦤ꧀) [jv]

Definisi

krama/ngoko

  1. tembung panggandhèng nélakaké isih janggelan, upama: yèn kowé gelem, tekaa!;
  2. nélakaké waktu (samangsa), upama: yèn bapakmu wis teka, undangen mréné;
  3. mungguh ing, tumrap ing, upama: yèn aku emoh, dikon nggarap garapan kaya ngono kuwi;
  4. menawa, bok menawa, upama: beneré baé aku kuwatir yèn ora sida;
  5. mundhak, upama: aja sok dolanan ana ing pinggir sumur, yèn kecemplung lo!;
  6. panggandhèng nélakaké kateranganing gunem utawa pangira (bilih), upama: Bapak wis ngandika, yèn aku ora sida diutus menyang Sala;
  7. (yèn ... -a) mungguha, saupama; upama: Si Suta kaé yèn sugiha mèmper, lah wong pametuné akèh.
Delengen uga

Kata kunci/keywords: arti yèn, makna yèn, definisi yèn, tegese yèn, tegesipun yèn