Wikisastra:Bausastra Jawa/ya
Praèn
ya
| Ngoko | Krama |
|---|---|
| Bausastra Jawa/ya | Bausastra Jawa/ya |
- aro pitakone, upama: apa iki bukumu? ya;
- nelakake sumanggêm, saguh, mupakat, gêlêm, upama: Sesuk mênyanga pasar! ya;
- uga, uga mêngkono, upama: kowe mlarat, aku ya mlarat;
- pancèn, mula nyata, upama: ya mèmpêr rêga sêmono;
- nelakake yèn padha bae, upama: Radèn Dananjaya ya Radèn Janaka;
- lan uga, lan manèh, upama: mantumu kuwi ya anake wong sugih ya priyayi;
- dianggo ngantêbake surasane pitakon utawa pamênging, upama: Sapa ya sing njupuk? Aja dianggo dolanan ya!;
- sabawa saèm. dhuh, upama: ya tallah têmên!;
- nelakake yèn têmbunge sing buri diantêbake surasane, upama: ya wis, ya uga;
- mêngkono (mau) upama: ya yèn gêlêm, yèn ora kêpriye? Ayake (-i)ya!
Kacocogna karo iya.
Etimologi
- Golèki kabèh kaca sing duwé tembung "Bausastra Jawa/ya"
- Golèki kabèh kaca sing duwé sesirah "Bausastra Jawa/ya"
- Tembung sing terhubung karo "Bausastra Jawa/ya"
Kata kunci/keywords: arti Bausastra Jawa/ya, makna Bausastra Jawa/ya, definisi Bausastra Jawa/ya, tegese Bausastra Jawa/ya, tegesipun Bausastra Jawa/ya
Sapérangan utawa kabèh teges sing kaamot ana ing kaca iki dijupuk saka Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939. Teges-tegesé sing luwih genep bisa digolèki ing Leksikon sastra.org.