gawé
Praèn
(Kaelih saka gawe)
Definisi
| Ngoko | Krama |
|---|---|
| gawé | damel |
- pakaryan, kawajiban sing ditindakaké; upama:
- adol gawé: ngumuk-umukaké kasregepané;
- wis metu gawéan: wis bisa tetulung makarya;
- andum gawé: mbagé kawajiban sing arep ditindakaké;
- dadi gawé: njalari kepeksa nindakaké apa-apa, nusahaké;
- kèri ing gawé: kèri enggoné tumandang, kèthèr;
- tumandang ing gawé: nindakaké pakaryan;
- dudu gawéné: dudu kawajibané;
- prakara sing perlu ditindakaké, upama:
- ana gawé parigawé: yèn ana gawé kabèh diwajibaké dadi prajurit;
- guna paédah, kaperluan; upama:
- ora ana gawéné: ora ana gunané;
- bisa olèh gawé: bisa kelakon kang disedya;
- éwuh mantu, tetakan lsp; upama: si Suta lagi duwé gawé;
- (utawa agawé) tumandang nganakaké apa-apa, upama: gawé omah;
- Golèki kabèh kaca sing duwé tembung "gawé"
- Golèki kabèh kaca sing duwé sesirah "gawé"
- Tembung sing terhubung karo "gawé"
Kata kunci/keywords: arti gawé, makna gawé, definisi gawé, tegese gawé, tegesipun gawé