laku
Praèn
Definisi
| Ngoko | Krama | Krama inggil |
|---|---|---|
| laku | lampah | tindak |
- obah maju sarana napakaké sikil;
- tumindak, obah maju, ora mandheg, upama: laku-ning sepur; laku-ning dhuwit;
- lelungan; upama: tumuli mbanjuraké laku-né;
- kawajiban nindakaké ayahan kraton, upama: nggantung laku, nampa laku;
- cara, patrapé anggoné nindakaké, upama: durung ngerti lakuné étungan iki;
- patrap, solah-tingkah, upama: ngenggoni laku-ning satriya;
- sesirik utawa tapabrata, upama: turuné wong ahli laku;
- engg payu, upama: jarit iki yèn diedol ana ing Sala ora laku;
- kèhing wanda ing dalem sapada tmr. tembang gedhé, upama: tembang Witana kuwi laku wolu;
- Golèki kabèh kaca sing duwé tembung "laku"
- Golèki kabèh kaca sing duwé sesirah "laku"
- Tembung sing terhubung karo "laku"
Kata kunci/keywords: arti laku, makna laku, definisi laku, tegese laku, tegesipun laku