dadi
Praèn
Definisi
| Ngoko | Krama |
|---|---|
| dadi | dados |
- ana utawa maujud saka ing ora ana (ora maujud) déning daya (kuwasa lsp), upama: dadiné sarana cipta;
- madeg (ngrenggep pangkat, sipat lsp) kaya kang kasebut, upama: dadi bupati;
- malih kaanané maujut, upama: dadi awu;
- wis rampung panggarapé (panggawéné), upama: klambiné wis dadi:
- mujudi kaya kang kesebut ing crita lsp. upama: Mas Nata dadi Gathutkaca;
- lulus (ditampa) enggoné ngleboni èksamen;
- kelakon kaya kang disedyakaké (dijangka), upama: enggoné jejodhoan bisa dadi; enggoné nyambut gawé dadi
- sida, kelakon, ora jugar, upama: prakatané apa dadi; rembugé ora dadi;
- kalah banjur kudu nggolèki lsp. tmr dolanan jèlungan, gobag lsp;
- nitik apa kang kasebut, satemah ..., upama: dadi kowé ta sing njupuk layangku;
- pc marga saka iku, upama: jenèh disrengeni baé, dadi njur ora krasan;
- (ut. dadia) senadyan (mengkono), upama: dadia disilihaké, bok iya sing wis lawas baé;
- (ut. dadiné) kang iku, marga saka iku, mulané;
Pengucapan:
- Golèki kabèh kaca sing duwé tembung "dadi"
- Golèki kabèh kaca sing duwé sesirah "dadi"
- Tembung sing terhubung karo "dadi"
Kata kunci/keywords: arti dadi, makna dadi, definisi dadi, tegese dadi, tegesipun dadi